Pageblug Covid-19
Pageblug koronavirus 2019-2020, utawa uga dikenal minangka pageblug COVID-19, ya iku kadadèyan nulare lelara koronavirus 2019 (basa Inggrisé: coronavirus disease 2019, dicekak COVID-19), kang disebabaké déning severe acute respiratory syndrome coronavirus 2 (SARS‑CoV‑2).[1][2] Pageblug iki kacathet kapisan ing Wuhan, Cina, ing sasi Dhésèmber taun 2019.[3] Organisasi Kaséhatan Donya (WHO) netepaké kadadéyan iki minangka pageblug ing tanggal 11 Maret 2020. [4][5] Ing sasi Mèi 2021, gunggungé kasus COVID-19 iki wus ngancik luwih teka 159 yuta, ing 222 nagara lan wewengkon, kanthi 3,3 yuta wong tiwas lan udakara 136 yuta wong mari.[6]
Klasifikasi
besutCoronavirus nduwé subfamili kang arané Orthocoronavirinae[7] , kalebu salah sijiné saka loro subfamili ing Coronaviridae, ordo Nidovirales, lan alam Riboviria.[8]
Buntut
besutPageblug Covid-19 iki nyebabaké akeh buntut ala lan apik ing sakdunya, tuladhané yaiku ing babagan :
Ekonomi
besutPageblug iki wis ngewénéhi buntut kang ala tumraping parékonomian sakjagad. IMF nyatet yen parékonomian global wis anjlok ing jurang krisis sakwisé kurang luwih 95% nagara ing dunya iki diproyéksi ngrasakké kontraksi utawa partumbuhan ékonomi kang négatip.[9]
Sosial
besutAkeh banget buntut utawa dampak sosial amerga pageblug iki. Salah sawijiné yaiku mundhaké tindakan rasisme marang wong-wong teka Bawana Asia (utamane Asia Wétan lan Asia Kidul Wétan) ing nagara-nagara kulon utamané nagara Amérika Sarékat. Prakara iki akhire ngelairaké gerakan "Stop Asian Hate" utawa "Mandekké Kabencian Marang Wong Asia" minangka simbol pralawanan marang rasisme kang saya kerep kedadéyan akhir-akhir iki.
Iklim
besutSenadyan akeh dampak utawa buntut alané, pageblug iki ya duwéni buntut kang apik. Utamané ing babagan iklim. Akeh kutha ing dunya kang ngrasakke hawa sing luwih resik lan bebas teka polusi pas wayah pageblug iki, prakara iki jalaran teka kongkonané Pamérintah ing endi-endi waé supaya padha meneng ing omah waé kanggo ngurangi panyebaran Virus Corona.
Rujukan
besut- ↑ Gorbalenya, Alexander E. (11 Fèbruari 2020). "Severe acute respiratory syndrome-related coronavirus – The species and its viruses, a statement of the Coronavirus Study Group". bioRxiv (ing basa Inggris): 2020.02.07.937862. doi:10.1101/2020.02.07.937862.
- ↑ "Naming the coronavirus disease (COVID-19) and the virus that causes it". World Health Organization (WHO).
- ↑ Huang C, Wang Y, Li X, Ren L, Zhao J, Hu Y, et al. (February 2020). "Clinical features of patients infected with 2019 novel coronavirus in Wuhan, China". Lancet. 395 (10223): 497–506. doi:10.1016/s0140-6736(20)30183-5. PMC 7159299. PMID 31986264.
- ↑ "WHO Director-General's opening remarks at the media briefing on COVID-19 - 11 March 2020". www.who.int (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-03-22.
- ↑ "Statement on the second meeting of the International Health Regulations (2005) Emergency Committee regarding the outbreak of novel coronavirus (2019-nCoV)". World Health Organization (WHO). 30 Januari 2020. Diarsip saka asliné ing 31 Januari 2020. Dibukak ing 30 Januari 2020.
- ↑ "COVID Live Update: 159,068,471 Cases and 3,308,750 Deaths from the Coronavirus - Worldometer". www.worldometers.info (ing basa Inggris). Dibukak ing 2021-05-10.
- ↑ Fan, Yi; Zhao, Kai; Shi, Zheng-Li; Zhou, Peng (2019-03-02). "Bat Coronaviruses in China". Viruses. 11 (3). doi:10.3390/v11030210. ISSN 1999-4915. PMC 6466186. PMID 30832341.
- ↑ King, Andrew M. Q.; Adams, Michael J.; Carstens, Eric B.; Lefkowitz, Elliot J., èd. (2012-01-01). Virus Taxonomy (ing basa Inggris). San Diego: Elsevier. kc. 806–828. ISBN 978-0-12-384684-6.
- ↑ Ekonomi, Warta. "Dampak Pandemi Covid-19 Terhadap Perekonomian Dunia | Infografis". Warta Ekonomi (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2021-05-10.