Wong Afar (Cithakan:Lang-aa), kang uga diarani Danakil, Adali lanOdali, iku salah sawiji bebrayan kang manggon ing tlatah Tandhuk Afrika. Wong Afar manggon ing Afar of Ethiopia lan ing loring Djibouti, sanajan ana uga kang manggon ing pojok kidul nagara Eritrea. Wong Afar mitutur basa Afar, kang dadi sak pamili karo basa Cushitic kang dadi bageyane Afro-Asia.

Qafara
Afar
عفر
The Afar ethnic flag
Gunggung cacah jiwa
u. 2,108,372
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
 Éthiopia1,276,372[1]
 Eritrea526,000[2]
 Jibuti306,000[2]
Basa
Afar
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan

Sajarah besut

Cithakan:Sejarah Djibouti

Sajarah Pramila besut

Cithakan:Kaca Utama Masarakat Afar awit jaman mbiyen wis diatur déning krajan-krajan kang mardika, kang saben krajan iku diatur déning Sultan dhéwé. Antaraning krajan iku ya iku Kasultanan Aussa, Kasultanan Girrifo, Kasultanan Dawe, Kasultanan Tadjourah, Kasultanan Rahaito lan Kasultanan Goobad.[3]

 
Wilayah Kasultanan Adal lan nagara-nagara vasale (ca. 1500).

Cathetan paling pramula bab wong Afar iki asalé saka abad angka 13 kang ditulis déning panulis AndalusianIbn Sa'id, kang ngelaporake manawa wong Afar manggoni tlatah saubenging pelabuhan Suakin, nganti kidul lumebu Selat Mandeb, cedhak Zeila.[4] Wong Afar mau uga ing cathetan sajarah Ethiopian, pramila dadi panulunge Kaisar Ethiopia, Amda Seyon ing perang kang ngliwati Kali Awash, sateruse sak abad munjul nalika wong Afar ngewangi Kaisar Baeda Maryam nalika perang karo wong Dobe’a.[5]

Bebarengan karo suku-suku panyatur Afro-Asia kaya ta Somali kang padha-padha Muslim, wong Afar uga dipranalakake karo Kasultanan Adal kang maréntah lor Tandhuk Afrika ing jaman madya. Sajeroning pamarentahane, Adal duwé gayutan dagang karo nagara-nagara liya ing Afrika Lor-Wetan, Timur Tengah, Eropa lan Asia Kidul. Akeh kutha-kutha sajarah ing tlatah Tandhuk Afrika kaya ta Maduna, Abasa, Berbera, Zeila lan Harar, kang duwé srimanganti, masjid, sanggar, bètèng and tangki sajeroning kajayaan kasultanan iki.

Kasultanan Aussa besut

 
Gendhera Resmi Kasultanan Aussa.

Cithakan:Kaca Utama Kasultanan Afar (Aussa Sultanate) dijumenengake samubare Keimaman Aussa. Krajan iki wiwit ana awit 1577, nalika Muhammed Jasa mindhahake ibukota saka Harar ing Aussa amarga pecah antaraning Kasultanan Adal dadi Aussa lan nagara kutha Harari. Aussa nampik lan sawatara mungkas amarga mekradane Imam Umar Din bin Adamdadi raja.[6]

Ing taun 1734, Kasultanan ini diwujudake déning Kedafu manèh lan diprentah déning Dinasti Mudaito.[7] Lambang mligi Sultan ya iku gantar pérak, kang dianggep duwé kekuwatan linuwih.[8]

Front Pembebasan Afar besut

Cithakan:Kaca Utama

 
gendhera resminé Afar Revolutionary Democratic Unity Front.

Samubare pembrontakan kang ora kasil déning Sultan Afar, Alimirah Hanfare, ing taun 1975, diadegke Front Pembebasan Afar kang tujuane kanggo ngangkat kepentingane wong Afar. Sultan Sultan Hanfadhe sawatara dibuwang ing Arab Saudi. Sawetara rejim Kuminis Ethiopia yasa Tlatah Swapraja Assab (saiki jenenge Aseb lan ana ing Eritrea), sanajan isih ana glura cilik nganti awal 1990an. Ing Djibouti, tindhakan sakjenis uga katon ing taun-taun 1980an, kang akhire muncak dadi Haruhara Afar ing taun 1991. Samubare rejim Derg rubuh ing taun kang padha, Sultan Hanfadhe bali saka pambuwangan.

