Penisilin
Penisilin (Inggris:Penicillin utawa PCN) ya iku salah sawijiné kalompok antibiotika β-laktam kang minangka nambani lelara infeksi kang disebabaké amarga bakteri, lumrahé duwé jinis Gram positif.[1]
Jeneng Penisilin uga kena kanggo nerangaké anggota kalompok penisilin kang luwih spesifik.[1] Kabéh penisilin nduwé dhasar rangka kang diarani Penam kang duwé rumus molekul R-C9H11N2O4S, ing ngendi R ya iku rangka samping kang warna-warna.[1]
Nalika Perang Dunia II, penisilin diwénéhaké kanggo amputasi wadyabala sekuthu, lan bisa nylametake 12-15% nyawa.[2] Nalika iku, penisilin isih winates cacahé awit angèl kanggo digawé kanthi cara masal.[2] Nalika semana penisilin diklumpukaké saka banyu uyuh pasien lan dianggo manèh.[2]
Struktur kimiawi penisilin dingerteni karo Dorothy Crowfoot Hodgkin nalika wiwitan taun 1940an.[2] Penemuan iki ndadèkaké penisilin kena digawé kanthi cara sintetik.[2] Salah sijiné tim saka Oxford nemu metode produksi massal penisilin.[2] Tim kang kabawah Howard Walter Florey iki éntuk Bebungah Nobel ing babagan Kedhokteran utawa Fisiologi nalika taun 1945.[2] Nalika iku penisilin dadi antibiotika kang akèh dianggo kanggo infeksi bakteri Gram positif.[2]
Penisilin banjur dikembangaké dadi ampisilin, kang duwé kagunan kang luwih tinimbang penisilin asli.[2] Sawisé iku banjur diasilaké penisilin kang bisa nahan enzim beta-laktamase kalebu flukloksasilin, dikloksasilin, lan metisilin.[2] Penemuan iki wigati banget amarga bisa matèni spésies bakteria kang duwé beta-laktamase, nanging ora bisa maténi strain Staphylococcus aureus kang tahan metisilin.[2]
Cathetan suku
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |