Peté
Petai or Sato | |
---|---|
Peté | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Fabaceae |
Génus: | Parkia |
Spésies: | P. speciosa |
Jeneng binomial | |
Parkia speciosa Hassk. |
Peté utawa mlanding nduwéni jeneng latin Parkia speciosa.[1] Peté kalebu tuwuhan taunan tropika saka suku polong-polongan utawa Fabaceae.[1] Peté iki saka anan suku petai-petaian kang jeneng latiné Mimosoidae.[1] Tuwuhan iki urip kasebar ing Indonésia wewengkon kulon utawa barat.[1] Wijiné kang diarani peté lumrahé dipangan nalika isih anom.[1] Peté bisa dipangan nalika isih seger lan uga dimasak.[1] Yèn dipangan nalika isih seger lumrahé kanggo lalapan nganggo sambel.[1]
Dhèskripsi
besutWit peté urip taunan. Dené dhuwuré bisa nganti tekan 20 mèter.[2] Godhongé kalebu godhong majemuk, kang susunané sajajar ing bonggol.[2] Kembangé thukul ing cedhaké pucuk pang.[2] Wohé gedhé, dhapuré dawa, kaya woh polong-polongan.[2] Woh peté lumrahé ombyokan. Saben sakombyok bisa isi nganti welasan woh peté.[2] Saben sapeté kang dawa ana kurang luwih 20 wiji ing njero polong peté kang dawa.[2] Wiji peté wernané ijo nalika isih nom lan ana selaput rada kandel kang mbungkus wiji peté.[2] Selaput iki wernané coklat padhang.[2] Woh peté bakal garing yèn wis mateng lan wijiné padha ucul.[2]
Wiji peté ambuné khas lan rada mirib jéngkol utawa jering.[3] Peté bisa dipangan nalika isih seger lan bisa uga dicampur ing masakan.[3] Kaya ta sambel goréng ati kang katon tambah sedhep yèn ditambah peté.[3] Saliyané iku peté uga bisa kanggo campuran sego goréng, lumrahé diarani sego goréng peté. Ana uga kang diarani sambel peté, ya iku peté kang diosèng karo sambel.[3] Yèn wis tuwa kulit peté malih dadi ireng.[4]
Wiji peté racaké didol ombyokan karo polongé.[5] Nanging, peté uga ana kang dibungkus kanthi modhèren ya iku nganggo plastik utawa stirofoam kang dibungkus plastik kang kedhap udara.[5]
Kena ing guna
besutNadyan ambuné kurang énak nanging peté nduwéni khasiat kanggo kaséhatan.[5] Peté bisa nguwataké pinggang. Peté uga kena kanggo obat lara boyok utawa bangkékan.[5] Kanggo wong kang nduwéni lara ing bangkékan bisa mangan peté saben dina kanggo tamba.[5] Kanggo wong kang durung kena lara bangkékan lan kepéngin nyegah lara bangkékan uga kena mangan peté kanthi dimasak utawa diolah dadi panganan kaya iwak teri yèn dimasak pedhes.[5] Masakan iki diarani balado teri Peté.[5]
Khasiat
besutPeté kang lumrahé mung kanggo lalapan utawa kanggo ngancani sambel uga bisa diolah dadi tablèt multivitamin lan suplemen multiguna.[6] Peté ngandhut antioksidan kang bisa diolah lan dadi investasi ing tablét multivitamin kang bahan dhasaré saka peté.[6] Tablét multivitamin kang bahané saka peté iki bisa diombé sapa waé kalebu wong kang ora seneng ambuné peté, awit tablét iki ora mambu kaya peté nalika durung diolah.[6]
Asil olahan
besutPeté bisa kaolah dadi warna-warna masakan.[6]
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d e f g http://perpustakaan.litbang.depkes.go.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h i http://www.suaramerdeka.com(dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
- ↑ a b c d http://www.dinamikaebooks.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
- ↑ http://www.pertanianperak.gov[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g http://www.lintasberita.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
- ↑ a b c d http://koran.republika.co.id Archived 2011-05-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)