Puri Agung Kesiman
Puri Agung Késiman yaiku salah sijinè puri kang ana ing Bali. Puri iki panggonané ana ing kuta Denpasar. Puri iki uga kalebu salah sijiné situs cagar budaya kang dilindungi dening pamréntah. Cikal bakal anané puri iki ora bisa dipisahaké saka sajarahipun puri Denpasar.
Sajarah
besutPangèmbangan adèdhasar saka puri iki yaiku sikap politik kang diduwèni dèning I Gusti Ngurah Madè. I Gusti Ngurah Madè iki uga putu saka I Gusti Ngurah Rai. Ing taun 1750, Raja I Gusti Jambi Aeng ing Puri Kasatria sèda posisinè diganti putranè yaiku I Gusti Ngurah Jambe Ksatria. Ananging I Gusti Ngurah Jambe Ksatria iki arupa raja kang ringkih. Sangking ringkihè dhèwèkè gampang bangét dimanfatake lan disérang dèning I Gusti Ngurah Rai. Ing tahun 1778, perebutan kakuasan iku ngasilkakè ajurè Puri Kasatria lan sèdane I Gusti Ngurah Jambe Ksatria. Amarga ajurè Puri Kasatria kuwi mau, I Gusti Ngurah Madè banjur ngadhékakè Puri ing sisih kidulè Puri Kasatria lan sisih lor è pasar kang diwènèhi jénéng Puri Denpasar. Banjur I Gusti Ngurah Madè dadi raja kapisan kang ana ing puri kuwi mau. Ing tahun1813, I Gusti Ngurah Madè sèda perkara iku nggarai ananè pangowahan ing jéronè sistém politik. Putra nomer sijinè yaiku I Gusti Gde Kesiman métu saka istana lan ngadhekake istana anyar aran istana késiman kang saiki dadi Puri Agung Késiman[1].
Katrangan
besutSitus warisan budaya iki panggonanè ana ing prapatan dalan kang dadi panghubungè kutha Denpasar lan Gianyar. Panggonè ing ngarep sisih wètanè kantor kecamatan Denpasar wètan. Puri iki diubéngi karo tèmbok saka bata. Sabén èmpèran ing jeroning komplèk ana panghubungè arupa gapura jenis candi bentar lan kori agung kang isih asli kahanan e nganti saiki[2].
Rujukan
besut- ↑ Sistem Registrasi Nasional, Cagar Budaya. "Puri Agung Kesiman". Diarsip saka sing asli ing 2021-10-23. Dibukak ing 2021-10-14.
- ↑ Sistem Registrasi Nasional, Cagar Budaya. "Katrangan". Diarsip saka sing asli ing 2021-10-23. Dibukak ing 2021-10-15.