Python, inggih menika basa pamrograman ingkang luwes lan tingkat dhuwur. Basa puniki konsèn dhateng kemudahan wonten ing maca kode lan ngginakaken indentasi minangka bagéyan saking struktur.[1] Python ugi ndhèrèkaken tipe dinamis lan ngginakaken koleksi sampah utawi 'garbage collection'. Python kanthi lengkap ndhukung pamrograman obyek-orientasi lan struktural, lan sacara parsial ndhukung pamrograman fungsional lan aspek-orientasi. Python ugi saged ndhukung gaya pamrograman sanèsipun liwat ekstensi.

Logo Python

Python kondhang minangka basa pamrograman ingkang komprehensif kanthi perpustakaan standar ingkang ageng.[2] Guido van Rossum nggawé Python wonten ing pungkasan taun 1980an minangka susulan basa pamrograman ABC, lan dilepasaken ing taun 1991.[3] Python versi 2.0 dilepasaken ing taun 2000, dene Python 3.0, ingkang dilepasaken ing taun 2008, nggadhahi owah-owahan wigati ingkang boten sepenuhnya kompatibel kaliyan versi-versi lawas. Versi pungkasan Python 2, yaiku 2.7.18, dilepasaken ing taun 2020.[4] Sakmenika, Python dados salah satunggaling basa pamrograman ingkang kathah dipunginakaken, utamanipun ing babagan machine learning.[5][6][7][8]

Python ndhukung saperangan gaya pemrograman. Kanthi lengkap ndhukung pemrograman berorientasi obyek lan terstruktur, lan ndhukung sebageyan pemrograman fungsional lan berorientasi aspek. Python ugi saged ndhukung gaya pemrograman sanèsipun liwat ekstensi. Basa pemrograman punika ngginakaken tipe dinamis lan ngatur memori nganggé sistem perhitungan referensi lan koleksi sampah. Python ngginakaken resolusi nama dinamis lan ndhukung pemrograman fungsional. Kalebet fitur pemrograman fungsional kados ta fungsi filter, map, lan reduce, lan struktur data kados ta dhaptar, kamus, lan himpunan. Perpustakaan standar Python kalebet modul kanggé pemrograman fungsional saking Haskell lan Standard ML.

Sawetawisipun, Python kaancikaken kanthi konsep ingkang cetha, ing ngendi boten ngempalaken sakathah fungsionalitas wonten ing inti basa pemrogramanipun, nanging dipunrancang supados gampil dipunperluas kanthi modul-modul. Keluwesan modul punika ingkang prasaja punika ingkang nggadhahi peran wigati, dados Python dados populer minangka sarana kangge nambahaken antarmuka program ing aplikasi ingkang sampun wonten. Pandanganipun Van Rossum babagan basa inti ingkang cilik kanthi perpustakaan standar ingkang ageng lan interpreter ingkang gampil dipun perluas asal saking rasa ora sregipun kaliyan ABC, ingkang ngagem prinsip ingkang sabaliknipun.[9]

Sitiran besut

  1. van Rossum, Guido (1993). "An Introduction to Python for UNIX/C Programmers". Proceedings of the NLUUG Najaarsconferentie (Dutch UNIX Users Group). CiteSeerX 10.1.1.38.2023. even though the design of C is far from ideal, its influence on Python is considerable.
  2. "PEP 206 – Python Advanced Library". Python.org. Diarsip saka asliné ing 5 May 2021. Dibukak ing 11 October 2021.
  3. Rossum, Guido Van (2009-01-20). "The History of Python: A Brief Timeline of Python". The History of Python. Diarsip saka asliné ing 5 June 2020. Dibukak ing 2021-03-05.
  4. Peterson, Benjamin (20 April 2020). "Python Insider: Python 2.7.18, the last release of Python 2". Python Insider. Diarsip saka asliné ing 26 April 2020. Dibukak ing 27 April 2020.
  5. "Stack Overflow Developer Survey 2022". Stack Overflow (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 27 June 2022. Dibukak ing 2022-08-12.
  6. "The State of Developer Ecosystem in 2020 Infographic". JetBrains: Developer Tools for Professionals and Teams (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 1 March 2021. Dibukak ing 2021-03-05.
  7. "TIOBE Index". TIOBE. Diarsip saka asliné ing 25 February 2018. Dibukak ing 3 January 2023. The TIOBE Programming Community index is an indicator of the popularity of programming languages Updated as required.
  8. "PYPL PopularitY of Programming Language index". pypl.github.io (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 14 March 2017. Dibukak ing 2021-03-26.
  9. Venners, Bill (13 January 2003). "The Making of Python". Artima Developer. Artima. Diarsip saka asliné ing 1 September 2016. Dibukak ing 22 March 2007.