NASIB TOKOH WANITA SAJRONING TELUNG CERKAK PENYEBAR SEMANGAT

Dening : Wijaya Heru

Cerkak  minangka karya rekaan kejaba nduwe realitas imajiner iyo  nduwe  realitas sosial. Kuwi mau disebabake cerkak iku minangka gabungan antarane  kasunyatan  karo rekaan kreatif  saka pengarange anggone  motret kasunyatan ing donya. Para pemaos anggone memahami cerkak  iyo kerep nafsirke tegese adedasar  pengalaman sing ana kasunyataan  sosial. Mulane, Teeuw (1984:230) duwe pratikel manawa  pemaos  karya sastra kudu nyedaki  kasunyataan. Donya sing dijlentrehke ana ing karya sastra kudu akrab karo kasunyataan1).

Gegandengan karo kasunyataan, Damono (1989: 79) ngandakake menawa  karya sastra ora sekedar nampilke donya sosial kanthi mentah, nanging karya sastra iya ngemban tugas sing wigati, yaiku mainke tokoh-tokoh ciptaane  ana ing sawijining kahanan rekaan kanggo dungkap nilai lan  makna ana ing donyaning masyarakat2). Teeuw (1984:237) nganggep cerita rekaan  minangka rekaman utawa dokumen sosial3).

Tokoh  wanita digambarake ana ing karya sastra gegandengan karo tumindake tokoh priya minangka penguasa dunia patriarki. Kuwi mau nyebabake ana tokoh wanita sing  pasrah lan sing nglawan marang nasibe.  Pernyataan mau dibuktekake  ana ing hasil penelitiane  Yusuf Put (1993) ngandakake menawa karya sastra Jawa ing sawijining  tahun 20-an umume gambarake wanita minangka alat pelengkape priya.  Nganti puluhan tahun sakwise tokoh wanita merjuangake kesetaraan jender.Tokoh wanita ing novel tahun 1990-an  wis wani berinisiatif  lan tumindak kanti terang-terangan4).

Temuane  Yusuf Put  kasebut yen diterapke kanggo nganalisis cerkak ing kalawarti Penyebar Semangat ana sing cocok ana sing ora. Cerkak- cerkak sing cocok judule “Tabeting Lakon Kepungkur” dening Suryadi W.S., (PS No. 45), “Pasien Pungkasan” dening Bambang Trijaya (PS No. 39), lan “Wong Lanang” dening Fitri Gunawan (PS No. 44). Telung cerkak kasebut minangka representasi pengarang anggone mbeberake sikape marang nasibe  wanita Jawa.

Cerkak “Tabeting Lakon Kepungkur” mbeberake memori romantisme pengarang nalika isih remaja. Cerita dibukak nganggo peristiwa matine tokoh Lestari  sing umure 69 tahun. Tokoh kasebut nalika enom dadi kancane sekolah  Surya (tokoh aku), Tarso, lan tokoh Gito. Tokoh  Lestari kalebu primadona kanggo  kanca-kancane sekolah  lan kanca nglajo sekolah saka Stasiun Klaten tekan Stasiun Balapan.

Tokoh Lestari sing ayu kenes diumpamakke Banowati (sisihane Suyudana). Tokoh Lestari dipandang  priya kaya dene piala sing kanggo rebutan  wong lanang sing menang jotosan.Wanita mung dipandang minangka objek kanggo para pemenang utawa juara adu kekerasan. Lestari sing sejatine nresnani tokoh aku, nanging dumadakan tokoh aku kalah adu jotos karo Tarso, Lestari diserahke marang Tarso. Ana ing kedaden sakteruse, Tarso ditantang jotosan Gito, Tarso ngladeni Gito.  Disik-disike Gito kalah, nanging meneng-meneng Gito arep nusukke  pisaune  marang Tarso, nanging pisau direbut Tarso lan ngenani lengane Gito nganti metu getihe. Gito digawa Tarso menyang rumah sakit.

Lestari diserahke marang Gito sing uwis akeh pengurbanane muntahke getih kanggo Lestari. Maune,  Lestari ora gelem sebab sejatine dheweke mung nresnani tokoh Aku sing uwis tau menehi  cincin kenangan. Nanging, sakwise dibujuk  Tarso akhire Lestari gelem dadi bojone Gito. Lestari nitipake cincin marang Tarso supaya mbalekake cincin marang tokoh aku. Maksude, minangka tanda mbatalake katresnane. Ana ing titi wancine  jenazah Lestari diangkatke Tarso nglipur tokoh aku lan deweke dewe. Wong loro mau ora sido dadi bojone Lestari nganggep yen sejatine ngemu keuntungan sebab Lestari jebule mandul.

