Perang Banjarmasin
Perang Banjarmasin iku kedadéan ing Banjarmasin taun 1859 kang diowahaké déning Pangéran Antasari.[1] Ing perang iki Walanda Pangeran Antasari iku anaké Sultan Muhammad kang anti mara Walanda.[1]
Sebab Perang Banjarmasin
besutIng masa pemerintahané Sultan Adam, Walanda wiwit melbu ing Banjarmasin.[2] Sultan Adam nyatakaké déné Karajaan Banjar lan Walanda iku ana gayutan ing taun 1826. Nanging wiwit taun 1850 wiwit ana tukaran ing kulawarga karajan lan Walanda milu njupuk pérangan ing tukaran iki.[2] Walanda “ngadu dhomba” kulawarga karajan.[2] Ing karajan dadiné ana telu pihak ya iku:
- kelompoké Pangéran Tamjid Illah, Pangéran Tamjid Illah iku putuné Sultan Adam.[2] Kelompok iki ora disenengi rakyat Banjar amarga sok mabok.[2]
- kelompoké Pangéran Prabu Anom, Pangéran Prabu Anom iku anaké Sultan Adam.[2] Kelompok iki ora disenengi rakyat Banjar amarga kelakuané kang ora apik.[2]
- Kelompok Pangéran Hidayatullah, Pangéran Hidayatullah iku putuné Sultan Adam.[2] Kelompok iki disenengi déning rakyat Banjar.[2]
Pangéran Hidayatullah ngawéh panyengkuyung mara Pangéran Antasari.[1] Pangéran Hidayatullah dibuang déning Walanda mara Cianjur.[1] Sebab Pangéran Hidayatullah dibuang mara Cianjur, rakyat Banjar ngangkat Pangéran Antasari dadi Sultan.[1] Sawisé diangkat dadi Sultan, perang kedadéan manèh.[1] Ing perang iki Pangéran Antasari luka lan séda ing taun 1862.[1] Perlawanan ngelawan Walanda terus dilanjutaké déning anak-anaké Pangéran Antasari tekan akhiré ora ana manèh kabar perang iku.[1]