S.K. Triomoerti nduwèni jeneng ganep Surastri Karma Trimurti, nanging luwih tinepang kanthi jeneng S.K. Trimurti (kala-kala tinulis S.K Trimurty). Panjenengané miyos ing Boyalali, Jawa Tengah, ing 11 Mèi 1912. Ing mangsa juangé, panganggit kang dikenal uga minangka politisi iki tau mangun baléwisma karo Muhammad Ibnu Sayuti (Sayuti Melik), paraga perjuang nasional. Nanging, amarga ing jaman kamardikan kaloroné béda pamawas babagan ideologi, kaloroné milih pegatan. Mohammad Sayuti Melik dadi anggota DPR saka Partai Golkar, déné S.K. Trimurti nerusaké kagiyatané ing politik lan jurnalistik.[1]

Pawiyatan besut

S.K. Trimurti kang dikenal uga minangka wanita pejuang iki nindakaké pawiyatané ing Normaal School lan AMS ing Sala. Sauntara iku, ing mangsa kamardikan, Panjenengané uga kuliah ing Universitas Indonesia (UI) njupuk Jurusan Ékonomi nganti pikantuk jejuluk Doktoranda (Dra.). Sanajan aktif ing bidhang ékonomi, panjenengané uga tetep aktif ing bidhang jurnalisme lan politik. Ing mangsa pamaréntahan Orde Lama, Panjenengané olèh kalungguhan minangka Menteri Perburuhan watawis sapriode (dilantik ing 3 Juli 1947 ing Ngayogyakarta).

Perjuangané besut

Ing mangsa penjajahan Walanda lan Jepang, panganggit iki mèlu tarung minangka anggota Laskar Wanita, politisi, lan ngewangi Palang Merah Indonesia ing wewengkon sisih mburi. Minangka konsukuènsi ideolog kang diantu, Panjenenganè luwih mentingna politik tinimbang pendhidhikan. Panjenengané uga tau pikantuk hadiah dhuwit saka Panjebar Semangat, ora let suwé sawisé metu saka kunjara. Dhuwit haidah iku dimanfaatna kanggo ngadegaké kalawarti Suluh Kita (bebasa Indonesia) sanadyan kalawarti kasebut ora bisa ngadeg suwé. Katresnane ing donya pèrs nganti mangsa kamardikan. Babagan iku kadeleng saka kagiyatabé ing majalah Mawas Diri (1980) ing Jakarta.

Ing pèngetan Dinten Kamardikan Rèpublik Indonésia kaping 16, S.K. Trimurti kang kekancan apik karo Mr. Maria Ulfah, pinatuk Bintang Mahaputra Tingkat V saka Prèsidhèn Soékarno minangka jasa-jasané ing mangsa perjuangan kamardikan. Sabanjuré, ing 17 Agustus 1965 Panjenengané uga pikantuk pangaji-aji Satya Lencana Perintis Pergerakan Kemerdekaan saka Pamaréntah RI. Ing yuswa sepuh, Panjenengané tetep maca bauwarna-bauwarna politik ing médhia masa. Ing sajroné wawancara ing ngendi waé, kepribadiané wis katon, ya iku péngin tetep dadi pejuang kang ora tau mundur mbela negara.[2]

Rujukan besut

  1. Suwondo, Tirta; Widati, Sri (2006). Antologi Biografi Pengarang Sastra Jawa Modern. Yogyakarta: Adi Wacana. kc. 55. ISBN 9799960487.
  2. Hudiono, Esthi Susanti; Bodjawati, Seruni (2019). Perempuan-Perempuan Menggugat (Literasi Rupa Sejarah Perempuan Indonésia). Yogyakarta: Media Pressindo bekerjasama dengan Komunitas Inklusi Sosial dan Perdamaian Indonésia. kc. 103–107. ISBN 978-623-7254-10-2.