Nglenggana

Nglenggana iku tembung saka lingga lenggana kang olèh wuwuhan ater-ater anuswara. Tembung iki mengku teges "emoh", "suthik", "ora manut", "(a)ndaga", lan "mbadal préntah".

Teges lan asalBesut

 
Kumbakarna tan nglenggana mring dhawuhing rakanira.

Tuladhané tembung iki ing ukara, mangkéné:

"Kumbakarna tan nglenggana mring dhawuhing rakanira".

Tembung tan nglenggana ing ukara kuwi tegesé "ora mbadal (préntah)", "ora mingkuh", utawa "ora suthik". Dadi, tan nglenggana iku padha karo "manut" utawa "miturut". Tembung lenggana (ing basa Jawa Kuna) iku asalé saka basa Sangsekerta lan tembung wod langh. Tembung wod iki bisa didhapuk tembung-tembung, umpamané langhayati, langhita, lan langhya. Tembung langhya ing basa Jawa Kuna mengku teges meh padha karo tembung langgana (langghana), ya iku "nampik (préntah)" utawa "mbadal (dhawuh)".

PanganggoBesut

Ing jaman saiki, tembung lenggana (nglenggana) kadang dianggo kanthi teges kosok balèn karo tegesing tembung sakawit. Tuladhané tembung iki ing ukara, mangkéné:

"Awit nglenggana dados titah sawantah ingkang mboten kalis ing kalepatan, pramila keparenga kula nyadhong lumunturing sih pangaksama".

Tembung nglenggana ing ukara iki tegesé "ngrumangsani", "rumangsa", utawa "ngakoni". Owah gingsiré tegesé tembung kaya mangkéné iki pancèn ana tunggalé, umpamané tembung wara (basa Jawa Kuna) ing sakawit tegesé "ana". Tembung wara iku saiki dadi tembung ora kang mengku teges "kosok balèn karo kang kasebut", kaya ta kaya tetembungan ora ana, ora larang, ora teka, lan sapanunggalé. Tetembungan tan ora tegesé "kudu" utawa "mesti". Ing basa Indonésia, umpamané tembung acuh tegesé "migatèkaké" utawa "nggatékaké". Ananging, tembung acuh iki asring dianggo kanthi teges kosok balèn karo teges kang sakawit.

Panganggoné tembung kang kanthi teges kosok balèn karo teges baku utawa teges kang sakawit iku kawiwitan saka ora pener, sanajan wis kebanjur kaprah. Beneré, tembung lenggana (nglenggana) iku tegesé "ora gelem", "suthik", "emoh", "ora manut", "(a)ndaga", lan "mbadal préntah". Kanthi mangkono, ukara kang wis kasebut mau beneré mangkéné:

"Awit tan nglenggana dados titah sawantah"

Utawa diganti mangkéné:

"Awit ngrumaosi dados titah sawantah ingkang mboten kalis ing kalepatan".[1]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 12–13. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut