Rivai Ali
Rivai Ali (lair 24 April 1909 ing Padang Panjang, Sumatra Kulon) ya iku pujangga sastra Indonésia kang karyané akèh ngandhut bab èlmu agama Islam.[1] Dhèwèké duwé jeneng liya ya iku Sutan Silaing, Harihambra, Ira, lan Abirussabil.[1] Sawisé tamat Sekolah Rakyat ing Payakumbuh taun 1917, dhèwèké nerusaké sekolah marang Diniyyah School lan Sumatera Thawalib ing Padang Pajang.[1] Sawisé iku nerusaké manèh ana Islamic College ing Pajang. Ning kana dhèwèké gawé akèh sajak kang dikumpulké dadi siji ing Kata Hati.[1] Ing taun 1935-1940, dhèwèké lunga menyang Von Mullen English School ing Malaysia kanggo nambah èlmu basa inggrisé.[1] Karya-karya puisiné RIvai Ali, ya iku Indah (1934),Jihad (1934), Lengkap (1935), Mahsyar (1935), Dihidupkan Mati-mati (1937), Kopi Susu (1938), Surat Al-Taubah (1938).[2] Dhèwèké uga nulis prosa kaya ta, Bersuami Anak Orang Kaya, Dia Janda yang Malang, Gadis yang Dimanzakan, Gila Membangga, Memuja Kecantikan, Kawin dengan Lelaki Anak Manja, Mari Menang, lan Kata Hati(kempalan puisi) sarta nerjemahké carita My Boys Are My Glory kang dikèi sesirah Darah Nasib.[2]
Cathetan sikil
besut- ↑ a b c d e Rustapa 1997, kc. 113.
- ↑ a b Rustapa 1997, kc. 117.
Bibliografi
besut- Rustapa, Anita K. (1997). Antologi Biografi Pengarang Sastra Indonesia 1920-1950. Jakarta: Depeartemen Pendidikan dan Kebudayaan. ISBN 979-459-796-3.
{{cite book}}
: Check|isbn=
value: checksum (pitulung)