Wolfgang Lotz (Mannheim, Jerman, 6 Januari 1921München, Jerman, 13 Mèi 1993) iku spion utawa agèn rahasya Israèl. Lotz iku dadi misuwur amarga informasi intelijèné bisa nyumbangsih kamenangané Israèl nalika Perang Enem Dina nglawan Mesir ing taun 1967.

Wolfgang Lotz

Latar wuri besut

Lotz duwé bapak Jerman lan ibu uga Jerman nanging ana katurunan Yahudi. Dhèwèké lair ing kutha Mannheim, Jerman ing taun 1921. Nanging wong tuwané dudu wong kang fanatik marang agama. Mulané Wolfgang Lotz ora disunat kaya déné wong Yahudi. Ing taun 1931 wong tuwané pegatan lan nalika Adolf Hitler munggah kakuwasan ing taun 1933, Wolfgang ndhèrèk ibuné ijrah marang Palestina. Nalika iku Palestina isih dadi tlatah mandhat kang diurusi déning Britania Raya utawa Inggris utawa sajatiné dadi de facto jajahan Inggris. Banjur ing Perang Donya II, Lotz nyambut gawé ing Angkatan Dharat Britania lan amarga dhèwèké baud ing basa Jerman diwèhi tugas interogasi tawanan perang Jerman ing Mesir.

Sawisé Perang Donya II, Lotz banjur ngréwangi laskar Haganah lan nylundhupaké sanjata menyang Israèl. Banjur nalika Krisis Terusan Suez ing taun 1956, dhèwèké mèlu perang ing Tentara Israèl lan nduwé pangkat Mayor.

Agèn rahasya Israèl besut

Nyedhaki Perang Enem Dina ing dasawarsa 1960-an, Lotz ditugasi dadi agen (spiun) kang pro-Nasser, sarta tilas warga Parté Nazi kang banget sengité marang bangsa Yahudi. Kelakon Lotz menyang Jerman, lunga saka kutha siji menyang kutha sijiné. Ngapalaké jenengé kaum selebritis filem sarta acara TV Jerman kang mutakir; nyinau aksèn-aksèn logat, istilah-istilah pungkasan kang dipigunakake ing dalem srawung. Wis ta sarupaning keperluan kang dianggep bisa nutupi penyamarane anggoné dadi spiun, dipepaki. Lha kelakon Lotz bisa lumebu menyang Mesir ngemba-emba dadi wisatawan. Dhèwèké ngaku dadi peternak jaran kang hebat; terus ngajak rembugan karo staf hotèl. Rembugan rups-ruDa ngenani jaran Mesir, i ng ngendi bisane numpakja ran Mesir. Terus dituduhi pa Dan pertemuane warga kurnpulan kavaleri Mesir. Lotz iya banjur nekani papan patemon mau.

Terus rembugan karo wawatara warga kavaleri, sarta Lotz kandha Manawa dhèwèké ngalembana Jendral Jusuf Goulab anggoné numpak jaran. Wasis, gagah, nglanangi. Anggore ngaiembana mau wis mesthi bae ana tujuan sarta karepe. Lha katekan apa kang dadi kekarepane.

Sajake pangalembana mau diterusake menyang Jendral Jusuf Goulab. Sing banget gembira sarta mongkoge atine, déné ana wong manca Jerman, ngalembana dhèwèké. Mula, bengi iku uga Lotz nam-pa undangan mirunggan saka sang Jendral supaya mèlu nekani resepsi kang kebeneran dianakaké ing omahé. Kelakon Lotz kadi déné wong Jerman teka, ngestrèni pista ing omahé Jendral Mesir, kang mesthiné uga dijenengi déning pati-pati liyané. Ing kono mesthi bae uga Lotz banjur bisa tepungan karo sawatara perwira tinggi Iiyane, ngrembug bab ika-iki; amarga Lotz ditepungaké karo para tamu, jèjèr dadi "peternak jaran Jerman kelas wahid"

Lha iya tepungan sepisanan mau banjur kelakon "mbukak lawang" kanggone Lotz amrih saya akèh goul-e karo para pati Mesir Liyane. Dhèwèké bisa tepungan karo Wakil dinas Intelijen Mesir, Kolonel Abdurrahman; karo Jendral Fuad Usman, Kepala Keamanan pangkalan roket, sarta karo wong-wong Jerman dhéwé kang wektu iku nyambutgawe ing proyek rahasia kang lagi digalang Présidhèn Nasser.

Sawatara minggu manèh, Wolfgang Lotz bali menyang Jerman, sengadi njupuk barang dalah ubarampene kang diperlok ake kanggo yasa peternakan jaran ing Mesir. Temenan! Ora gantalan suwéné, dhèwèké bali manèh menyang Kairo karo nggawa koper ora kurang saka 17 iji. Kandhane kejaba penganggo Ian ubarampene peternakan jaran, uga bebungah-bebungah kanggo para pawong mitrane, jendraljendral Mesir. Rupa barang-barang elektronik kang dhek jaman iku isih durung akèh kadarbe déning bebrayan. Mesthi bae, kajaba kado utawa bebungah kanggo mitra darmané kang anyar, jejunggulé kaum militèr Mesir, Lotz nggawa montor Volkswagen, kang dadi idolané wong Jerman Kulon, ing sisihé Mercedez lan BMW.

lya amarga dikandhakaké manawa barang-bararg mau minangka kado utawa bebungah kanggo para jendral, mula iya banjur lolos saka pamriksan douane utawa pabéyan. Sing ora dikandhakaké Lotz, manawa dhèwèké uga nggawa radio transmitter winadi kang didhelikaké ana lars sepatu setiwel penunggang jaran.