Ana ing cerkak “Pasien Pungkasan” dening Bambang Tri Djaja diceritakake manawa  dr. Beti ditekani pasien lanang sing pungkasan. Pasien kuwi lara watuk kasep wis kesuwen ora diobati  merga ora duwe duwit.  Deweke mertamba kanthi utang lan janji arep mbayar  sak wektu-wektu. Telung dina sateruse pasien iku teka maneh, nanging ora nambakke lelarane. Deweke mung menehi  souvenir lukisan. Tujuane menehi penghargaan marang  pelayanane dr. Beti sing ora mbedak-mbedakake pasien sugih utawa mlarat. Sakwise lukisan kuwi diamat-amati dr. Beti ngungun weruh lukisan kembang wora-wari sing diparani kupu. Deweke iyo maca ing pojok lukisane ana tulisan sing unine Ahyar.

Dokter Beti kelingan kanca sekolahe sing jenenge Ahyar, nanging nalika semana Ahyar ora wani nampa katresnane merga rumangsa dadi anake wong sekeng.  Dr. Beti nganti seprene durung duwe bojo. Deweke nresnani Ahyar amarga Ahyar wonge apikan. Kahanan  Ahyar  kang sekeng kasebut digambarke kaya dene kupu ireng sing nyedaki kembang wora-wari nanging ora wani menclok. Mengko yen mernclok kembange  ndak dadi rusak. Wanine mung nyedaki lan gumun marang keindahane.

Bareng dr. Beti ngerti yen pasien mau jebule Ahyar, deweke nangis ngguguk nyawang  lukisan kuwi lan takon kena apa kupu ireng kuwi ora wani mencok neng kembang wora-wari. Kanthi romantis, Ahyar njawab kupu kuwi kuatir yen nganti ngrusak keindahane. Dokter Beti njawab “ saendah-endahe kembang tetep butuh dipencloki kupu senadyan mung kupu ireng elek”.

Tokoh dr. Beti ana ing cerkak “Pasien Pungkasan” kasebut minangka ungkapan pengarang sing pengin njlentrehake citra wanita sing setia nunggu tekane wong sing ditresnani. Arepa dr Beti wis dadi wong   terpandang deweke tetep gujengi janjine marangt kanca sekolahe. Kaya dene tradisi wanita Jawa sing pada wis duwe jabatan lan profesi terhormat,  wanita kasebut krasa durung dadi wanita sempurna yen durung duwe bojo amarga sakpinter-pintere lan sak dhuwur-dhuwure pangkate wong wedok tetep butuh bojo. Mangkono pandangane dr Beti minangka representasi pandangane pengarang.

Yen dibandingke karo umume wanita Jawa, dr. Beti duwe pandangan sing beda.  Tumrap dr Beti wong lanang sing ideal yaiku dudu wong lanang sing sugih banda lan mampu nyukupi kebutuhan urip, nanging wong lanang sing apik morale lan menghargai wanita kaya dene Ahyar sing tanggung jawab setia netepi janji. Katresnane  dr. Beti marang Ahyar ditengeri nganggo tembung pungkasan ana ing cerkak   “He, Yar, kowe arep menyang ngendi? Aku melu” Beti melayu nututi Ahyar.

Nasibe wanita minangka pelengkap kaum priya uga dijlentrehake ana ing cerkak “Wong Lanang” dening Fitri Gunawan. Cerkak kasebut nyritakake tokoh  Mardi duwe kanca Narto. Nalika neng omahe Narto disuguh mangan cara ndeso nganggo janganan. Deweke kaget jebul Narto duwe adik wedok tur ayu jenenge Narti, pinter masak lan gawe rujak. Narto kenalan karo Narti. Keloro-lorone jejodhowan nganti duwe anak loro aran Prasaja lan Lestari. Narto sing sekolah neng pertanian wiwit  enom nganti omah-omah seneng tetanduran. Rumah tanggane ayemAtine seneng banget amarga  mulih dicepaki masakane bojone.

Ana ing cerkak kasebut, Narto ngepek bojo Narti sebabe Narti ayu lan pinter masak. Kanggo tumrape wong lanang kaya dene tokoh Narto, wanita sing dadi idamane priya kalebu idaman tradisional sebab wanita sing ideal wanita sing ayu  lan isoh masak.  Ateges wanita sing isoh nglayani bojo lan bisa manak.

