Pananggalan Julius

Pananggalan Juliyus utawa Kalèndher Juliyus kawanuhaké déning Juliyus Caesar ing taun 45 Sadurungé Masehi. Kalèndher iki minangka taun syamsiah (srengéngé) kanthi cacahing dina tetep saben wulané, lan disisipi sadina saben 4 taun kanggo ngepasaké dawané taun tropis. Kalèndher iki dipigunakaké kanthi resmi ing saindhenging Éropa, nganti anané réformasi kanthi panganggoan Pananggalan Grégoriyus ing taun 1582 déning Paus Grégoriyus XIII. Britania Raya nembé mantrapaké ing taun 1752, Ruslan nembé ing taun 1918 lan Yunani nembé ing taun 1923. Gréja Ortodoks nganti saiki isih tetep migunakaké Pananggalan Juliyus saéngga prayaan Natal lan Taun Anyar béda.

Era sadurungé taun 45 SM dijenengi era bingung, amarga Juliyus Caesar nyisipaké 90 dina sajeroning kalèndher tradhisional Romawi, supaya luwih nyedhaki treping ganti mangsa. Panyisipan iki crobo banget saéngga wulan-wulan sajeroning kalèndher iku ora trep manèh. Pungkasané, manut saran Sosigenes, astronom saka Iskandariyah, Caesar ngukuhaké kalèndheré dadi 12 wulan, saben wulan cacahing dina tinentu kaya saiki iki, kanthi panetapan taun wuntu saben 4 taun, kanthi kapitayan yèn dawaning 1 taun surya iku 365,25 dina wektu iku. Mawa cara iki saben 128 taun, kalèndher iki kepunjulan sadina.

Wiwit sédané Caesar, patrapaning taun wuntu ora trep. Kabisat sing kuduné dicakaké nalika ngidak taun angka 4, dadi dicakaké 3 taun pisan. Kaanan iki sabanjuré digenahaké déning Kaisar Agustus, kanthi ngilangaké kabèh dina wuntu saka taun 8 SM nganti taun 4 Masehi. Sawisé iku, kalèndher Juliyus lumaki kanthi luwih apik.

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut