Waggonbau Bautzen

Waggonbau Bautzen iku sawijining pabrik wahana ril darbèné firma Bombardier Transportation ing kutha Bautzen, Sachsen, Jerman sisih wétan. Pabrik iki sajarahé wis punjul 165 taun. Sajeroning firma Bombardier, pabrik iki mligi nggawé wahana trèm lan sepur métro utawa lightrail (camboran antara sepur lan trèm).

Sajarah besut

Wiwitané besut

 
Gambar Pabrik ing Bautzen ing tengah tegal papan angon sato kéwan.

Ing taun 1846 ana pabrik cor-coran wesi lan pambangunan mesin Petzold & Center. diadegaké. Ing bèngkèl iki ana 20 mesin sing diobahaké déné sawijining gilingan banyu sing papané ana ing kali Spree. Biyèn pabrik iki yasa mesin, piranti lan onderdil mesin saka wesi, logam lan kayu.[1] Ing taun 1872 perusahaan iki didadègaké firma mawa jeneng Maschinenfabrik Melzer & Co. Kommanditgesellschaft. Ing taun 1878 produksiné ditambah karo mesin setum (mesin kukus utawa uwab), kètèl, mesin transmisi lan rodha-rodha kincir banyu. Déné dhasar pabrik wahana ril modhèren nalika iku dianakaké.[2]

Nalika jaman Kakaisaran lan Républik Weimar besut

Banjur Maschinenfabrik Melzer & Co., ing taun 1897 nggabung karo pabrik Wagenbauanstalt von W.C.F. Busch sing diadegaké ing Hamburg taun 1867. Firma iki mligi nggawé trèm lan gerbong trèm listrik. Wiwit taun 1903 firma iki ndarbèni jeneng Waggon-und Maschinenfabrik Aktien-Gesellschaft vorm. Busch. Ing mangsa sawisé nggabung, gerbong-gerbong mligi digawé ing Hamburg. Ing Bautzen pabriké lagi dimodèrnisasi. Ing sakiwa-tengené taun 1900, ing lokasi Bautzen uga digawé pompa Pemadam Kebakaran mawa tenaga kukus.[3][4][5]

Nganti taun 1901 pabrik loro iki mligi mrodhuksi kréta listrik. Nanging sawisé pasar kanggo komoditi iki anjlog, banjur gerbong-gerbong barang lan kréta panumpang ukuran cilik lan gedhé uga digawé.

Ing taun 1911 pabrik ing Bautzen sasasiné bisa nggawé antara 150 – 200 gerbong sepur.

Ing taun 1928 perusahaan iki nggabung karo Waggonfabrik Werdau saka Werdau lan Linke-Hofmann-Werken ing Breslau. Firma anyar iki ndarbèni jeneng Linke-Hofmann-Busch-Werke Aktiengesellschaft. Ing taun 1934 firma iki dipérang dadi sawatara perusahaan. Pabrik ing Bautzen iki dadi salah siji saka rong pabrik sing didarbèni firma iki mawa kantor pusat in Berlin lan ndarbèni jeneng Waggon-und Maschinenfabrik Aktiengesellschaft vorm. Busch. Ing taun 1941 pabrik iki dicaplok Grup Flick.

Sawisé Perang Donya II besut

 
Ing Jerman Wétan uga dibangun gerbong barang kanggo kaperlon panambangan

Sawisé Perang Donya II, kutha Bautzen papané ana ing zona pendhudhukan Uni Sovyèt. Pabrik ing Bautzen iki dinasionalisasi lan akèh praboté diboyong menyang Uni Sovyèt minangka pampasan perang. Ing tanggal 22 Mèi 1945, para buruh sing isih turah padha wiwit resik-resik pabrik. Rong dina sawisé iku, Paul Symmank diangkat dadi dirèktur pabrik déning Komandan Kutha Sovyèt. Ing pérangan pangolahan kayu, pethi-pethi bandhosa kanggo wong-wong sing palastra sajeroning Paprangan Bautzen digawé.

