Riyaya Undhuh-Undhuh

Riyaya Undhuh-Undhuh Majawarna inggih menika salah satunggaling upacara kang ngrembaka ing Gereja Kristen Jawi Wètan (GKJW) Majawarna, Jombang. Tradhisi menika sampun turun-temurun ing GKJW Mojowarno. Undhuh-undhuh menika diwontenaken ing wulan Mei saben taunipun.

Sajarah besut

Undhuh-undhuh menika salah satunggaling kabudayan masyarakat Jawi kang gesang wonten ing dèsa. Upacara menika dados paring kasil panen tumrap Dewi Sri. Ananging sabanjuripun Kristen mlebet ing Majawarna undhuh-undhuh menika banjur digabung dados setunggal kaliyan ajaran Kristen lan dados paring kagem Gusti Yesus Kristus. Menawi wonten umat kang angsal kasil panen kathah, kedah caos marang tiyang kang mbetahaken.

Saderengipun undhuh-undhuh, masyarakat Mojowarno ngawontenakaen Lumbung Pirukunan. Lumbung Pirukunan menika tembung kangge nyebat nalika masyarakat Mojowarno ngelmpakake arta utawi panen pari. Kasil panen pari menika banjur disade lan artanipun dikempalaken kagem damel Gereja ing taun 1871. Masyarakat menika sek damel gereja ing taun 1879.[1] Gereja Majawarna dados Gereja kang paling sepuh ing Jawi Wètan.

Upacara menika ugi dados unjuk rasa syukur nalika taun 1923 Gereja Majawarna dados gereja mandhiri. Rikala semanten Jemaat Kristen Mojowarno sampun saget nyekapi piyambak tata cara pelayanan ing Gereja tanpa Zending. Gereja menika saget nyekapi saking masyarakat piyambak saking daya lan dana masyarakat Majawarna.

Sabanjuripun taun 1930, undhuh-undhuh menika diwonteni saben taun.[2] Wonten pambeda nalika panen taun 1930 kang saderenge mlebet lumbung piyambak dados mlebet ing lumbung gereja. Uga wonten pambeda inggih menika kang saderengipun damel golekan Dewi Sri utawi Sudhana dados golek saking tokoh-tokoh Alkitab kang didamel saking kasil panen.

Tradhisi kang wiwitanipun saking Majawarna menika banjur ngrembaka ing Jawi. Mboten namung ing Majawarna, nanging uga ing tlatah Jawa Wetan. Uga GKJ (Gereja Kristen Jawa) ing Jawa Tengah lan Jakarta.[3]

Tata Cara besut

Desa Majawarna menika desa kang dibika dening babat alas. Sabanjuripun babat alas menika dados masyarakat petani. Saderengipun Undhuh-undhuh, wonten tradhisi kebetan, keleman, lan pungkasanipun undhuh-undhuh.

Kebetan besut

Nalika wiwit garap sabin, masyarakat Kristen Majawarna menika ngawontenaken upacara kebetan. Kebetan menika dicuplik saking tembung Walandi gebed kang artosipun donga. Masyarakat Jawi menika banjur nyebat gebed dados kebet utawi kebetan.[4] Kebetan utawi donga sesarengan menika nyuwung karaharjan nalika wiwit tandur ing sabin.

Warga mbeta encek kang isinipun urap-urap, ayam, lan arem-arem kang dibeta tumuju ing Sinagog utawi kantor dèsa.[5] Masyarakat menika nyebat tumindhak menika ngetokno asahan utawi medalaken tumpeng. Sabanjuripun donga sesarengan menika banjur dhahar sesarengan. Acara menika dipandegani dening kepala dhusun utawi kepala dèsa kang ngundang panituwa utawi pandhita supados mandegani donga sesarengan.

