Prastawa Budaya

Yen dijlentrehake dhewe-dhewe, prastawa utawa peristiwa yaiku kedadeyan utawa kegiyatan sing ana ing dhaerah-dhaerah tartamtu. Dene budaya yaiku samubarang sing ana sambung rapete karo budaya ing dhaerah-dhaerah tartamtu, ning uga satemene budaya uga bisa diarani adat istiadat. Dadi yen digathukake, prastawa budaya yaiku kegiyatan-kegiyatan utawa kedadeyan-kedadeyan sing ana sambung rapete karo budaya ing saben-saben dhaerah. Adat-tradisi iku mau diwarisake saka simbah-simbahe biyen nganti tumekaning saiki. [1] Dadi satemene prastawa budaya iku ora gemen-gemen langsung ana, ning ana merga sengaja digawe dening mbah-mbahe awakedhewe ing jaman biyen. Budaya iki tuwuh nalika warga wis duweni pola pikir lan sosial sing wis padha. Bab iki uga kang dadekake adat-tradisi ing laladan utawa dhaerah salah siji beda karo laladan utawa dhaerah liyane. Tuladhane yaiku upacara adat Mantenan. Kabeh dhaerah mesthi ana upacara adhat iku, mbuh iku ing Jawa utawa ing luar Jawa, nanging beda-beda kepriye carane nglakokake. Umpamane, ing Kabupaten Tulungagung bakal beda karo ing dhaerah Kalimantan ngenani kepriye tata caran mantenan. Tuladha liyane, ing Kabupaten Tulungagung ora ana upacara Barikan nanging ing Kutha Malang lan Kabupaten Malang dilakokake upacara Barikan kasebut kanggo mengeti sadurunge kagiyatan 17 Agustusan.

Satemene, budaya uga mujudake asil perjuwangan warga tumrap alam lan jaman, kanggo mbuktekake guyub rukune warga ngadhepi pepalang amrih warga makmur, slamet, gemah ripah lan bisa nampa kabegjan awit karsaning Gusti Kang Maha Kawasa. [2] Warga masyarakat jaman biyen percaya yen apa-apa iku kudu dislameti supaya ora kena bala utawa sial sing bakal nyilakakake manungsa. Tuladhane wae upacara Ruwatan sing dipercaya nganggo ngilangake bala utawa sial. Nanging, ora kabeh bisa nglakokake upacara ruwatan iki, ning wong-wong sing menuhi prasyarat kaya dene anak loro lanang wadon, anak loro wadon wadon, anak loro lanang lanang, lan sapanunggalane. Ora bedane yen manungsa duweni piranti, perkakas, omah, utawa kendaraan anyar mesthi dislameti dhisik supaya barang-barang iku mau ora nyilakani. Tuladhane yen motore anyar dislameti ben nalika ditumpaki bisa aman. Tuladha liyane nalika bocah isih ana ing jero weteng nganti bocah iku mau dewasa ya dislameti. Ancase supaya jabang bayi iku lair dadi bocah kang slamet dunya akherat sarta migunani tumrap kaluwargane. Isih ana orane utawa awet orane prastawa kasebut gumantung saka kepriye masyarakat jaman saiki sing urip ing dhaerah tartamtu. Yen masyarakate nguri-nguri, nglestarekake, lan terus nglakokake prastawa budaya kasebut, ya prastawa budaya iku bakal ana nganti saiki. Uga suwalike, yen wis jarang utawa ora tau nglakokake prastawa budaya kasebut, bisa-bisa saiki prastawa kasebut ya wis ilang lan ora ditemoni ing daerah iku. Akibate, wara ing kunu, mligine anak puthu utawa generasi enom, bakal plonga-plongo yen ditekoni babagan prastawa budaya tartamtu. Iku kabeh merga prastawa budayane wis ilang.

Jenise Prastawa Budaya besut

Miturut kepriye carane nindakake prastawa budaya, prastawa budaya iku kaperang dadi loro, yaiku prastawa kanthi cara umum lan prastawa budaya kanthi cara pribadi.[3] Prastawa budaya kanthi cara umum yaiku prastawa budaya sing dianakake dening kabeh warga ing desa kasebut. Ing kene berarti sing duweni acara yaiku ya desane dhewe ing salah sawijining dhaerah. Prastawa budaya kanthi cara umum iki bisa beda-beda saben dhaerahe, gumantung upacara utawa prastawa apa sing dianakake. Bisa uga dhaerah siji lan sijine padha jenenge nanging beda kepriye cara nglakokake. Tuladha prastawa budaya kanthi cara umum yaiku: Maulud Nabi, Barikan, Larung Sesaji, Grebeg Sura, Bersih Desa, lan sapanunggalane. Beda maneh karo prastawa budaya kanthi cara pribadi. Prastawa budaya kanthi cara pribadi yaiku prastawa budaya sing dianakake dening wong pribadi utawa ing salah sijine omah. Ora kabeh wong kudu nekani ing adhicara kasebut, nanging wong tartamtu sing nekoni adhicara kasebut. Bisa uga malah wong sing saka dharah liya utawa dhaerah jaba sing uga mara ing prastawa kasebut. Kabeh iku gumantung saka sapa wae sing diundang. Tuladhane prastawa budaya kanthi cara pribadi yaiku: Mantenan, Brokohan, Tingkeban, Tedhak Siten, Ruwatan, Selapan, Ngaben, lan sapanunggale.

Karakteristik Prastawa Budaya besut

Karakteristik padha kaya sipat utawa ciri khas sing diduweni kanthi perwatakan tartamtu. [4] Prastawa budaya iki uga duweni ciri khas dhewe-dhewe sing mesti diduweni. Ciro khas kasebut kayata ancase apa, ubarampene apa, lan tata carane kepriye. Ancas iki kalebu tujuan dilakokake adhicara utawa prastawa kasebut kanggo apa wae. Tuladhane, supaya bocah iku lancar nalika lair, kanggo guwak bala, sarana ngucap syukur merga asil panenane akeh, lan sapanunggale. Ubarampe yaiku piranti utawa perkakas apa wa sing digunakake utawa dibutuhake ing prastawa budaya kasebut. Tuladhane, kembang setaman, siwur, andha tebu Arjuna, lemah utawa wedhi, jadah pitung werna, lan sapanunggale. Ubarampe ing dhaerah siji lan dhaerah liyane bisa wae beda, uga bisa wae padha. Sawetara iku tata cara yaiku kepriye proses dilakokake prastawa budaya kasebut saka wiwitan nganti pungkasane acara. Biasane proses utawa tata cara iki beda-beda nalika dilakokake ing dhaerah siji lan dhaerah liyane.

Rujukan besut

  1. Santoso, dkk, Rahmat (2015). Sastri Basa kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI. Jawa Timur. kc. 23.
  2. Santoso, dkk., Rahmat (2015). Sastri Basa kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI. Jawa Timur. kc. 23.
  3. Nurul, dkk., Hidayah (2015). Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XI. Jakarta.
  4. "Karakteristik". Dibukak ing 2021-04-30.