Ramal Kertu utawa kartomansi kui ramalan utawa divinasi nggunakaké sekumpulan kertu. Dhapuré ramal kertu dikenal sasampunipun gim kertu padha pisanan metu menyang Eropah ing abad kaping 14.[1] Praktisi ramal kertu kang racaké dikenal minangka peramal kertu (cartomancers), pewaca kertu, utawa mung mau pewaca.

Fortune Teller, déning Art Nouveau pelukis Mikhail Vrubel, ingkang nggambaraken cartomancer

Ramal kertu/kartomansi iku salah siji bentuk ramalan kang tuwa dhéwé. Ing nagara kang nganggo basa Inggris biasane bentuk ramalan kertu kui maca kertu tarot. Kertu tarot biasane dienggo kusus ing panggonan iki.[2]

Ramal kertu kang nggunakaké gim kertu iki kang paling populer ing abad 18, 19 lan abad kaping 20. Ning nagara kang nganggo basa Inggris, kertu tarot kui kang luwih umum digunakaké, nanging standar kertu kelompok saka Anglo-Amérika bridge/poker yo tetep dienggo, (contoné, 52-kertu, jumlah kertu papat kelompok) uga bisa digunakaké; kelompok asring ditambah karo joker, lan malah kertu kothongan ditemokaké ningkumpulan kertu. Ing Prancis, kertu piquet kang jumlahe 32 kui jinis kang biasane digunakaké kanggo ramal kertu, sanajan 52 kertu kelompok uga bisa digunakaké. (jinis piquet kui bisa jumlahé 52 kertu banjur kertu nomer 2 nganti 6 ditokné. Sik isih dienggo kui nomer 7 nganti nomer 10, kertu wong, lan as.)

Cara besut

Cara kang paling populer nggunakaké kertu iki nganggo kertu remi biyasa kang dijikuk saka Roda Rejeki.[3] Ning kené, pewaca misahke ngacak kertu lan gawé kertu kusus (significator) kanggo wong-wong mau dhedhasar supaya padha milih. Sanadyan interpretasi saka warna-warna kertu bisa béda gumantung déning tlatah, lumrahé kertu kusus kui bisa dibagi koyo ning ngisor iki:

Referensi besut

  1. Huson, Paul (2004).
  2. Knight, Jan (1980). A-Z of ghosts and supernatural. Pepper Press. kc. 15–6. ISBN 0-560-74509-5.
  3. "Cartomancy". The Element Encyclopedia of the Psychic World. Harper Element. 2006. kc. 99.

Pranala njaba besut