Pabrik Bautzen sawisé iku diwènèhaké marang administrasi pamaréntahan praja Sachsen. Ing tanggal 1 Agustus 1946 Aktiengesellschaft für Transportmittelbau das Werk administrasi Uni Sovyèt ngoper pabrik iki. Sawisé iku ing tanggal 1 Maret 1947, para panggedhé Sovyèt mènèhaké pabrik iki marang rakyat. Nganti révolusi ing taun 1989, pabrik iki dadi darbèné Vereinigung Volkseigener Betriebe des Lokomotiv-und Waggonbaus (dicekak dadi: VVB LOWA, banjur sawisé iku: VEB Kombinat Schienenfahrzeugbau der DDR).

Pamaréntah Jerman Wétan ngwajibaké pabrik-pabrik gedhé supaya uga mrodhuksi prodhuk-prodhuk konsumsi massa. Ing dasawarsa 1960-an, pabrik iki dadi wiwit mrodhuksi antène TV lan sambungan mobil karavan. Prodhuksi sambungan mobil karavan dilakoni nganti dasawarsa 1980-an mawa jeneng mèrek Bastei. Banjur ing pabrik Bautzen iki mbiyèn uga ana biro désain sambungan sepur otomatis proyèk makarya sama antara Jerman Wétan lan Uni Sovyèt.

Sawisé Révolusi 1989 besut

 
Sawijining sawangan sajeroning Pabrik ing Bautzen (2006)

Sawisé Jerman manunggal manèh ing taun 1990, pabrik iki diganti jeneng dadi Waggonbau Bautzen GmbH ing tanggal 14 Juni 1990. Banjur pabrik iki digabung karo pabrik-pabrik sepur liyané, ya iku Waggonbau Dessau, Waggonbau Görlitz, Waggonbau Ammendorf, Waggonbau Niesky, Lokomotivbau Elektrotechnische Werke Hans Beimler Hennigsdorf lan Waggonausrüstungen Vetschau ing Jerman Wétan dadi Deutschen Waggonbau AG (DWA) ing taun 1995. Ing taun 1995, pabrik-pabrik sing sadurungé swatantra iki nggabung dadi Deutschen Waggonbau AG. Banjur Waggonbau Bautzen GmbH dadi DWA Werk Bautzen (DWA lokasi Bautzen). Sawisé dicoba sawatara kaping Treuhandgesellschaft kanggo ngedol DWA, wusanané sida payu. DWA dituku déning invèstor Advent International. Ing tanggal 2 Fèbruari 1998 pabrik ing Bautzen iki dituku déning pabrik sepur Kanada Bombardier. Ing taun 2012 pabrik iki isih ana lan ndarbèni kurang luwih 1.000 karyawan. Pabrik iki ambané 30,1 hektar. Sajeroning grup Bombardier, pabrik iki ndarbèni tanggung jawab minangka punjer nggawé gerbong trèm lan métro. Saliyané iku Bautzen uga ndarbèni piranti kanggo nglakoni tès-tès dinamis lan aboté gerbong sepur.

Rujukan besut

  1. "ba-bautzen.de: Die Eisenbahn erreicht Bautzen-eine Triebfeder der industriellen Entwicklung". Diarsip saka sing asli ing 2007-10-30. Dibukak ing 2012-10-24. {{cite web}}: Unknown parameter |accessed= ignored (pitulung)
  2. "ba-bautzen.de: Erste Pferdebahnwagen bilden die Ausgangsprodukte für den Schienenfahrzeugbau". Diarsip saka sing asli ing 2007-10-30. Dibukak ing 2012-10-24. {{cite web}}: Unknown parameter |accessed= ignored (pitulung)
  3. Das Deutsche Eisenbahnwesen der Gegenwart, 1991:201, Verlag Reimer Hobbing, Berlin
  4. "amkkupplung.de.vu: Der Dampfspritzenbau". Diarsip saka sing asli ing 2011-11-20. Dibukak ing 2012-10-24. {{cite web}}: Unknown parameter |accessed= ignored (pitulung)
  5. "ba-bautzen.de: Von der Eisengießerei zum international wirkenden Großbetrieb-eine (hoffentlich) unendliche Geschichte". Diarsip saka sing asli ing 2009-09-16. Dibukak ing 2012-10-24. {{cite web}}: Unknown parameter |accessed= ignored (pitulung)

Sumber besut

Uga delengen besut

Pranala njaba besut