Nyapih asalipun saking tembung "sapih" ingkang gadhah pangertosan pisah utawi misahaken. Nyapih inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawi ingkang ancasipun kanggé nylameti laré ingkang nembé mandhek nyusu ibunipun.

Wonten ing wekdal kepengker, tiyang Jawi ngginakaken ubarampé kanggé nyapih larènipun. Nanging, sapunika sampun jarang utawi malah sampun boten wonten ingkang ngginakaken ubarampé. Wonten ing ngandhap punika ubarampe ingkang dipun-ginakaken tiyang Jawi jaman kepengker wonten salebeting upacara nyapih, kados ta:

  • Kupat ingkang dipunsigar lajeng dipunisi abon wonten saktengahipun.
  • Katul ingkang dipundamel bunder-bunder kados ta bal alit-alit, lajeng dipundang.
  • Kembang "borèh"
  • 7 Tumpeng alit
  • Ron jati ingkang dipuntungkupaken
  • Senthir ingkang dipunsélèhaken wonten sakngandhaping ambén
  • Lisah klapa ingkang dipunsélèhaken wontên pinggan ingkang wonten toyanipun
  • Ndog pitik mentah
  • Ron gedhang ingkang dipunsuwèk-suwèk lajeng dipuntali kaliyan ndonga: "ora mbundheli godhong, nanging mbundheli tutuké si jabang bayi". Ancasipun supados bayi boten réwèl.
  • Wanci ndalunipun, laré dipunbeta wonten njabi griya, lajeng sirahipun dipuntémpèlaken wit gedhang raja. Mênawi sampun gangsal dintên, dipundamêlakên bubur ingkang dipunsadé dhateng laré-laré ingkang "kreweng" minangka artanipun. "Kreweng" utawi tugelan gendhèng, lajeng dipunkempalakeên, dipunparingi kembang saha kemenyan lajeng dipunlarung wonten kali.

Pratélan Pustaka besut

Hadiatmaja, Srjana dan Kuswa Endah. 2009. Pranata Sosial dalam Masarakat Jawa. Yogyakarta: Grafika Indah.