Pasang tarub utawa pajang tarub iku péranganing upacara mantu ing adat Jawa sing katindakaké rong dina sadurungé upacara panggih.[1] Tarub sing dimaksud wujud bleketépé (adaté nam-naman blarak[1], nanging uga ana sing nganggo janur[2]) kanthi ukuran pasagi sing dawané 1,5-2 mèter.[1] Mula-bukané, tarub iki minangka payon lan pager wuwuhan tumrap omah sing nggelar upacara mantu. Ing jaman saiki, tarub iki salin pigunané mligi minangka rerenggan lan simbul kaslametan ing papan pagelaran upacara mantu. Sawisé pasang tarub, tumuli katindakaké pasang tuwuhan.

Latar wuri

besut

Adat pasang tarub katindakaké kanggo ngajèni lan ngleluri tandangé leluhuring kraton nama Ki Ageng Tarub nalika ndhaupaké putrané èstri.[3] Kacarita nalika duwé gawé, Ki Ageng Tarub rumasa omahé cilik. Supaya omahé katon amba tur pèni, dhèwèké banjur gawé bleketépé sing dipasang minangka tarub ngubengi payon omahé uga dipasang minangka pager. Tarub wujud bleketépé mau wusana kanggo ngayomi para tamu sing teka jagong ing ngarep omah lan ngayomi para réwang ing buri omah.

Pamasang

besut

Sadurungé tarub dipasang, diyasa sawijining gapura saka kayu utawa pring.[1] Gapura mau diyasa ing ngarepé omah sing duwé gawé. Gunané minangka papan pangecaké tarub. Pasang tarub kawiwitan pamasangé bleketépé ing gapura mau. Cacahé bleketépé bisa siji utawa luwih, manut dawaning gapura. Sing masang bleketépé mau bapaké pangantèn èstri, déné ibuné sing nggawakaké. Lelakon iki diseksèni sanak sadulur. Sawisé bleketépé kapasang, pari rong wuli dipasang sakiwa-tengené gapura.

Pamasangé bleketépé lan pari ing gapura mau mratandhani wiwité pamasangé tarub liyané ing sakiwa-tengené omahé sing duwé gawé utawa gedhong mantèn.

Réferènsi

besut
  1. a b c d Pringgawidagda, Suwarna (2006). Tata Upacara dan Wicara: Pengantin Gaya Yogyakarta. Kanisius. ISBN 9789792110609.
  2. "Dhaup Ageng". Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Diarsip saka sing asli ing 2017-11-06. Dibukak ing 2017-11-08.
  3. Irawan, Bambang (2015). Tata Upaca Adat Pernikahan Dalem Wayah Ageng Karaton Surakarta Hadiningrat. Surakarta: Sinergi Mediawisata. kc. 36.