Acara menika diwontenaken ing wulan Oktober. Wancinipun jam 14.00 siyang. Tandha menika menawi kenthongan jam 13.00 masyarakat kedah siyap ing griyanipun piyambak-piyambak. Wanci jam 13.30 kenthongan dithuthuk malih tanda mlampah medal saking griyanipun piyambak-piyambak. Ingkang pungkasan wanci jam 14.00 kenthong dithuthuk dados tanda menawi acara diwiwiti.

Acara menika dibikak dening sesepuh dèsa kanthi paparan tujuan acara menika. Sabanjuripun sesepuh dèsa matur, anggota jemaat utawi pandhita mandegani kabekten kanthi donga lan pujian. Sabanjuripun kabekten menika dhaharan sesarengan. Nalika acara menika diwiwiti, namung jaler lan para taruna kang tumut. Ananging sakmenika tiyang estri lan bocah angsal tumut acara menika. Sabanjuripun kebetan, para tani banjur wiwit garap sabin.

Para tani banjur nyiapaken bedengan lan pinihan. Tata tanam menika miturut pranata mangsa kados dene para sesepuh. Prantandha menawi wiwitan tandhur menika menawi gadhung utawi uwi kang jinis tanduran rambat menika tuwuh. Ing wulan Desember tandhur menika kedah pungkasan. Tandur menika kedah sesarengan. Amargi menawi tandur lebar mekatak kasilipun kirang sae.

Sabanjuripun winih pantun sampun siap dipindhah ing bedengan, mula diwonteni ndaud. Ndaud menika nyabut winih pari lajeng dipindhah ing bedengan. Rikala rumiyin, para tani menika mboten saget ngukur jarak mula cara tandhuripun migunakaken jarakan. Nalika taun 1960, para tani menika mangertos cara ngukur migunakaken cara larik. Piranti menika jidharan kang didamel saking kayu utawi bambu kanthi ukuran tapak asta tiyang sepuh.

Keleman besut

Sabnjuripun pantun umur 36 dinten utawi selapanan, diwontenaken acara keleman.[6] Acara menika nyuwun dumateng Gusti Allah supados paring toya kang cekap lan kasil panen kang sae. Keleman menika dicuplik saking tembung kelem. Tembung menika didasaraken saking toya kang sampung kelem ing sabin. Namun pantun kang wilis ing sabin.

Nalika keleman kang tindak menika sesepuh lan tiyang enem. Ing kasembadan menika kathah rembag lan pawiyatan cara nandur pantun kang sae utawi cara menawi ngadhepi ama lan penyakit. Mboten namung sesepuh, nanging generasi enem uga diparingi kasembadan menawi ajeng rembag ing keleman.

Acara kabekten ing keleman menika diwontenaken ing papan nalika kebetan. Dhaharan menika arupa kuwe. Wonten dhaharan horog-horog, plèrèt, juwadah, wajik, nagasari, wajik, surabi, lan sak panunggalanipun.

Horog-horog lan plèrèt menika didamel saking glepung uwos lan didhahar sesarengan kaliyan parutan klapa. Horog-horog menika dados pralambang siti kang subur. Plèrèt dados pralambang ama utawi penyakit ing pantun.[7]

Undhuh-Undhuh besut

Riyaya undhuh-undhuh menika diwontenaken ing wulan Mei.[8] Kados ajaranipun Nabi Musa kang tani, para tani ing Majawarna uga paring kasil panenipun marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Masyarakat Majawarna kang sanes tani menika maringaken arta kang saking upah nyambut damel. Uga kang bakul menika caos kasil bakulan. Kang nyambut damel ing kaprigelan utawi angon uga paring kasilipun.

