Panatacara dadi salah siji wujud kabudayan sing kerep digunakaké ing acara-acara kejawèn. Kabudayan sing asipat pawongan (ora rombongan) iki butuhaké kaprigelan saka wujud budaya Jawa liyané. Wujud kaprigelan mau kaya déné ngèlmu janturan ing bab pedhalangan, tetembangan, tata busana, tata rias Jawa, unggah-ungguh, tata krama, lan uga olah gendhing Jawa. Kaprigelan iki mémper Pembawa Acara yèn nggunakaké Basa Indonesia utawa Master of Ceremony yèn nggunakaké basa Inggris.

Panatacara kerep diparagakaké déning wong lanang. Nanging, ora mokal yèn adat iki uga diparagakaké déning wong wédok. Ngrantam utawa ngrakit adicara murih gancaré acara dadi tugas bakuné. Ora mung iku, kadhangkala Panatacara uga kudu bisa gawé regengé swasana kanthi kaprigelan-kaprigelan (wis) diduwèni, kaya déné nembang (nyanyi), nggecul (humor), sulapan, lsp. Nanging bab kaprigelan iku ora awujud baku. Bab iku mung rerenggan (rerenggan) kanggo ngregengaké swasana, nalika acara katon nglangut tanpa paragan (hiburan) apa-apa. Kanthi dhasar mau, wong sing wis sinebut Panatacara kudu (sakora-orané) mumpuni kabèh bab sing ana gandhèngcènèngé karo bab budaya Jawa.

Cathetan sikil

besut