Mursyid (Arab: مرشد‎‎) inggih menika basa Arab ingkang tegesipun "pituduh" utawi "guru", ingkang asalipun saking akar tembung r-sy-d, kanthi makna dhasar ingkang nggadhahi teges integritas, mlebet akal, mateng. [1]Utaminipun babagan tasawuf ingkang nengenaken pituduh spiritual. Tembung menika asring dipunginakaken ing tarékat sufi kados Tarékat Qodiriyah, Tarékat Chisytiyah, Tarékat Shadziliyah lan Tarékat Suhrawardiyyah. Ajaran tasawuf dipunwiwiti wekdal satunggaling siswa (murid) mutusaken kanggé sumpah setia utawi bai'at dhumateng guru spiritualipun (mursyid). Wonten ing babagan bai'at kesetiaan menika, Al Quran (48:10) nedahaken:"Sarupane wong kang padha medharake prasetyane marang sira, sejatine hiya prasetya marang Allah. Astane Allah ana sakduwure tangane wong kang padha prasetya mau. Mulane sing sapa cidra saka kesaguhane, iku sejatine cidra marang awake dhewe. Dene sapa wong setya tuhu netepi prasetyane ing Allah bakal diparingi ganjaran gedhe."[2][3]

Rujukan besut

  1. See Hans Wehr's Arabic Dictionary, 4th ed., s.v. rašada.
  2. Jv/Al-Quran/Al Fath(dipunundhuh tanggal 17 Februari 2018)
  3. Cf. Martin Lings, What is Sufism, Islamic Texts Society, Cambridge, p. 125.