Saderengipun taun 1930, acara nglebetaken pantun ing lumbung menika kanthi upacara. Acara menika diwiwiti dhamel kalih tali pantun alit kang dibentuk kados golekan. Setunggal golekan kang jaler menika dados lambang Sudhana. Lan setunggal menika dados setri kang lambang Dewi Sri. Nalika nglebetaken pantun menika diwakili jaler lan setri. Nalika ngelebetaken pantun menika uga diiring kothekan lesung kanthi tembang Dhudha Njaluk Lawang.[9]

Riyaya Undhuh-undhuh menika didadosaken setunggal kaliyan Pentakosta. Pentakosta menika ugi diwontenaken ing wulan Mei.Sebab rikala semanten panen pantun namung saget sepindhah saben taunipun.

Persiyapan menika diwiwiti saking majelis utawi blok piyambak-piyambak.Nalika taun 1970, saderengipun acara Riyaya menika diwontenakane tandhing olahraga kados voli lan skak. Juwaranipun diumumaken nalika acara Riyaya menika.[10]

Undhuh-undhuh menika diwiwiti saking tiyang kang nyurung gerobag maneka jinis kang diarak mubeng dèsa tumuju ing Gereja. Gerobag menika mbeta kasil bumi, dhaharan, lan raja brana.[11] Rame lan suwasana sesarengan ing enjing menika dados acara syukuran panen saking Gusti Kang Maha Kuwaos ing acara taunan. Kekarepanipun mugi-mugi kasil panen taun ngajeng tambah sae lan syukur tumrap kasil panen ing taun menika.

Wonten 7 blok kang tumut kang kirab menika. 6 blok saking dhusun lan setunggal blok saking RS Kristen Majawarna. Blok dhusun menika wonten Blok Dhusun Majawarna, Blok Dhusun Majarata, Blok Dhusun Majatengah, Blok Majajejer, Blok Majawangi, lan Blok Majadhukuh.[12] Nalika kirab, uga kairingan tembang Ndungkap Mangsa Panen saking Kidung Poensen


Lah sampun dumugi ing mangsa panen

Ing sabin kang sarwa tinon wewulen

Kang kuning tumungkul dewarninipun

Janji rame-rame mring tiyang dhusun


Nggih tiyang punika ngolah sabine

Lan anggen mangsane, nyebar wijine

Melujeng anggaru lan nengga

Bilih bade wonten ramening dèsa


Samanten punika, nggih bilih Allah

Ngercangi mring tiyang kalayan berkah

Anuwuhake tetanemipun

Estu badhe wonten ramening dhusun


Mila kula sampun ngantos kesupen

Saestunipun Pangeran kang paring panen

Den sora digunggung kawlasanipun

Sareng rame-ramening panenanipun


Uga lagu Wus Lebare Panen kang diripta dening Pandhita Poensen kados ing ngandhap punika:

Sampun lebare panen, lah lah lah, lah lah lah

Sampun minggah pantune, lah lah lah, lah lah lah

Sabine tiyang tani pinaringan berkah

Samangke sampun mukti, lan ayeming manah

Lah lah lah,...lah lah lah,...lah lah lah,...lah lah lah


Dene surak tiyang tani lah lah lah, lah lah lah

Lumbung diiseni lah lah lah, lah lah lah

Waune langkung susah, kathat pedamelan

Nging klayan sihing Allah, samangke bingahan

Lah lah lah, lah lah lah..., lah lah lah, lah lah lah[13]

Undhuh-undhuh menika wonten barang-barang kang dikirab didamel bentuk simbol-simbol Kristen kados dene Yesus Kristus, Margi Salib, bentuk liyanipun. Sabanjuripun dumugi gereja, arak-arakan wau banjur didongaken ing Misa Undhuh-Undhuh lan dilelang marang umat lan warga masyarakat. Kasil lelang menika kagem nyekapi kebutuhan gereja lan diparingaken tumrap tiyang kang mbetahaken. Ing pungkasan acara menika banjur tanggapan wayang.