Kanggo luwih bisa nutupi penyamarané, Lotz banjur omah-omah karo wanita gawan saka Jerman. Mangka satemene, dhèwèké uga wus duwé bojo, wanita Yahudi kang ditinggal ana Israèl ana Israèl; malah wus nduwé anak loro. Atasané nepsu banget lan mèh waé njabel tugasé lan ngundhang dhèwèké bali. Nanging wusanané bojoné enom iya bisa dikon nulungi tugasé dhèwèké.

Wanita Jerman iki, Waltraudt Neumann ngerti marang tugase Lotz, mula iya gelem bae dinikahi, nadyan ta uga wis mangerti manawa kang lanang mau wis duwé kulawarga Malah ora ming iku bae, dhèwèké uga mèlu nemoni sarta mèlu awèh keterangan marang para tamuné (pejabat Mesir) kang merlokaké katrangan-katrangan bab peternakan jaran. Malah uga sok mèlu pitakon ngenani bab rudal Mesir, bab kekuwatané wadyabala Mesir lan liya-liyané manèh kang ana gandhèng-cènèngé karo pertahanan Mesir. Ora mung iku baé, Lotz dalah Waltraudt uga naté diajak ndeleng pangkalan-pangkalan pertahanan barang. Cekaké, Lotz dianggep "dudu sapa-sapa" manèh. Dianggep kulawarga dhéwé.

Nanging, ya embuh kepriyé; ndadak iya ana baé prakara kang njalari kejodheran tindhaké Lotz iku mau.

Ing dalem resepsi kang dianakaké déning kedutaan Jerman, sang atasé pertahanan Jerman ngandhakaké, yèn dhèwèké lali utawa ora éling, apa bener Lotz naté dadi bawahané Jendral Erwin Rommel sarta makarya ing Korps Afrika kaya déné kang kerep dikandhakaké Lotz dhéwé.

Kayadene kang kelakon, Pebruari 1965, rikala Lotz bali menyang omahé saka resepsi kang dianakaké Jendral Ghorab, ing ngarep lawang wis dicegat pulisi Mesir sawatara. Dhèwèké ditangkep sarta kudu mèlu digawa menyang kantor pulisi. Pihak Mesir nemu transmitter radio ing timbangan awak ing kamar mandi.Terus lapuran-lapuran kang wis naté dikirimaké Lotz menyang Tel Aviv selawasé kira-kira 3 taunan. Uga tinemu rekaman swara kang mratélaké: "Sampéyan minangka spiun kang hebat kanggoné Israèl" Cetha Manawa pujian mau tekane saka Tel Aviv, saka pemerentah Israèl.

Miturut keterangan, anané Lotz nganti kejebak amarga saka sembranané. Nanging ana uga kang kandha, manawa mula ya wis kodraté. Soalé, nalika samana Présidhèn Jerman Wétan, Walter Ulbricht arep tindhak menyang Mesir. Lha dalan kang bakal diliwati sang Présidhèn luwih dhisik kudu disisid lan 'diresiki'. Mula sakehing pomahan kang ana sadhawané dalan kudu ditliti; dipriksa, diglédhah kalebu uga omahé Lotz. Saliyané iku ana 30 warganagara Jerman Kulon kang padha dicekel pulisi Mesir. Rikala nganakaké pepriksaan iki; pihak kapulisian Mesir nemu barang-barang dalah sakehing ubarampé olèhé Lotz dadi telik sandi.

Ana manèh kang kandha manawa kang mbukak wadine Lotz mau, spion Ruslan kang dikirim menyang Jerman Kulon. Lha saka kono si spion mbisiki pamaréntah Jerman Kulon supaya mbukak waranané Wolfgang Lotz.

Lotz ora diukum mati, nanging diukum kunjara 25 taun. Déné sisihane, Waltraudt diukum 3 taun. Amarga saka campur tangane pamaréntah Jerman Kulon Lotz karo Waltraudt dibebasake; diijoli sarana dibebasake jurit Mesir 500 saka wong 4.000 kang dadi tawanan perangé Israèl.

Akir hayat besut

Lotz dibalekake menyang Jerman Kulon; diwènèhi karcis pesawat terbang menyang Frankfurt. Nanging nalika mandheg ing Athena, Lotz karo sisihané ndlesep metu saka apron, kanthi sim-sim bali menyang Tel Aviv. Ing kana wong loro ditampa kaya déné pahlawan. Ora perlu diramèkaké amarga saka lelabuhané Lotz iku mau, Israèl kelakon bisa menangaké Perang Enam Dina nalika taun 1967 kaé.

Wusanané bojoné kang wanita Jerman iku tilar donya amarga dipatèni Dinas Intelijen Mesir lan sawisé iku Lotz pindhah menyang Amérika lan sabanjuré tilar donya ing Jerman. Layoné digawa bali lan disarèkaké ing Israèl.

Sumber besut

  • Kodhe basa ora trep. Pak Sin. 2007. "Spion Yahudi Wolfgang Lotz Ketangkep ing Mesir" ing Damar Jati kaca 32-33 no. 54. Kemis Wagé 8 November 2007.
  • Wolfgang Lotz. 1980. A handbook for spies. Harper & Row.
  • Wolfgang Lotz. 1972. The Champagne Spy - Israèl's Master Spy Tells his Story. St. Martin's Press.
  • Gordon Thomas. 1999. Gideon's Spies: The Secret History of the Mossad. St. Martin's Griffin.