Ing wulan Maret 1993, Afar Revolutionary Democratic Front (ARDUF) diadegaké. Front iki gabungan saka telung pasamuwan Afar ya iku: Afar Revolutionary Democratic Unity Union (ARDUU), kang ngadeg ing taun 1991 lan dibawahi Mohamooda Gaas (utawa Gaaz); Afar Ummatah Demokrasiyyoh Focca (AUDF); lan Afar Revolutionary Forces (ARF). Lan akhire dadi partai pulitik kang tujuane kanggo kepentingan wong Afar. Nganti 2012, ARDUF dadi bagiane oposisi koalisi partai United Ethiopian Democratic Forces (UEDF).[9]

Dhémografi besut

Panyebaran Géografi besut

 
Peta Ethiopia kang nunjukake Tlatah Afar.

Wong Afar racaké manggon ing Padang Danakil ing Tlatah Afar Ethiopia, saliyané ing Eritrea lan Djibouti. Cacahe ana 1,276,867 ing Ethiopia (utawa 1.73% saka cacah pendhudhuke), kang 105,551 antarané manggon ing kutha, miturut cacah jiwa paling anyar (2007).[10] Wong Afar ana sepertelune wong Djibouti lan salah siji saka sanga tlatah Ethiopia (kililoch) kang diakoni.[11]

Basa besut

 
ISO 639 tetenger basa Afar

Wong Afar mitutur basa Afar dadi basa bendinan. Basa iki péranganing cabang It is part of the Cushiti kulawarga basaAfroasia language family.

Basa Afar dipituturake déning wong Afar ing tlatah Afar Ethiopia, saliyané ing kidul Eritrea lan lor Djibouti. Nanging amarga wong Afar iku pindah-pindah, panyatur basa iki uga ditemokake ning endhi-endhi.

Bebarengan karo Basa Saho basa Afar kalebu dhialek Saho–Afar.

Agama besut

Wong Afar racaké Muslim lan duwé kaitan suwi karo agama Islam kanthi rena-rena pimpinan Muslim lokal.[3]

Budaya besut

 
Wong Afar nganggo klambi tradhisional.

Wong Afar tradisine nernak rajakaya kaya ta wedhus, domba, lan sapi ing padhang pasir.[3]

Wong Afar diklompokke ing kulawarga awujud clan families lan ana rong kelas utama, ya iku: asaimara ('abang') kang luwih kuwasa ing pulitik, adoimara ('putih') kang saka kelas pegawe lan ditemokake ing Pegunungan Mabla.[12]

Saliyané iku, Wong Afar uga misuwur ing seni bela dirine. Wong lanange biasane nggawa jile, salah siji lading kang misuwur. Uga diweruhi amarga seneng tanding tembang.[3]

Uga delengen besut

Cathetan besut

  1. "Population and Housing Census - 2007" (PDF). FDRE Population Census Commission. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 27 Sèptèmber 2016. Dibukak ing 6 Oktober 2016.
  2. a b "Afar". Ethnologue. Dibukak ing 8 Novèmber 2016.
  3. a b c d Matt Phillips, Jean-Bernard Carillet, Lonely Planet Ethiopia and Eritrea, (Lonely Planet: 2006), p. 301.
  4. Richard Pankhurst, The Ethiopian Borderlands (Lawrenceville: Red Sea Press, 1997), p. 60
  5. Pankhurst, Borderlands, pp. 61-67, 106f.
  6. Abir, p. 23 n.1.
  7. Abir, pp. 23-26.
  8. Trimingham, p. 262.
  9. Ethiopia - Political Parties, Accessed: 1-07-2006.
  10. "Country level" Archived 16 August 2010[Date mismatch] at the Wayback Machine., Table 3.1, p.73.
  11. "CIA - Ethiopia - Ethnic groups". Diarsip saka sing asli ing 15 Dhésèmber 2018. Dibukak ing 12 Sèptèmber 2017.
  12. Uhlig, Siegbert (2003). Encyclopaedia Aethiopica: A-C. Otto Harrassowitz Verlag. kc. 103–. ISBN 978-3-447-04746-3. Dibukak ing 30 Mèi 2011.

Rujukan besut

  • Mordechai Abir, The era of the princes: the challenge of Islam and the re-unification of the Christian empire, 1769-1855 (London: Longmans, 1968).
  • J. Spencer Trimingham, Islam in Ethiopia (Oxford: Geoffrey Cumberlege for the University Press, 1952).

Wewacan sambung besut

Pranala Jaba besut