Wong Ashkali lan Mesir Balkan

Para Ashkali (uga karan Aškalije, Haškalije, Hashkali) lan Mesir Balkan (Jevgs, Egjiptjant utawa Gjupci) ya iku golongan étnik lan budaya minoritas abasa Albania (brayan-brayan kang diakoni) kang mligi ndunungi Kosovo. Wong-wong iki kala-kala dianggep Romani Albani, nanging wong-wong iki malah ora nganggep awaké minangka Romani Albani, lan amarga wong-wong kuwi ora nyaturaké basa utawa nduwé tradhisi kang padha kaya wong-wong Romani, wong-wong iki amung péngin dianggep wong Albania. Sadurungé Perang Kosovo ing 1999, para Askhali kacathet minangka wong Albania. Saiki, wong-wong iki kapérang dadi rong golongan kang béda, sanajan wong-wongé nduwé budaya, tradhisi, lan basa kang padha ya iku basa Albania.[3]

Sawijining "gendéra Ashkali" (Amëza e Ashkalive) kang didhisain ing 1999 déning Abedin Toplica
Wong Ashkali lan Mesir Balkan
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
 Kosovo 15.436 wong Ashkali + 11.524 Wong Mesir Balkan (sènsus 2011[butuh sitiran])[a]

 Albania 3.368[butuh sitiran] Wong Mesir Balkan (sènsus 2011)
 Montenégro 2.054[butuh sitiran] Wong Mesir (2010)
 Makedonia 3.713[butuh sitiran] Wong Mesir (2002)

 Sèrbi 1.834[butuh sitiran] Wong Mesir (2011) lan 997[1] Wong Ashkali (2011)
Basa
Albania
Agama
Mayoritas: Sunni Islam (minoritas: Sufi, Bektashi)[2]

Sasuwéné Perang Kosovo,wong-wong iki diingseraké minangka pangungsi ing Albania, Serbia lan Républik Makédonia lan saindengé Éropah Kulon kaya ta Jerman lan Prancis. Jati dhiriné "Ashkali" cinipta ing 1999, nalika wong-wong iki nedya nuduhaké adeg-adegé kang pro-Albania lan mbédakaké dhèwèké saka wong Roma (Gipsi).[butuh sitiran]

Sajarah besut

Para "Ashkali" uwis éwoning sawijining "jati dhiri étnis kang anyar ing wewengkon Balkan", diwangun ing taun 1990-an.[4]

Jeneng "Ashkali" purwané saka wod-tembung abasa Turki As (Has).[butuh sitiran] Kawitané, istilah mau dianggo tumrap para panetep Roma kang dedunung ana ing wewengkon Albanian sasuwéné Kakaisaran Ottoman. Para Ashkaliya nyaturaké basa Albania minangka basa mligi. Ashkaliya asring makarya minangka pandhé, utawa buruh kasar ing lemah-lemahing praja Usmani. Para Ashkaliya asring tinemu mligi ing Kosovo Tengah lan Wétan. Wong Ashkali ngakoni yèn dhèwèké asal mulané saka Pèrsia, saiki Iran, ing abad angka 14 sadurungé Masèhi (Ashkal, Gilan, Iran); masiya, akèh téyori-téyori liya nyatakaké yèn para Ashkali iku asalé saka Turki ing sawijining désa karan Aşkale (dhistrik Erzurum ing Turki), utawa bokmenawa saka Palestina mataun-taun kapungkur ing kutha Ashkalon (saiki ing Israèl). Nanging isih ana sawenèh wong kang pitaya yèn wong-wong iki minangka panjlajah saka India Lor (Romani) kang uwis nganggo basa Albania minangka basa ibuné.

Sawijining rujukan saka abad angka 14 marang jeneng papan (Агѹповы клѣти, Agupovy klěti) ing Partisara Rila saka Ivan Aleksander saka Bulgaria dianggep ana sambung rapeté karo para Mesir Balkan miturut sawenèh pangripta, kaya déné Konstantin Josef Jireček.[5][6]

Ing taun 1990, sawijining "Sarékat Mesir" diwangun ing Ohrid, Makédonia. Sasuwéné Perang Kosovo, Roma Albania diingseraké minangka pangungsi inh Albania lan Républik Makédonia. Akèh wong Ashkali ngudi ing Wadya Pambébas Kosovo. Roma Albania mbentuk golongan étnis Ashkali sawisé yudané dipungkasi ing taun 1999, nedya nuduhaké adeg-adegé kang pro-Albania lan mbédakaké dhèwèké saka wong Roma, kang uwis dianggep kanthi négatif minangka pro-Serbia. Akèh Roma Albania kang uga dikirim menyang barak pangungsi karo wong Roma liyané, kang ora nduwé basa lan padatan kang padha.[3] Minangka mayoritas ing Kosovo (utawa Albanisasi) Roma, akèh pangungsi Ashkali ndunungi Sèrbia lan Montenégro. Parté Ashkali kang kawitan (Parté Dhémokrasi Albania Ashkali ing Kosovo) diwangun ing taun 2000 kabawah Sabit Rrahmani, kang nyengkuyung swatantrané Kosovo in the name of all Ashkali.[3]

