Pancasila
Cithakan:Tata Nagara Républik Indonésia
Tembung Pancasila (ꦥꦚ꧀ꦕꦯꦷꦭ, Pañcasīla) kapérang saking kalih tembung basa Sansekerta: pañca ingkang tegesipun gangsal lan śīla tegesipun prinsip utawi asas. Pancasila minangka dhasar nagari Républik Indonésia isinipun:
- Ketuhanan Yang Maha Esa
- Kemanusiaan Yang Adil Dan Beradab
- Persatuan Indonésia
- Kerakyatan Yang Dipimpin Oleh Hikmat Kebijaksanaan Dalam Permusyawaratan/Perwakilan
- Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonésia
Sajarah Perumusan
besutSalebetipun upados ngrumusaken Pancasila minangka dhasar nagari ingkang resmi, wonten usulan-usulan pribadi ingkang dipunajokaken salebetipun Badan Panylidhik Usaha Persiapan Kamardikan Indonésia inggih punika:
- Gangsal Dhasar déning Muhammad Yamin, ingkang pidhato nalika tanggal 29 Mèi 1945. Yamin ngrumusaken gangsal dhasar punika: Peri Kabangsan, Peri Kamanungsan, Peri Ketuhanan, Peri Karakyatan, lan Kasajahtran Rakyat. Panjenenganipun nélakaken bilih gangsal sila ingkang dipunrumusaken punika oyotipun ing sajarah, peradaban, agama, lan gesang katatanagaran ingkang sampun dangu ngrembaka ing Indonésia. Mohammad Hatta salebetipun mémoaripun meragukan pidhato Yamin wau.[1]
- Panca Sila déning Soekarno ingkang dipunajokaken tanggal 1 Juni 1945. Sukarno ngajokaken dhasar-dhasar: Kabangsan; Internasionalisme; Mufakat, dhasar perwakilan, dhasar permusyawaratan; Kasejahtraan; Katuhanan. Nami Pancasila punika dipunsebat déning Soekarno salebeting pidhatonipun nalika tanggal 1 Juni itu, ngendikanipun:
- Sapunika kathahipun prinsip: kabangsan, internasionalisme, mufakat, kasejahtraan, lan katuhanan, gangsal wilanganipun. Naminipun sanès Panca Dharma, nanging kula namèkaken punika kanthi pitedah satunggiling rèncang kita ahli basa-namanipun inggih punika Pancasila. Sila tegesipun azas utawi dhasar, lan ing sainggiling galsal dhasar punika kita madegaken nagari Indonésia, langgeng lan abadi.
Sasampunipun Rumusan Pancasila dipuntampi minangka dhasar nagari kanthi resmi sapérangan dhokumèn panetepanipun inggih punika:
- Rumusan Sepindhah: Piagam Jakarta-tanggal 22 Juni 1945
- Rumusan Kaping kalih: Pembukaan Undang-undang Dasar-tanggal 18 Agustus 1945
- Rumusan Kaping tiga: Mukaddimah Konstitusi Républik Indonésia Sarékat-tanggal 27 Dhésèmber 1949
- Rumusan Kaping sekawan: Mukaddimah Undang-undang Dasar Sauntawis-tanggal 15 Agustus 1950
- Rumusan Kaping gangsal: Rumusan Kaping kalih ingkang dipunjiwai déning Rumusan Sepindhah (ngrujuk Dekrit Présidhèn 5 Juli 1959)
Dinten Kasektèn Pancasila
besutTanggal 30 September 1965, punika awal saking Gerakan 30 September (G30SPKI). Pambrontakan punika wujud wujud upados ngéwahi unsur Pancasila dados ideologi kuminis. Dinten punika, enem Jendral lan sapérangan tiyang sanèsipun dipunpejahi minangka upados kudhéta. Nanging amargi kasadharan kanggé mbéla Pancasila mila upados kasebat ngalami kagagalan. Mila 30 September dipunpèngeti minangka Dinten Pèngetan Gerakan 30 September lan tanggal 1 Oktober dipuntetepaken minangka Dinten Kasektèn Pancasila, mèngeti bilih dhasar Indonésia, Pancasila, punika sekti, boten kagantosaken.
Ugi pirsani
besut- Indonésia
- Garuda Pancasila minangka Lambang Indonésia
- Pancasila Buddhis salabetipun Filsafat Agama Buda.
Pranala njawi
besutRéferènsi
besut- ↑ Suwarno, P.J. Pancasila Budaya Bangsa Indonésia. kc. 12.