Moses Jigibalom

Moses Jigibalom, lair ing Kabupaten Lanny Jaya, 24 April 1993, ya iku salah siji pengusaha kopi kang kondhang ing pirang-pirang wilayah ing Papua, kaya ta ing Wamena, Timika, lan Jayapura.[1] Moses ora nyangka yèn dhèwèké bakal bali omah lan nerusaké kebon kopi ing omahé. Pitung taun Moses ngumbara merga kuliah, dhèwèké isa nyukupi kebutuhan kuliah dhèwè. Moses naté kuliah ing taun 2010 jurusan Administrasi Negara, Universitas Pasundan. Banjur ing taun 2016 transfer kuliah jurusan sing padha ing Sekolah Tinggi Ilmu Sosial dan Ilmu Politik Waskita Darma, Malang. Awité Moses nduwé pikiran yaiku mbukak anak usaha ing panggonan liya, usahané sablon kaos ing Malang lagi apik-apiké. Sablon kaos iki sing nutupi kakurangané menawa butuh dhuwit kanggo kuliah. Tapi, pesen saka bapaké isih ana ing pikirané. Bapaké naté telepon lan njaluk Moses bali. Banjur Moses mutusaké bali menyang omahé ing Papua. Tambahé Moses wektu diwawancara, bapak lan ibuné uga wis sepuh, padha butuh anaké (nggo ngrumat).

Garap kebon kopi

besut

Kebon sing digarap déning Moses gedhéné tekan sahèktar. Ya iku ana ing pucuking bukit, pedalaman Desa Bokon, Kecamatan Tiom, Kabupaten Lanny Jaya, Papua. Bapaké, Piet Jigibalom, yaiku siji-sijiné petani kang suksès mrumat tandhurané ing dhaérah kuwi. Bapaké naté mèlu ing program percontohan tanam sing diajaraké saka Badan Pengkajian dan Penerapan Teknologi, kira-kira 30 taun kepungkur. Ilmuné iku diajaraké marang Moses awit isih cilik. Moses dijak ngrumat tandhuran lan diajari yen ngethok pang iku penting supaya isa uwoh akèh. Moses uga diajari carané manèn kopi sing wis abang iku kepriyé, carané ngolah saka nguliti, fèrmèntasi, sortir, tekan prosès penggilingan. Uga bapak lan anak mau rutin ngolah kopi-kopiné.

Kebon-kebon kopi ing Kabupaten Lanny Jaya nduwé potènsi gedhé apamenèh luas keboné tekan 800 hèktar. Tapi kebon mau ora diurusi karo sing nduwé. Wayah kuwi, petani-petani luwih seneng nandhur ubi utawa pohung. Akeh wit-wit kopi kang dhuwur marga ora naté dikethok. Kopiné cilik-cilik lan arang dipanèn, dadiné mubajir. Banjur Moses nekani para petani lan nggayut bèn padha ngrumat kebon. Kerep ana petani kang males nggarap kebon-keboné dhéwé. Moses nduwé inisiatif yaiku manènake, mubajir yèn kopi-kopi mau ora diolah malah dijarké bosok. Dhèwèké tau ngomong karo pewawancara, yen petani-petani péngin maju, ya kudu telaten ngrumat tandhuran.[1]

 
Wiji kopi sing wis disangrai

Sakjané, petani-petani iku males amarga asil kopi ora sebandhing karo pangolahanné kang suwé, akèh kang kudu ditindakaké, lan kudu telatèn. Padahal, sakilo wiji gabah diregani Rp10.000,-, yèn wis dadi wiji beras kopi (green bean) regané Rp120.000,-. Manèh, yèn wis disagrai lan dadi bubuk, regané mèh tekan loroné wiji beras kopi.

Ngerti kahanan iki, Moses nduwéni tékad ngolah kopi-kopiné dhéwé seka buah dadi bubuk kopi. Bapaké ngurus tandhuran, Moses ngolah buahé nggo cara tradisional. Salah siji alaté yaiku alu, ing kana kang kasebut Toki-toki. Dhèwèke mulai nampung biji-biji kopi seka tangga-tanggané. Ditumbas per kiloné Rp30.000,- teluné rega pasaran. Nalika biji kopi saka para petani liya wis kakumpul, Moses kewalahan. Amarga pemasoké akèh nanging sing tumbas sithik.[1]

Golèk cara bèn ana sing tuku

besut

Bapaké, Piet Jigibalom, wis naté njajakaké kopi ing kantor-kantor instansi pamaréntah dhaérah Lanny Jaya, nanging wong-wong sing ditawari malah njaluk kopiné gawe conto utawa sample. Njaluké sithik tapi wongé akèh. Suwi-suwi kopi pirang-pirang bungkus mau entèk tanpa asil. Jebul, cara adol door to door kaya mangkéné ora optimal. Banjur Moses mbuka warung kopi sederhana ing Pasar Tiom.

Warung iku ngadheg ana ing tengah-tengahing wong dodol sandangan, panganan, lan sapituruté. Pertama dhèwèké bukak, sadina isa kadol nganti satus gelas kopi. Padhahal kopiné luwih larang saka kopi-kopi instan sing sasètan kuwi. Dhèwèké uga ngemataké wong-wong sing padha mampir ing warungé. Yèn wiji kopi disangrai sedhéla (sangrai muda), aroma kopi arabikané pancen luwih katon. Rasané uga rada legi. Tapi dibandhingna rasa sing lembut kaya ngono, akéh kang luwih seneng yèn rasane abot utawa kandhel.

Tékad kuat Moses nggo ngrumat lan ngembangke usahané kuwi, nganti akèh wong krungu. Sing nduwé warung utawa kedai-kedai kaya nggoné Moses, mulai padha masok kopi saka Moses. Dhèwèké saiki dadi salah siji pemasok kopi kanggo kedai-kedai ing Jayapura lan Timika.

Moses rumangsa yèn kopi sakjané isa dadi andalan petani ing Kabupaten Lanny Jaya. Tapi umpamane ora telaten, ya ora bakal isa.

Réferènsi

besut
  1. a b c Tambunan, Irma (2018-05-14). "Moses Jigibalom Urus Kopi yang Terlantar".