Wangsalan iku unèn-unèn cangkriman nanging iku dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha kang wujud ukara:

  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Tuladha kang wujud tembang:

  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta kang muroni'
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. " Baon sabin ing nawala
  7. Kinarya langen pribadi

Batangane:

  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = Anggur
  • Baon sabin = karya.

Jenisé Wangsalan besut

  • Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadéan saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra kang isi batangané.

Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

  • Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan kang isi batangane punjul siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijiné ukara kadadéan saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.

Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yèn wonten lepat kawula

  • Wangsalan memet yaiku wangsalan kang carané nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.

Tuladha: Uler kambang, yèn trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

  • Wangsalan padinan yaiku ana kang nganggo mratélakaké batangane, la nana kang tanpa mratélakaké batangane, marga wong-wong kang pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).

Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.

  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu

Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kapérang dadi loro, yaiku:

Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadéan saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan: gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golèk kawruh rahayu.(reca kayu = golèk)

Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan punjul siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadéan saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:

Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda

Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda

Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya

Wulang wido mangsa rowang = bido

  • Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan kang mawa paungeran.
  1. Unen-unene kadadéan saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadéan saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda)
  3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.

Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.

  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.

Tuladha: Sinom

Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.

Petis manis = kecap

  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake déning pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah kang padha manembrama).

Tuladha:

Pangkur Lamba (slendro Pasisirt 9)

Purwaka (buka,Basa)

Kembang adas sumebar ing tengah alas

Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras

Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan

Wiwit gerong kang baku

Lagu gendhing pangkur lamba

Maweh gumirah wardaya

Tur mathuk kinarya aba

Lumaku bareng ulah raga

Balung jagung:maksude janggel

Janggelan = during tetep, isih kudu janji manèh, sendhe, bisa uga wurung.

Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah takimpi-impi, sajeroning ati kangenku setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati, kangen wong kangen ngene-ngene rasané, rindhu-rindhu tambane kudu ketemu, klapa mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang nandhang kasmaran, mbalung janur wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen kang olèh jampi

  • Carané ngarang wangsalan kang dikarang luwih dhisik, pérangan buru (ukara kang isi batangane), banjur ngarang pérangan ngarep (ukara kang isi wangsalane). Dadi pangarangé pérangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.

Uga delengen besut