Omah Anugrah Ki Purbo Asmoro

Purbo Asmoro [1] ya iku dhalang sing wis dikenal wiwit tahun 1990. Minangka dhalang dhèwèké duwèni paugeran isa nyraténi marang sakabèhing golongan[2]. Purbo Asmoro uripé pancèn manggon ana lingkungan seni awit jroning kandutan. Purbo ya iku anak sing turun saka dhalang wayang kulit saka Pacitan, Jawa Timur. Bapaké Sumarno, mbahné Suradi lan mbah buyuté Kromo kabèh kuwi dhalang.  Purbo dadi generasi dhalang jaman sekolahan.

Kauripan besut

Lulus Sekolah Menengah Karawitan Indonésia (SMKI), ing Solo, tahun 1982, Purbo nglanjutaké menyang Akademi Seni Karawitan Indonesia (ASKI) sing saiki dadi Institut Seni Indonesia (ISI), Solo, jurusan pedhalangan lan lulus tahun 1986. Dhèwèké ngrampungaké studi S-2 Kajian Seni Pertunjukan Universitas Gadjah Mada 2003.Purbo kagolong salah siji dhalang wayang kulit laris saka Solo.

Wiwit ndhalang ana ing ngarepé masyarakat umum umur 17 taun, Purbo tau dadi juara 1 ana ing Lomba Dhalang se-Jawa Tengah, tahun 1992. Dhèwèké uga dadi dhalang unggulan ing Festival Greget dhalang 1995. dhalang sing aktif sajroning kepengurusan Ganasidi (Lembaga Seni Pedhalangan Indonesia) lan Yayasan Sesaji dhalang, iki kerep ndhalang lan mènèhi workshop menyang sajabané negara, kaya ta: Inggris, Ostenrik, Yunani, Amerika, Bolivia, Thailand, Singapura lan Perancis. Mangayubagya HUT kamardikan Indonesia kang kaping 64, Purbo Asmoro diundang déning Presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY), kanggo ndhalang ana ing Istana Merdeka. Purbo Asmoro dhalang disik dhéwé sing ndhalang ana ing Istana, sakwisé 40 taun ora ana pagelaran wayang kulit purwa ana ing Istana kepresidènan.

Kaluwarga seniman kuwi saya jangkep amarga garwané Purbo, Sudi Rahayu, uga pesindèn. Sudi ya iku kanca sekolah Purbo ing SMKI kang nerusaké ana ing jurusan tari ASKI. Anak Purbo sakloron uga sinau ing bidang karawitan. Ki Purbo duwèni anak loro ya iku Indung Prabancana (24) lan Kukuh Indrasmoro (19).

Omah Kanugrahan besut

Kuwi biyèn, tahun 1988, nalika Purbo Asmoro disik dhéwé duwèni omah kang cilik. Saiki omah Purbo ora cilik menèh, nanging malah ana limang omah. Wong Solo, biyèn ora gelem urip ing tlatah kang saiki dadi panggone Purbo. Amarga dalané sing angel, lokasiné kuwi uga cedak klawan kuburan Bonoloyo. Aning limang tahun disik dhéwé, Purbo babat alas lan adaptasi karo kahanan lingkungan. Biyèn, nalika Purbo lan kaluwarga lumebu réné, omah iki ora ana fasilitas listrik lan banyu resik. Dalan lumebu menyang omah uga jemèk kaya sawah.

Nanging, dhèwèké nglakoni urip kanthi seneng minangka dhalang kang nalika iku duwèni anak  siji sing umuré rong tahun. Nalika isih ngontrak, Purbo angèl payu. Nanging bareng wis manggrok ana ing omahé iki lan ora ngolah-ngalih, Purbo wiwit akèh sing nanggap.

Limang Omah Limang Taun besut

Sakwisé manggon ana ing omah cilik taun 1993, Purbo isa tuku omah sing ukurané pada sing panggonané persis ing sisih omahé. Dadi, omahé uga tambah amba, ping pindhoné 60 meter persegi. Omah sambungan kuwi dhèwèké kangggoké dadi garasi mobil.

Purbo saya laris lan omahé uga saya amba. Tahun 1998, Purbo tuku meneh omah sing uga persis ana ing sisih omahé. Dadi, sakjroning wektu sepuluh tahun, omah Purbo wis tambah dadi ping teluné amba omah sakdurungé. Telu omah kuwi gandengan lan dadi siji 180 meter persegi lan dibangun dadi omah “three in one” tingkat loro. Lantai ngisor dadi ruang tamu, dapur, lan ruang mangan. Lantai dhuwur ana kamar kanggo turu telu, ruang gamelan lan gazebo.

Rong puluh taun luwih sakwisé Purbo ngrintis saka ngisor dadi dhalang kanthi omah sing cilik. Saiki Purbo wis duwèni omah lima kang lokasiné ana ing sekitar omah disik dhéwéné. Siji awujud omah induk sing dipanggoni keluwargané. Omah ke loro  duwèni lantai loro manggon persis ing ngarepé omah induk. Lantai ngisor duwèni kagunan dadu garasi lan tantai duwur kanggo studio wayang genep karo sakperangkat gamelan.

Omah ketelu awujud omah gamelan sing manggon ing antarané omah induk lan studio. Omah joglo iku duwèni kagunan sosial. Omah kepapat saksebrangé dalan karo omah induk lan digunakaké kanggo studio musik. Sing kelima lagi dibangun lan disiapaké kanggo pandepokan seni ing sakduwuré lemah sing ambané 1.000 meter persegi.

Omah Purbo penak digolèki amarga lingkungané ana patung Anoman, tokoh sakjroning epos Ramayana kuwi, luwih ketok ing mripat amarga ukurané sing gedhé. Anoman ngadek ana sakpucuking dalan lumebu kompleks omahé seniman kuwi

Anoman duwèni jeneng liya ya ikui  Mayangkara. Lan Mayangkara kuwi jeneng paguyuban karawitan sing dipandegani Purbo. Mayangkara kuwi singkatan saka Mangesti Wayang Kagunan Rahayu. Jati diri minangka dhalang ketok saka gambar gunungan ana jendela kaca. Uga kendang sing ana ing ruang tamu. Nyeni sakjroning ukuran Purbo kuwi salah sijine ditunjukaké kanthi anané ukiran.

Tuladhané, ana ing saben omah, sakjroning lawang lumebu utama nganti lawang kamar,Ki Purbo masang lengkungan saka ukiran kayu jati. Motif ukiran dirancang Purbo dhéwé, babagan gawene diserahna seniman ukir saka Sukaharjo. Bahan lengkung kayu jati dhèwèké tekaké saka Blora.

Cocok lan Sukses besut

Lungguh ing sudut kiwa ruang tamu omah induk Purbo, awake dhéwé kabèh isa dheleng bekas omah ke siji lan ke loro kanthi sakabèhing lakon ing mburiné. Omah iki dadi panggonan, seneng-susah, panggonanku sinau urip lan nyambut gawené Purbo.

Saka pengalaman manggoni omah wiwit kahanan tanpa ana listrik la banyu resik, Purbo jupuk piwulang yen omah kuwi kudu disyukuri minangka berkah lan anugrah. Saka tindaké kuwi bakal tuwuh apa sing kasebut kacocokan antarané omah lan sing manggoni.

Rujukan besut

  1. Duto, Ardiastuty (2010-07-01). "Ki Purbo Asmoro: Dan Wayang pun Kembali ke Istana…". SoloRaya.Com (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2020-09-25. Dibukak ing 2019-05-20.
  2. Media, Kompas Cyber. "Rumah Anugerah Ki Purbo Asmoro". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-05-20.