Urangutan

(Kaelih saka Orang utan)
Orangutan[1]
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mamalia
Ordho: Primata
Famili: Hominidae
Subfamili: Ponginae
Elliot, 1912
Génus: Pongo
Lacépède, 1799
Spésies tipe
Simia pygmaeus
Linnaeus, 1760
Spesies
Pongo pygmaeus
Pongo abelii
Pongo tapanuliensis
Distribusi Orang utan

Urangutan (nama sanèsipun inggih wurangutan ing basa Jawi Kina utawi in basa Lumayu mawas) inggih punika sajinis munyuk ageng kanthi lengen dawa saha wulunipun semu abrit utawi coklat, ingkang taksih gesang ing alas tropika Indonesia saha Malaysia, mliginipun ing Pulo Kalimantan saha Sumatra.[2]

Étimologi besut

Tembung "urangutan" dipunpendhet saking basa Lumayu, inggih punika ‘urang’ ingkang ateges tiyang lan ‘utan’ ingkang ngemu teges ‘wana’. Sanadyan mekaten tembung punika sampun wonten ing kasusastran Jawi Kina kaliyan Jawi Tengahan.

Ing Kakawin Ramayana ingkang bokmanawi kaserat ing abad kaping 9, ugi sampun wonten:

  • 24.123b.: minggat mèlik ri kabwat wedi mèlu milag lolog wurang utan[3]
  • 25.10d: padha janggutan wurangutanya manèk [4]

Lajeng ing Kidung Tantri Kedhiri uga wonten:

  • 2.4a. kidangnya lanâmangsul ing jroning jurang adulur ramya tang wut langkapa munggw ing pangning wrĕksa atri wrenya karwa angĕmban suta lumiñcit tang jĕmbulan tukang mwang wurangutan amilihi pala anutung pada tustâmilih nggonya munggw ing kaywan adulur,[5]

Ing basa Jawi Kina kaliyan Tengahan punika mboten patiya cetha punapa wurangutan utawi urangutan punika inggih leres ngrujuk marang urangutan.

Dèskripsi besut

 
Orangutan (pongo sp.) ing wilayah konservasi ex-situ Taman Safari Indonesia Cisarua, Bogor, Jawa Barat.

Orang utan wonten kalih spésies, inggih punika orang utan sumatera (Pongo abelii) lan orang utan kalimantan (borneo) (Pongo pygmaeus).[6] Ingkang unik inggih punika orang utan gadhah kekerabatan ingkang caket kaliyan manungsa ing tingkat kingdom animalia, ing pundi orang utan gahdhah tingkat DNA ingkang sami antawis 96.4%.

Salebetipun spésies urangutan Sumatra wiwit taun 2017 wonten spésies bènten malih ingkang diakeni, inggih punika urangutan Tapanuli (Pongo tapanuliensis).

Ciri-ciri besut

Orang utan gadhah badan ingkang lemu saha ageng, gulunipun ageng, lengen ingkang dawa lan kiyat, suku ingkang cekak, saha boten gadhah buntut.[7]

Orangutan gahdhah dhuwur antawis 1.25-1.5 mèter.[8]

Badan orang utan kebak kaliyan rambut abrit semu coklat.[9] Orang utan gadhah sirah ingkang ageng kanthi posisi lambe ingkang inggil.[7]

Nalika dumugi tingkat kematangan sèksual, orang utan lanang gadhah pelipis ingkang lemu ing kekalih sisihipun, ubun-ubun ingkang ageng, rambut dados dawa saha janggut ing kiwa-tengené praupan.[10] Orang utan gadhah indera ingkang sami kaliyan manungsa, inggih punika pangrungu, paningal, pangganda, pangecap, sarta paraba.[7]

Bobot orang utan lanang antawis 50–90 kg, déné orang utan babon bobotipun antawis 30–50 kg.[8] Telapak tanganipun gahdhah sekawan driji dawa katambah satunggal jempol.[7] Telapak sukunipun ugi gadhah sungsunan driji ingkang mirib kaliyan manungsa.[7]

Orang utan taksih kalebet ing spésies kera besar kados ta gorila lan simpanse.[6] Golongan kera besar mlebet ing klasifikasi mammalia, gadhah ukuran polo ingkang ageng, mata ingkang tumuju ing ngajeng, saha tangan ingkang saged nggegem.[6]

Klasifikasi besut

Orang utan kalebet kéwan vertebrata, ingkang ateges bilih orang utan gadhah balung belakang. Orang utan ugi kalebet kéwan mamalia lan primata.

Spésies lan Subspsiés besut

1. wonten kalih jinis spésies orang utan, inggih punika Orangutan Kalimantan / Borneo (Pongo pygmaeus) lan Orangutan Sumatra (Pongo abelii).[11]

2. Keturunan Orang utan Sumatra lan Kalimantan bènten wiwit 1.1 dumugi 2.3 yuta taun kapengker.[11]

3. Subspecies

  • Pembelajaran genetik sampun mengidentifikasi 3 subspesies Orangutan Borneo: P.p.pygmaeus, P.p.wurmbii, P.p.morio.[11] piyambak-piyambak subspesies berdiferensiasi kaliyan laladan sebaran geografisipun saha nglimputi ukuran badan.[11]
  • Orangutan Kalimantan Tengah (P.p.wurmbii) mapan ing laladan Kalimantan Barat lan Kalimantan Tengah. Sedaya punika minangka subspesies Borneo ingkang paling ageng.[11]
  • Orangutan Kalimantan laladan Timur Laut (P.p.morio) mapan ing laladan Sabah lan laladan Kalimantan Timur.[11] Sedaya punika minangka subspesies ingkang paling alit.[11]
  • Sapunika boten wonten subspéciés orangutan Kalimantan ingkang saged dipunkenali.[11]

Réferènsi lan cathetan suku besut

  1. Groves, C. (2005). Wilson, D. E., and Reeder, D. M. (èd.). Mammal Species of the World (édhisi ka-3). Johns Hopkins University Press. kc. 183–184. ISBN 0-801-88221-4.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: editors list (link)
  2. "National Geographic". Diarsip saka sing asli ing 2007-06-16. Dibukak ing 2012-12-08.
  3. Van der Molen (2015:545)
  4. Van der Molen (2015:574)
  5. Soekatno (2013:90)
  6. a b c Orangutan Foundation
  7. a b c d e Senses
  8. a b Orangutans
  9. "Red Ape". Diarsip saka sing asli ing 2020-09-23. Dibukak ing 2012-12-09.
  10. Biology
  11. a b c d e f g h info/info-books/orangutan/scientific-classification.htm Spesies[pranala mati permanèn]

Kapustakan besut

Pranala njawi besut