Undhuh-undhuh menika rame sanget. Pitu Blok wau banjur tumuju ing GKJW Majawarna tumuju papan lelang. Mboten namung warga Jombang, nanging uga warga saking Surabaya, Kadhiri, Majakerta, lan Jawa Tengah.[14]

Mboten namung masyarakat Kristen, nanging uga masyarakat Islam tumut ing acara menika. Masyarakat dados setunggal tanpa crah. Mboten wonten benten kapitadosan utawi asal. Sinten mawon kang mlebet ing acara menika ditampi lan guyub rukun.

Saking proses akulturasi menika, agama mboten mudaraken kabudayan Jawa. Kabudayan menika dados cara kangge ngibadah. Acara agama menika dados cara kagem nguri-uri kabudayan. Nalika undhuh-undhuh ing Kadhiri, jemaat jaler migunakaken iket lan lurik. Lan jemaat setrinipun migunakaken kebaya.

Undhuh-undhuh menika mboten namung kagem jemaat GKJW. Nanging uga dados salah satunggaling cara nguri-nguri kabudayan Jawi.[15] Antawisipun kabudayan uluk syukur tumrap kasil panen.

Rujukan besut

  1. Ditwdb (2019-10-30). "Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno Sudah Menjadi Tradisi Setiap Tahun". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-25. Dibukak ing 2023-02-25.
  2. Budianto, Enggarn Eko (2020-09-06). "Melihat Lebih Dekat Hari Raya Unduh-Unduh di Gereja Tertua Jombang". detik.com. Dibukak ing 2023-02-25.
  3. Ditwdb (2019-10-30). "Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno Sudah Menjadi Tradisi Setiap Tahun". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-25. Dibukak ing 2023-02-25.
  4. Tim Pencatat Sejarah GKJW Mojowarno (2011). Sejarah Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno. Jombang: Jemaat GKJW Mojowarno. kc. 26.
  5. ditwdb (2019-10-30). "Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno Sudah Menjadi Tradisi Setiap Tahun". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-25. Dibukak ing 2023-02-25.
  6. Ditwdb (2019-10-30). "Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno Sudah Menjadi Tradis Setiap Tahun". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-25. Dibukak ing 2023-02-25.
  7. Tim Pencatat Sejarah GKJW Mojowarno (2011). Sejarah Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno. Jombang: Jemaat GKJW Mojowarno. kc. 28.
  8. Dwi, Anggraini (2021-05-09). "Mengenal Hari Raya Unduh-Unduh GKJW Mojowarno Jombang Wujud Rasa Syukur Hasil Pane". Kabar Jombang.com. Dibukak ing 2023-02-25.
  9. Tim Pencatat sejarah GKJW Mojowarno (2011). Sejarah Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno. Jombang: Jemaat GKJW Mojowarno. kc. 35.
  10. Tim Pencatat Sejarah GKJW Mojowarno (2011). Sejarah Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno. Jombang: Jemaat GKJW Mojowarno. kc. 37.
  11. Budianto, Enggran Eko (2020-09-06). "Melihat Lebih Dekat Hari Raya Unduh-Unduh di Gereja Tertua Jombang". detik.com. Dibukak ing 2023-02-25.
  12. Budianto, Enggran Eko (2020-09-06). "Melihat Lebih Dekat Hari Raya Unduh-Unduh di Gereja Tertua Jombang". detik.com. Dibukak ing 2023-02-25.
  13. Tim Pencatat Sejarah GKJW Mojowarno (2011). Sejarah Riyaya Undhuh-Undhuh Mojowarno. Jombang: Jemaat GKJW Mojowarno. kc. 43.
  14. Ditwdb (2019-10-30). "Undhuh-Undhuh Mojowarno Sudah Menjadi Tradisi Setiap Tahun". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-25. Dibukak ing 2023-02-25.
  15. Dwi, Anggraini (2021-05-09). "Mengenal Hari Raya Unduh-Unduh GKJW Mojowarno Jombang Wujud Rasa Syukur Hasil Panen". KabarJombang.com. Dibukak ing 2023-02-25.