Perang rebut keprabon Mataram II

Sunan Pakubuwana I surut nalika kraman ing Surabaya durung kasil rampung, disulihi Sunan Amangkurat IV. Patih Cakrajaya lan Kumpeni kang lagi pacak baris ing Surabaya mbesmi kramane Adipati Jayapuspita banjur ditimbali dening Amangkurat IV. Adipati Jayapuspita banjur ngumpul karo Pangeran Dipanagara kang uga ngraman ing Madiun. Pangeran Dipanagara banjur jejuluk Panembahan Herucakra, pacak baris lan yasa kedhaton lan alun-alun ing Sokawati.

Pangeran Arya Mataram kang nyawang kahanan tata praja ing Kartasura kang rusak uga banjur lolos lan sedya pacak baris ing Pathi. Arya Mataram bisa katelukake lan sasi Oktober 1719 dipidana gantung ing Jepara.[1][2]

Pangeran Adipati Blitar lan Pangeran Adipati Purbaya ya iku rayi dalem Prabu Amangkurat IV. Sawise Amangkurat IV jumeneng, sang prabu nglorot kalungguhan adipati saka pangeran kekaro dalah lemah gegadhuhan ing Blora lan mung dadi pangeran sentana. Pangeran Purbaya bisa nampa kahanan mau nanging Pangeran Blitar ora. Cekaking crita, kekarone banjur lolos kedhaton lan ngalih menyang Kerta, tilas kedhaton Sultan Agung ing Mataram kanthi ngirit abdi saka dalem Kapurbayan lan Kablitaran. Ing kono Pangeran Blitar kajumenengake nata aran Sultan Ibnu Mustapa, Pakubuwana Senapati ing Ngalaga. Anak angkat Pangeran Purbaya kang aran Pangeran Riya (kang sejatine putrane Amangkurat IV) kawisudha dadi Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara.[3]

Bala Kartasura lan Kumpeni kumpeni banjur nggebag Mataram ing sasi November 1719. Barisan Mataram suwe-suwe banjur mundur menyang Gunung Kidul, Panaraga, madiun, Kedhiri lan Malang. Patih Cakrajaya banjur mulih menyang Kartasura lan kaparingan nama Radèn Adipati Danurêja.[3]

Ing Malang, nalika taun 1721 Pangeran Blitar nandang lara banjur seda lan layon dikondurake menyang Kartasura, disarekake ing Imagiri. Pangeran Purbaya kumpul karo Panêmbahan Hèrucakra, Adipati Natapura, Adipati Suradilaga, tuwin Adipati Surapati njalari barisan tansaya gedhe. Kumpeni banjur ngupaya bedhamen karo kabèh pihak kang ngraman supaya enggal rampung. Wusana Pangeran Purbaya kakendhangake menyang Betawi, déné Panembahan Herucakra kakendhangake menyang Dhamakap (Tanjung Harapan) lan Adipati Natapura, Adipati Surapati, Adipati Suradilaga dibuwang menyang Selong.[4] Pangeran Riya kondur Kartasura kaparingan nama Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Kartasura.[3] Kabeh karampungake ing Mei-Juni 1723.

RujukanBesut

  1. Darmawan, Joko. Mengenal Budaya Nasional “Trah Raja-raja Mataram di Tanah Jawa”. Deepublish. ISBN 9786024533168.
  2. Ḥusain, Muẓaffar.; Akhtar, Syed Saud.; Usmani, B. D. A concise history of Islam. New Delhi. ISBN 978-93-82573-47-0. OCLC 868069299.
  3. a b c Mangkunagaran, Pakempalan. Serat Babad Panambangan - 1918.
  4. "Raja Jawa Ambil Kuasa: Buang Lawan Politik ke Afrika & Sri Lanka". tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-06-24.