Perang Bali iku perang antarané karajaan ing Bali lawan Walanda. Sakdurungé abad 19, Bali iku dikuasai déning karajan-karajan cilik kang kabéhan ing ngisoré Kraton Klungkung.[1] Ing abad 19, Walanda wiwit lumebu amarga kepéngin nguwasani Indonésia sakabehané.[1] Ing mangsa pamaréntahané Raja Déwa Agung Putra ya iku ing taun 1841, Kraton Klungkung lan Walanda nganakaké kesepakatan.[1] Ing kesepakatan antara Karajan Klungkung lan Walanda iku mau déné Bali iku “Kupernement” saka Indhiya Nèderlan kang artiné Bali iku bébas saka prabawa kakuasaané Walanda.[1] Bali uga olèh hak Tawan Karang ya iku hak kanggo njupuk barang-barang lan kapal-kapal kang “terdhampar” ing Bali.[1] Ing taun 1844, Kraton Bulèlèng (karajan kang paling kuwat) nganggo hak Tawan Karang amarga ana kapal dagang kang terdhampar ing Prancak.[1] Ing mangsa iku Kraton Buléléng iku diperéntah déning Raja I Gusti Ngurah Made Kaarangasem lan patihé I Gusti Ketut Jelantik, wong loro iki anti Walanda.[1] Alasan tawan karang iki dienggo déning Walanda kanggo nyerang Kraton iki lan kadadéyan perang. Pertahanan Kraton Bulèlèng iku ing Jagaraga.[1] Ing perang kapindho, Jagaraga dikuwasai Walanda. Raja lan patihé seamet lan lnga menyang Karangasem.[2] Pertempuran iki kaloka kanthi jeneng Puputan Karangasem.[2] Sawisé bisa ngalahaké Kraton Bulèlèng Walanda wiwit nyerang Kraton liya kaya Kraton Klungkung, Kraton Badung, lan Kraton Tabanan.[2] Ing taun 1908 Kraton Klungkung ngelawan Walanda tekan ratu lan kabéhan anggota kaluwargané palastra.[2]

ilustrasi perang Bali taun 1846

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h (Badrika, I.B.(2006)."Sajarah untuk Kelas XI Program Ilmu Sosial Jilid 2".Jakarta:Erlangga. Hal.172)
  2. a b c d (Badrika, I.B.(2006)."Sajarah untuk Kelas XI Program Ilmu Sosial Jilid 2".Jakarta:Erlangga. Hal.173)