Salat (basa Arab = صلاة) iku salah siji ritual ibadat agama Islam. Miturut basa, salat asal saka basa Arab kang tegesé: "donga". Déné miturut istilah, salat tegesé rerangkèn kagiyatan ngibadah mirunggan utawa tartamtu kang diwiwiti kanthi takbiratul ikram lan dipungkasi kanthi salam. Praktèk salat kudu rujuk karo pituduh tata cara Rasulullah minangka pangéjawantahan préntah Allah. Rasulullah maringi sabda, Salat-a kowé kabèh padha karo apa kang mbok deleng tak lakoni (Kadis Riwayat Bukhari-Muslim).

Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam
Shalat jamaah ing masjid

Hukum Salat besut

 
Salat Berjama'ah

Hukum salat bisa digolongaké mangkéné:

  • Fardhu, Salat fardhu iku salat kang wajib. Salat Fardhu kapérang manèh dadi loro, yaiku:
    • Fardhu ‘Ain: iku kawajiban kang diwajibaké tumrap mukallaf langsung magepokan karo awaké dhéwé lan ora bisa diwakilaké, kaya ta salat limang wektu, lan salat jum'at (Fardhu 'Ain kanggo priya).
    • Fardhu Kifayah: iku kawajiban kang diwajibaké tumrap mukallaf ora langsung magepokan karo awaké dhéwé. Kawajiban iku dadi sunat sawisé ana sawatara wong kang ngayahi. Nanging yèn ora ana wong kang ngayahi kita wajib nglakoni lan dadi dosa yèn ora dlakoni, kaya salat jenazah.
  • Nafilah (salat sunat),Salat Nafilah iku salat-salat kang kaprayogakaké utawa disunnahaké nanging ora wajib. Salat nafilah kapérang manèh dadi loro, yaiku
    • Nafil Muakkad iku salat sunat kang kaprayogakaké kanthi panekanan kang kuwat (nyedhaki wajib), kaya ta salat Idul Fitri lan Idul Adha, salat sunat witir lan salat sunat thawaf.
    • Nafil Ghairu Muakkad iku salat sunat kang kaprayogakaké tanpa panekanan kang kuwat, kaya ta salat sunat Rawatib lan salat sunat kang sifaté insidentil (gumantung wektu lan kaanan, kaya salat kusuf/khusuf mung dilakoni nalika ana grahana).

Rukun Salat besut

Sewelas Rukun Salat:

  1. Niat
  2. Takbiratul ihram
  3. Ngadeg kanggo kang bisa
  4. Maca surat Al Fatihah
  5. Ruku' kanthi thu'maninah
  6. I'tidal kanthi thu'maninah
  7. Sujud ping pindho kanthi thu'maninah
  8. Lungguh antara rong sujud kanthi thu'maninah
  9. Lungguh kanthi thu'maninah sarta maca tasyahud pungkasan lan shalawat nabi
  10. Maca salam
  11. Tertib (nglakoni rukun kanthi urut)

Salat Berjama'ah besut

Salat tartamtu kaprayogakaké dilakonikanthi bebarengan (jama'ah). Sajeroning salat jama'ah kang dianggep paling kompeten ditunjuk minangka Imam Salat, lan liyané dadi Makmum.

  • Salat kang bisa dilakoni kanthi jama'ah antarané:
  • Salat kang kudu dilakoni kanthi jama'ah antarané:
    • Salat Jum'at
    • Salat Id
    • Salat Istisqa'

Salat sajeroning kaanan tartamtu besut

Sajeroning kaanan tartamtu kawajiban nglakoni salat diwènèhi kalonggaran tartamtu. Contoné nalika lara lan wektu ing lelungan (safar).

Sajeroning kaanan lara nganti ora bisa ngadeg bisa nglakoni salat kanthi lungguh utawa turon, yèn ora bisa nglakoni obahan tartamtu cukup nganggo isyarat.

Déné yèn lagi lelungan, diidinaké nggabung (jama’) utawa ngringkes (qashar) shalaté. Njama' salat tegesé nggabungaké loro salat dadi siji yaiku dzuhur karo Salat ashar utawa maghrib karo Salat isya. Qasar salat tegesé ngringkes salat kang mauné 4 rakangat (dzuhur,ashar,isya) dadi rong rakangat.

Salat sajeroning Kuran besut

Ing ngisor iki ayat-ayat kang mbahas bab salat sajeroning Kuran, kitab suci agama Islam.

  • Kandhakké marang hamba-hamba-Ku kang wis duwé iman: Supaya ngadegaké salat, nafkahaké sapérangan rezeki kang tak wèhké kanthi sesidheman utawa terang-terangan sadurungé teka dina (kiyamat) kang ing dina iku ora ana dol-tinuku lan kekancan (QS.Ibrahim:31)14:31
  • Sakbeneré salat iku nyegah saka lelaku keji lan mungkar. Lan sakbeneré éling marang Allah (salat) iku luwih gedhé (kautamané saka ibadat-ibadat liyané) Lan Allah pirsa apa kang mbok lakoni (al-‘Ankabut: 45) 29:45
  • Mulané teka sawisé dhèwèkné kabèh, pengganti (kang èlèk) kang nyia-nyiakaké salat lan nuruti hawa nafsu, mula bésuk bakal nemoni kasesatan (Maryam: 59)19:59
  • Sakbeneré manungsa diciptakaké kanthi sipat keluh kesah tur nyengit. Yèn dhèwèké éntuk kasusahan keluh-kesah, lan yèn éntuk kabungahan dhèwèké nyengit, kajaba wong-wong kang nglakoni salat, kang tetep nglakoni shalaté (al-Ma’arij: 19-23)70:19


Deleng uga besut

Pranala njaba besut