Ing Kosovo, wong Ashkali sekuthu karo wong Albania kawit sadurungé tekan sawisé Perang Kosovo.[3] Nanging, wong Ashkali saha wong Gipsi Romani ing Kosovo mèlu kausir saka wewengkon kono.[7]

Démografis besut

Akèh-akèhé wong Ashkali lan wong Mesir urip ana ing Kosovo lan Républik Makédonia, nanging wong-wongé uga ndunungi wewengkon Albania, Sèrbia, lan Montenégro but the peoples also reside in Albania, Serbia and Montenegro. Ing sènsus Makédonia ing taun 2002, ana 3.713 wong kang ngaggep awaké minangka "wong Mesir". Ing sènsus Sèrbia ing taun 2002 (kajaba Kosovo), 814 wong nganggep awaké minangka "wong Mesir". Ing sènsus Montenégro, 225 wong nganggep yèn dhèwèké iku "wong Mesir".

Ashkali iku dhominan ing wewengkon Kosovo pérangan Tengah lan Wétan: Ferizaj, Kosovo Polje lan Lipljan. Wong-wong Mesir manggon ana ing Kosovo Kulon: ing Gjakova, Istok, Peć lan Deçan. Brayan Ashkali/Mesir ing Kosovo nduwé 98% panganggur ing taun 2009.[8]

Budaya besut

 
Gendéra Ashkali[9]

Wong Roma, Ashkali, lan Mesir ngakoni yèn ana prabéda étnis ing antarané wong-wong kuwi. Ningkahan antarané wong Mesir lan Albania asring kelakon, déné ningkahan antarané wong Mesir lan Roma sarta Roma karo Albania arang kelakon. Roma, lan Ashkaliya ora nggolongaké awaké dhèwè utawa liyané minangka Gadje.[8] Wong Ashkali lan wong Roma ndhaku yèn wong Mesir kang dumunung ing Balkan mono isih nunggal ètnis karo dhèwèké, sanajan wong Ashkali lan Mesir ora padha sarujuk bab latar wuri ètnisé.[3] Ora ana saluran tv utawa radhio kang mentheng nggiyaraké bab wong Ashkali lan Mesir.[8]

Uga delengen besut

  • Democratic Ashkali Party of Kosovo

Rujukan besut

  1. Попис становништва, домаћинстава и станова 2011. у Републици Србији: Становништво према националној припадности - „Остали" етничке заједнице са мање од 2000 припадника и двојако изјашњени
  2. Nielsen, Jørgen; Akgönül, Samim; Alibašić, Ahmet; Racius, Egdunas, èd. (2013). Yearbook of Muslims in Europe, Volume 5. BRILL. kc. 370. ISBN 9789004255869.
  3. a b c d e Valeriu Nicolae; Hannah Slavik (2007). Roma Diplomacy. IDEA. ISBN 978-1-932716-33-7.
  4. "NEW ETHNIC IDENTITIES IN THE BALKANS: THE CASE OF THE EGYPTIANS"
  5. Даскалова, Ангелина; Мария Райкова (2005). Грамоти на българските царе . София: Академично издателство "Марин Дринов". kc. 57.
  6. Trubeta, Sevasti (March 2005). "Balkan Egyptians and Gypsy/Roma Discourse" (PDF). Nationalities Papers. 33 (1): 71–95. doi:10.1080/00905990500053788.
  7. Memorandum of the Society for Threatened People on the Issue of Lead Poisoning of Roma in IDP Camps in Kosovo, GFBV.
  8. a b c http://www.minelres.lv/reports/S&M/Kosovo_ShadowReport_BalkanSunflowers_2009.pdf
  9. http://www.ashkali.org/

Cathetan suku besut

a.   ^ Kosovo is the subject of a territorial dispute between the Republic of Kosovo and the Republic of Serbia. The Republic of Kosovo unilaterally declared independence on 17 February 2008, but Serbia continues to claim it as part of its own sovereign territory. The two governments began to normalise relations in 2013, as part of the Brussels Agreement. Kosovo has been recognised as an independent state by 109 out of 193 United Nations member states.

Karya kang disitir besut

Pranala njaba besut