Ratu Adil (English: Just King utawa Javanese Saint/Messia) iku juru slamet ing kabudayan Jawa. Ratu Adil paling akeh metu ing abad 19. Biasane metu awujud ontran-ontran. Ratu Adil ing Jawa umume duwe ideologi messianisme, millenarisme, nativisme, lan revivalisme.

Asal-usule besut

Akeh sarjana kang duwe panemu yen sejatine Ratu Adil iku warisan saka jaman Hindu-Buddha. Ing kabudayan Hindu ana konsep kitiran jaman kang jenengen Mahayuga. Mahayuga muter terus saka Satyayuga (Jaman Kencana) terus Tretayuga, Dwaparayuga, lan pungkasane Kaliyuga (Jaman Edan/Kadurjan). Ing kabudayan Jawa, konsep Mahayuga diadopsi dadi konsep Kalabendu (Jaman Edan/Kadurjan) lan Kalasuba (Jaman Kencana).

Sawise Islam teka ing tanah Jawa, kabudayan Jawa nyilih konsep Imam Mahdi. Imam Mahdi iku Juru Selamete wong Islam ing akhir jaman. Juru Selamet. Imam Mahdi banjur diadopsi dadi Ratu Adil (English: Just King utawa Messiah). Ratu Adil bakal muter kitiran jaman saka Kalabendu tumuju Kalasuba.[1]

Kapan prenahe Ratu Adil pisanan iki metu, durung ana kasarujukan. Nanging ideologi Ratu Adil iku umume wis ana ing akhir jaman akhir Majapahit. Jaman akhir Majapahit ikut kanggep melbu Jaman Kalabendu, wong-wong pada ngrasa butuh Juru Selamat kanggo mbalekake Jaman Kalabendu tumuju Kalasuba. Bukti arkeologis kaya ta Candhi Sukuh lan Cetho ndelengake gejala millenarisme.[2]

Ideologi Ratu Adil umume duwe kitab rujukan kang diarani Serat Jayabaya. Serat iki asale saka Kitab Musarar kang kaanggit dening Sunan Giri Prapen. Ing kitab Musarar, Raja Jayabaya saka Kediri digambarke agamane Islam. Raja Jayabaya banjur oleh pralambang saka Sultan Maulana Samsudin saka nagari Rum yen besuk ing Jawa bakal ana Jaman Kalabendu. Jaman Kalabendu bakal rampung yen Ratu Adil metu. Ratu Adil iki bakal duwe kraton loro, siji ing Mekkah lan siji ing Jawa.[3]

Miturut Kitab Musarar Ratu Adil biasane duwe jeneng Tunjung Putih, ananging Ratu Adil uga kondang nganggo jeneng Erucakra utawa Sultan Hamid Erucakra. Pangeran Diponegoro saka Ngayogyakarta pernah misuwur duwe gelar Erucakra.[4]

Metune Gerakan besut

Gerakan Ratu Adil kang kacatet paling tuwa iku gerakane Pangeran Arya Dipanegara (Dipanegara saka Kartasura putranipun PB 1, dudu Ngayogyakarta) ing abad 18. Pangeran Arya Dipanegara mbrontak ing Madiun lan duweni gelar Panembahan Erucakra. Amarga kalah, Pangeran Arya Dipanegara Madhiun banjur diguwang ing Afrika Kidul.

Gerakan Ratu Adil ngrembaka akeh ing abad 19. Jane, Ratu Adil ora mung ana ing Jawa. Ing bawana liyane kaya Amerika, Afrika, lan Oseania uga ana Ratu Adil, konsepe pada ananging mung beda jenenge. Umume gerakan iki ana lan ngrembaka amarga penjajahan Eropa.[5]

Miturut Justus van der Kroef, gerakan Ratu Adil ing Jawa metu amarga kabudayan Kulon ora bisa katampa ing kosmologi Jawa abad 19. Kabudayan kulon dianggep liyan utawa alien.[6] Gerakan-gerakan Ratu Adil kang kacarik ing sejarah yaiku Prastawa Ciomas 1886, ontran-ontran Mangkuwijaya 1865, prastawa Karangkobra 1871, prastawa Nyi Aciah prastawa Srikaton 1888, ontran-ontran Ahmad Mukiat lan Ahmad Sahodo 1888 lan sapanunggalane.[7] Puncak gerakan Ratu Adil ing tahun 1888 amarga tahun iki dianggep taun metune Ratu Adil.[8]

Ing abad 20, gerakan Ratu Adil luwih sithik ananging luwih rapi struktur lan organisasine. Sarekat Islam iku salah sawijine gerakan Ratu Adil kang misuwur lan duwe anggota akeh.[9]

 
Tjokroaminoto, kerep kasebut dadi Ratu Adil ing Sarekat Islam

Pola Gerakan besut

Gerakan Ratu Adil ing Jawa lan ing bawana liya umume duweni pola kang pada. Miturut studine Michael Adas[10], Sartono Kartodirdjo[11], A.F.C. Wallace[12], lan Gottfried Oosterwal[13] gerakan Ratu Adil umume duwe ciri:

  1. Miyos nalika jaman krisis
  2. Messianisme utawa pepengenan nunggu tekane Juru Selamet
  3. Millenarisme utawa pepengenan balekake jaman kencana
  4. Nativisme utawa pro pribumi utawa anti liyan/asing
  5. Revivalisme agama utawa pepengen balekake agama supaya dadi murni maneh

Rujukan besut

  1. Justus M. van der Kroef, "Javanese Messianic Expectations: Their Origin and Cultural Context", Comparative Studies in Society and History, Vol. 1, No. 4 (Jun., 1959), pp. 306-309
  2. Boedi Soetanto, Gerakan Millenarisme di Candi Sukuh (Yogyakarta: Fakultas Sastra UGM, 1994)
  3. J.A.B. Wiselius, "Djaja-Baja. Zijn Leven en Profetieen", Bijdragen tot de Taal-, Land- en Volkenkunde, Vol. 19, 1872, pp. 176-192
  4. A.B. Cohen Stuart, "Eroe Tjakra", Bijdragen tot de Taal-, Land-en en Volkenkunde, 1872, Vol.19, Issue 1, pp. 285-288
  5. Michael Adas, Ratu Adil. Tokoh dan Gerakan Millenarian Menentang Kolonialisme Eropa (Jakarta: Rajawali Press, 1988)
  6. Justus M. van der Kroef, op. cit., hlm. 310
  7. Sartono Kartodirdjo, Ratu Adil (Jakarta: Sinar Harapan, 1984), hlm. 12-16
  8. Koloniaal Verslag, 1889, hlm. 2-3
  9. A.P. Korver, Sarekat Islam Gerakan Ratu Adil? (Jakarta: Grafitti, 1985)
  10. Michael Adas., op. cit
  11. Sartono Kartodirdjo, Ratu Adil (Jakarta: Sinar Harapan, 1984), hlm. 27
  12. A.F.C. Wallace, "Revitalization Movements", American Anthropologist, New Series, Vol. 58, No. 2 (Apr., 1956), pp. 264-281
  13. Gottfried Oosterwal, "Messianic Movements", Philippine Sociological Review, Vol. 16, No. 1/2 (JANUARY-APRIL, 1968), pp. 40-50