Ngèlmu rakyat inggih menika kadosta kawruh utawi ngèlmu pengetahuan ingkang lokal ingkang mapan,saha asalipun wonten ing rakyat. Ngèlmu rakyat menika asring dipunwastani ngèlmu sepuh utawi ngèlmu tua. Kadosta ingkang kaandharaken dening Suwardi (2010), wonten ing bukunipun mawi irah-irahan “Folklore Jawa Macam Bentuk, dan Nilainya”. Suwardi ngandharaken menawi Ilmu Rakyat iku sawijining kawruh lokal ingkang uga asring dijuluki ngèlmu sepuh utawi ilmu tua. Ugi wonten ingkang njuluki ngèlmu rakyat minangka wedha utawi wedya.[1] Ngèlmu rakyat minangka ngèlmu ingkang dipunturun-aken déning para leluhur dhateng para waris-ipun utawi generasi salajengipun menika kagolong ngèlmu Lisan. Ngèlmu Lisan menika ngèlmu ingkang dipunturunaken kanthi cara Lisan boten mawi tulisan. Biyasanipun ngèlmuLisan menika kagolong ngèlmu ingkang sakral, awit boten sadaya tiyang saged pikantuk ngèlmu-ngèlmu menika. Mbetahaken laku ingkang saestu saha tumenen.

Right

Andharan besut

Ngèlmu kadosta ngèlmu rakyat menika boten saged dipungayuh wonten ing sekolah, ananging saged mawi laku, uga boten sinerat kanthi téori-téori ananging kanthi lisan. anggènipun ngandharaken ngèlmu rakyat menika boten saged wonten ing pundi-pundi papan. kedah nengga wekdal ingkang pas. Biyasanipun ngèlmu rakyat menika dipunandharaken wonten ing malem Selasa Kliwon utawi Malem Jemuwah Kliwon. Papanipun ugi dipunpadosaken papan ingkang sepi saha tebih saking swara-swara kutu-kutu walang ataga (kewan-kewan alit ingkang ngganggu). Menapa kedhah madosi papan ingkang sepi, amargi leluhur wonten ing jaman rumiyin menika pitados bilih ngèlmu rakyat menika dipun anggep mistis saha sakral, gadhah kekuwatan ingkang boten saged sedaya tiyang menika saged mangertosi. Sinten kémawon ingkang badhe nggayuh ngèlmu rakyat menika betah-aken laku ingkang satuhu, inggih awujud laku lair saha batin. Laku lair saha batin menika saged dipun-olah kanthi cara sesirik. Kanthi cara sesirik tiyang menika tamtu saged gadhah wadhah kanggé nampi ngèlmu rakyat menika wonten ing jiwanipun. Kadosta ingkang dipunandharaken Suwardi (2010), “Pada waktu mempelajari ilmu rakyat memang tidak hanya seperti orang belajar disekolah. Orang yang hendak belajar ilmu rakyat sungguh-sungguh membutuhkan laku lahir dan batin. Dengan cara sesirik manusia akan siap tempat ilmu rakyat didalam hatinya.”[2]

Ngèlmu rakyat menika kagolong jinis ngèlmu ingkang sinengker. namung tiyang ingkang sampun èstu-èstu siap kanggé dados waris ngèlmu menika. Salah satunggal saking pawadan bilih ngèlmu rakyat menika naming saged dipunsinaoni déning tiyang ingkang sampun siyap saha sampun suci inggih awit tiyang jawi menika gadhah kapitadosan, menawi wadhah tasih reget wonten ing awakipun manungsa menika, samangké ngèlmu rakyat menika bakal siya-siya utawi muspra tanpa guna, kepara malah pikantuk kuwalat anggènipun nyinau ngèlmu rakyat menika. Saking kapitadosan menika ndadosaken tiyang ingkang badhe pikantuk berkah saha badhé nyinau ngèlmu rakyat menika kedah èstu-èstu tumenen anggènipun nyinau, saha dipunjangka kanthi laku sabar, lembah manah, saha nyiriki pakareman.

Ruang lingkup besut

Ruang lingkup utawi cakupan ngèlmu rakyat menika saged awujud Pétung kaslametan, puji-pujian, japa, mantra lan aji-aji, jangka, ngèlmu wetah, donga, jamu jawa, kadigdayan (ingkang saged awujud gendam, ngraga suksma), ugi ngèlmu terawangan, ngalamat, saha pawukon. Ngèlmu – ngèlmu ing inggil menika kagolong satunggal jinis inggih menika dipunwastani ngèlmu paguron. Ngèlmu paguron inggih menika ngèlmu ingkang anggènipun madosi menika mbetahaken tapa, laku lan sumembah sumungkem dhateng para Guru. Guru wonten ing kontèks menika boten kadosta guru ingkang wonten ing sekolah-sekolah, ananging guru menika inggih para sesepuh utawi pandhita wonten ing jaman kalarumiyin. Sadaya jinis ngèlmu rakyat wonten ing inggil menika, inggih minangka cerminan utawi kaca benggala saking kadigdayan-nipun tiyang Jawi anggènipun ngayahi pagesangan. Ngèlmu menika minangka kasil saking olah otak, olah hati saha olah rasanipun tiyang Jawi gayut kalihan hubungan vèrtikal (inggih hubungan dhateng Gusti) saha hubungan horisontal (hubungan dhateng manungsa, sadaya makhluk, saha alam utawi jagad raya). Tiyang Jawi menika gadhah satunggal kunci kanggé ngayahi pagesangan, inggih menika ngèlmu Titèn. Ngèlmu Titèn menika dipuncak-aken tiyang Jawi supados gesangipun tiyang Jawi menika saged tebih saking culika, saha bebaya manggih kamulyan lan kabagyan.

Rujukan besut

  1. Endraswara, Suwardi 1964- Verfasser (2010). Folklor Jawa bentuk, macam, dan nilainya. Penaku. ISBN 9789791853262. OCLC 1073706086. {{cite book}}: |last= has generic name (pitulung)
  2. Endraswara, Suwardi 1964- Verfasser (2010). Folklor Jawa bentuk, macam, dan nilainya. Penaku. ISBN 9789791853262. OCLC 1073706086. {{cite book}}: |last= has generic name (pitulung)

Bibliografi besut

  • Endraswara, Suwardi. 2010. FOLKLORE JAWA Bentuk, Macam, dan Nilainya. Jakarta: Penaku.
  • Endraswara, Suwardi. 2005. Tradisi Lisan Jawa. Yogyakarta: Narasi.