Yen  Cerkak “Wong Lanang” dibandingke karo cerkak  “Tabeting lakon Kapungkur”, lan cerkak “Pasien Kang Pungkasan”  duwe  teknik penceritaan pada. Telung cerkak mau sepisan tokoh diadepke cerita kasunyataan, terus lumayu menyang cerita jaman biyen (flash back), terus mbalik maneh menyang cerita kasunyatan saiki kaya dene cerkak-cerkak ing Penyebar Semangat liyane..

Sakliyane teknik penceritaane pada, para pengarange iyo duwe pandangan kang pada tumrap citra tokoh wanita Jawa. Para pengarang kasebut nganggep wanita Jawa saka sing tradisional tekan modern tetep minongko subordinate priya. Dokter Beti sing wis dadi wanita profesional tetep nunggu kanthi setya marang wong lanang sing ditresnani kang aran Ahyar. Kamongko Ahyar secara sosial ekonomi klebu ana ngisoring status ekonomine dr. Beti.

Semono uga Lestari sing dianggap para priya kaya dene barang sing kanggo rebutan. Sapa sing menang bakal oleh Lestari. Anehe Lestari sing kanggo rebutan bisa duwe bojo wong lanang sing ora ditresnani. Gandeng Lestari mandul, wong-wong sing maune pada nresnani bersyukur ora sida dadi bojone. Yen nganti dadio bojone Suryo lan Tarso ora bakal duwe anak. Pandangan tokoh priya marang tokoh wanita kasebut nggambarake sikap pengarang marang citra wanita Jawa. Wanita neng ngarepe priya mung dipandang minangka pawongan sing isoh nyukupi butuhe priya yaiku macak, manak, lan masak. Dadi nasibe tokoh wanita Lestari meh pada karo nasibe tokoh Narti.

Tokoh Narti luwih aji dibanding tokoh Lestari. Tokoh Narti sak liyane ayu isoh macak, masak, iyo isoh manak. Tokoh Lestari mung digambarke ayu, nanging orang bisa manak. Tokoh Narti lan tokoh Lestari yen dibandingke karo tokoh dr. Beti, tokoh Lestari lan Narti ora bisa golek dhuwit. Lestari lan Narti secara sosial ekonomi bergantung karo bojone. Tokoh dr. Beti kajaba ayu iyo bisa nggolek dhuwit dhewe malahan luwih sugih tinimbang wong lanang sing disenengi.

Tumindake wanita Jawa ing  telung cerkak  ora mempengaruhi nasibe amarga tumindake mung agresif ana bab kasmaran lan iseng-iseng. Tokoh Lestari lan  tokoh Mbak Muji  ana ing cerkak “Tabeting Ati” lan tokoh dr. Beti ana ing cerkak “Pasien Pungkasan” sawijining wanita Jawa wani terus terang dadi wong wedok agresif.Tokoh Lestari wani ngambung tokoh aku ana ing stasiun Balapan lan tokoh Mbak Muji iyo wani ngambung tokoh aku neng tengahing layatan, tur neng ngarepe bojone.

Tumindake tokoh Lestari, Mbak Muji lan dr. Beti nandakake yen ana gejala pergeseran moralitas wanita Jawa. Wanita Jawa sing nasibe maune mung nunggu apa sing arep ditindakake wong lanang saiki wis wani ndisiki nyatakake katresnane marang wong lanang. Malah-malah wani ndisiki ngambung wong lanang. Tumindak kasebut puluhan tahun kepungkur dianggep tabu lan nerjang syarak.

Wong wadon kang tumindak agresif  biasane disenengi wong lanang ana ing madyaning pasrawungan.  Nanging biasane wong lanang emoh ngepek bojo wong wedok agresif. Sak rusak-rusake wong langan tetep milih wong wedok sing paling apik. Semono uga,  ayune wong wadon lan pintere wong wadon Jawa ora duwe rega saka priya manawa wong wadon mau ora bisa macak, masak, lan manak. Pandangan kaya ngono mau orang mung saka para pengarang priyo, nanging pengarang wanita dewe uga pada. Kuwi mau disebabake para pengarang anggone nyipta karya sastra ora bisa uwal saka nilai-nilai budaya sing isih  kenthel ngresap ana ing pribadine wong Jawa. Yen pandangan masyarakat Jawa marang wanita ora berubah, nasibe wanita Jawa kapan wae tetep pada dadi subordinate kaum priya.

SUMBBER LACAKAN

1) dan 3)Teeuw, A (1984) . Sastra dan Ilmu Sastra, Pengantar Teori Sastra. Jakarta : Pustaka Jaya.

2) Damono Sapardi Djoko (1989) Damono,. Sosiologi Sastra Sebuah Pengantar Ringkas. Jakarta : Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

4) Yusuf Put (1993)  Jurnal Informasi Pustaka Kebahasaan. Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta.