Naraguna:Iindahprt22/bak wedhi

Tradisi Bangun Rumah(omah)  Jawa besut

Rumah ana ing bahasa Jawa bisa uga disubut omah. Omah Jawa kuwi mlebu ana ing folklor non-lisan. Kontruksi bangunan saka omah Jawa, saka dasare ngatekake istilah keblat papat lima pancer. Kelat papat kanggo istilah kontruksi tiang papat sing bisa disebut saka guru, tiang liya dsebut saka rawa(tiang cilik) saha saka empér(tiang pinggir). Ana ing tengah saka guru disebut pancer.[1]

Implikasi besut

Tembung omah duwèni implikasi folkloristik werna-werna. Implikasi kuwi gayut karo bab ihwal yaiku:

a.      Omah kuwi bisa dadi dalem. Dalem isa duweni teges aku, sing duwè. Omah tegese duwekku lan panggonanku kanggo ngeyup.

b.     Omah-omahan, tegese  uwong sing wis duwe bojo utawa bebojoan biasane wis mentas (luwih mandiri) isa uga diartikke uwong sing wis omah-omahan duwe omah dhewe.

c.      Semah. Saka tembung si (isi) omah yaiku isteri. Isteri  kuwi bisa dadi Penghias  isin omah. Mula, wong Jawa kuwi ngantu-ante semah (bojo), sing sesok bakale dadi peghias omahe. (Endraswara,2005).

Omah yaiku bentuk folklor material sing bisa didelok karo wong akeh. Bentuk saka omah Jawa kuwi bisa diibaratke kayata susunan awak menungsa. Ana ing jeru kayata ana perangan: a.) Kepala (memdo,brunjung,wuwung), b) leher (ander/ganja), c) bahu kanan kiri  (balndar,pengerat), d) dada(dhandhag,ganja), e) kelamin (kolongsindik), f) kaki (tiang, saka guru, saka rawa). Tiang omah sing tengah biasane 4 lan pinggir 4, cacahe 8 kanggo lambang asthabrata (kisma, tirta, samudra, samirana, candra, surya, dahana, kartika), f) sepatu/selop (umpak). Kabeh omah uga duwe klambi kanggo nutup awak manunga, yaiku omah kuwi duwe lawang, candela, gendéng, tutup keyong, lsp.

Pamilihan Damel Omah besut

Uwong sing arep gawe omah biasane ora waton anggone  milih dina, papan, saha arah omah sing arep digawe. Kanggo nemtokke kabeh kuwi biasane nemtokke nganggo itungan petung (perhitungan) ngadekke omah. Kunci pokok saka uwong sig arep gawe imah yaiku penak dipanggoni, nyaman, lan ngetukke kaslametaan. Tuladha akeh manungsa sing pengin gawe omah madhep ngidul, merga duweni maksud kanggo ngadhep Kanjeng Ratu Kidul, penguasa segara kidul. Umum e wong Jawa kuwi padha percaya, ngadekke omah ana neng burine segara kidul utawa madhep ngalor, bisa dadekake omah kuwi ora penak dipangoni.

Adhedhasar Nemtokake Dina besut

Saka kagiyatan gawe omah awakdhewe kudu bisa nemtokake dina. Nemtokake dina kuwi bisa saka neton sing bakal gawe omah, sing ana gayutane karo dina pasaran (pon, wage, kliwon, legi, pahing). Neton sing wis ana bisa dijumlah banjur diitung tiba ana ing dina apa, yaiku ana antara kerta. Jasa, candi, rogoh, sempoyong. Kerta yaiku akeh rejeki, jasa yaiku seneng utawa duweni kauripan santosa, candi yaiku uripe minulya ora ana kurange, rogoh yaiku kerep nemomi kemalingan utawa kelangan, sempoyong yaiku kerep oleh musihan kematihan saha ora penak dipanggoni.

Nemtokaken dina apik sadurunge bangun omah yaiku bisa kanggo neton sing bakale bangun paomahan. Dina saha pasaran kudwi duweni nilai dhewe-dhewe. Dina saha pasaran kuwi yaiku Minggu 5, Senin 4, Selasa 3, Rabu 7, Kamis 8, Jun’at 5, Sabtu 9 lan pasaran pon 7, wage 4. Kliwon 8, Legi 5, Pahing 9.

Neton sing dinggo kanggo nemtokake bangun paomahan yaiku neton sing bakale manggon utawa duwe omah lanang, amerga uwong lanang kuwi dadi Kepala Rumah Tangga, nanging menawa sing lanang kuwi duweni neton ana dina kurang apik bisa nganggo neton sing wedak yaiku bojone utawa anak-anake sing duweni neton ana dina apik. Ancas saka nemtoake dina apik kanggo gawe omah yaiku supaya sing duwe omah kuwi ngrasa aman saha nyaman ana panggonan kang bakal dipanggoni, lan uga sing duwe omah kuwi duwi pangajab supaya nemoni kauripan sing seneng saha oleh rejeki sing akeh.

Adhedhasar Nemtokake Sasi besut

Sasi sing apik kanggo nemtokake sasi kanggo bangun paomahan yaiku sasi sapar, mulud, ruwah, pasa, dzulko’dah lan sasi besar, dene sing sasi sing kurang apik kanggo gawe omah yaiku sasi sura, bakdomulut, jumadil akhir, rejeb, syawal. Ancas saka nemtoake sasi apik kanggo bangun omah Jawa yaiku supaya oleh kaselametan, urip seneng, saha digampangke anggone golek rejeki.

Cara Milih Lemah besut

Ana ing kauripane uwong Jawa, akeh peranganing lemah sing bisa apik kanggo ngadekake omah. Lemah utawa pekarangan kang apik knggo ngedekake omah kayat gasik, mangkudalan, tegese lemah kuwi cedak kara doalan gedhe utawa cilik supaya gampang anggono metu saka omah, lêmpêng, ayem, tegese oamah kuwi penak dinggo gawe omah.[2]

Menawa di delok saka jinising lemah, ana perangan sing lemah kang ana gayutane karo uwong sing duwe omah yaiku:

a.       Sitimanikmaya, yaiku lemah sing latare jembar ana kidul. Saka kuwi duwe pangarep-arep supaya sing duwe omah urip seneng.

b.      Sitidhandhang kekalangan, yaiku pekarangan lemah bekas saka kuburan lan ana sekitare iseh akeh kuburan. Duweni teges menawi digawe omah utawa usah ora bisa ngolehke kasenengan utawa ketentremam, anane mung rasa sedih, akeh penyakit, duweni rasa wedi, saha bakalan akeh hubungane karo polisi utawa akeh urusan karo polisi.

c.       Sitiwerit, yaiku lemah sing sakral, angkel, saha gawat. Sebab saka lemah werit, kurang luwih lemah kuwi bekas kanggo uwong gantung diri, ana kecelakaan neng cerak papan kuwi, saha ana prakawis liya sing ora wajar. Lemah iki menawa dipanggoni ora bakal isa ayem. Uripe bakal diganggu karo prakwis-prakawis gaib.

d.      Siti sunnduk sate, yaiku lemah sing ana ing perelon(pertigaan) dalan. Tegese menawa lemah iki di panggoni biasane kurang penak, sing manggon ana ing omah kuwi bakal kerep lara

Sumber besut

  1. Endraswara, Suwardi (2005). Buku Pintar Budaya Jawa. Yongyakarta: Gelombang Pasang. kc. 244–248. ISBN 979-98385-8-4.
  2. tyas, noviani (2018-04-10). "Persepsi Masyarakat Jawa Terhadap Tradisi Membangun Rumah Di Desa Bandar Negeri Kabupaten Lampung Timur". pendidikan: 12.