Sastra Jawa Jaman Jepang

Sastra Jawa
Sastra Jawa Kuna
Sastra Jawa Tengahan
Sastra Jawa Anyar
Sastra Jawa Modern
Sastra kagandhèng
Sastra Jawa-Bali
Sastra Jawa-Lombok
Sastra Jawa-Madura
Sastra Jawa-Palembang
Sastra Jawa-Sunda
Sastra Jawa-Tionghoa

Sastra Jawa Jaman Jepang iku kena diumpamakaké mlebu ing pepeteng banjur semaput utawa klenger, nanging ora mati. Amrih gampang anggoné ngendhalèni Nuswantara, Jepang kepéngin ngilangi basa Walanda lan basa dhaérah, kalebu basa Jawa. Kanggo gantiné, Jepang mulangaké basané, ya iku basa Jepang marang para murid ing sekolahan-sekolahan lan marang warga masarakat ing padésan utawa ing kampung-kampung. Ananging, pepénginané Jepang iku ora kasil kanthi becik. Ing mangka, Jepang butuh piranti propagandha perang ngadhepi Sekutu. Mulané, Jepang banjur mènèhi papan mirunggan kanggo ngemot propagandha perang, ya iku ing sastra.[1]

Sastra propagandhaBesut

 
Kalawarti basa Jawa kaya ta Panjebar Semangat lan Kadjawèn dibrèdhel nalika penjajahan Jepang.

Jepang njajah Indonésia suwéné udakara 3,5 taun. sanajan kena dipindhakaké mung saumuré jagung, nanging penjajahan mau nuwuhaké panandhang kang luwih saka kad tumrap bangsa Indonésia. Akèh wong kang nandhang lara bèri-bèri amarga kurang pangan, nganggo sandhangan saka goni amarga sandhangan kang salumrahé larang banget, lan isih akèh panandhang liyané kang disangga déning bangsa Indonesia wektu semana.[2]

Menawa katandhing karo penjajahan sakdurungé, penjajahan Jepang tetéla luwih kejem. Lan manèh, sadhégah bab kang magepokan karo pulitik, ékonomi, sosial, lan kabudayan diawasi tenanan.[3] Layang kabar kang awujud ariwarti utawa kalawarti basa Walanda lan basa dhaérah, kalebu basa Jawa, dibrèdhel (ora oleh metu manèh).[4] Kalawarti basa Jawa kaya ta Panjebar Semangat lan Kadjawèn, kang nalika penjajahan Walanda minangka udyana (taman) kiprahé sastra Jawa uga dibrèdhel. Balé Poestaka, bebadan kang kalebu peng-pengan nyithak lan ngetokaké buku-buku kasusastran Jawa, uga ditutup. Kanthi mengkono, ing wiwitané penjajahan Jepang, sastra Jawa kena diumpamakaké mlebu ing pepeteng banjur semaput utawa klenger, nanging ora mati.[5]

Amrih gampang anggoné ngendhalèni Nuswantara, Jepang kepéngin ngilangi basa Walanda lan basa dhaérah, kalebu basa Jawa. Kanggo gantiné, Jepang mulangaké basané marang murid-murid ing sekolahan-sekolahan lan marang warga masarakat ing padésan utawa ing kampung-kampung. Ananging, pepénginané Jepang iku ora kasil kanthi becik. Jepang banjur rumangsa yèn tumindak arep ngilangi basa dhaérah iku klèru amarga basamau bisa dianggo piranti nyebar propagandha marang masarakat, luwih-luwih masarakat padésan. Mulané, Jepang banjur mènèhi papan mirunggan kanggo ngemot tulisané para pangarang sastra Jawa ing kalawarti Pandji Poestaka, ya iku kalawarti kang bakuné nganggo basa Indonésia.[1]

Kanggo ngurusi tulisan utawa karangan basa Jawa kang bakal dipacak ing Pandji Poestaka mau, Jepang matah uwong, kaya ta Subagio Ilham Notodijoyo, Poerwadi Atmodihardjo, lan Poerwadarminta. Wong-wong kuwi mau sabanjuré didadèkaké pegawé. Wong-wong kang kasebut iku kalebu pangarang (panitra) basa lan sastra Jawa kang peng-pengan. Ora mokal yèn tulisan kang dimot ing kalawarti mau akèh-akèhé ya tulisané wong-wongan mau. Mula kondhangé pangarang sastra Jawa ing Pandji Poestaka kuwi diarani "wong njero" amarga kang nulis ya pegawéné kalawarti kuwi mau. Ananging, kepiyé waé Pandji Poestaka kuwi kena diarani "juru slamet" tumrap ing sastra Jawa.[1]

Para panitra sastra Jawa ing jaman penjajahan Jepang kuwi kena dipindhakaké wong siji apengawak loro. Sepisan, pangarang mau dadi pegawéné Jepang kang ditrapi jejibahan nyebar propagandha supaya masarakat gelem ngéwangi ngadhepi Sekutu. Kapindhoné, pangarang mau uga pérangané bangsa Indonésia kang lagi nggayuh kamardikan. Mula, asil karyané pangarang iku diangkah bisa dadi pamecut tumrap masarakat supaya gregeté nggayuh kamardikan mau saya makantar-kantar. Supaya slamet sakabèhé, rékadaya iki tansah sinamun ing karang-karangané. Tata lairé nyèngkuyung Jepang anggoné ngadhepi perang karo Sekutu, nanging sajatiné duwé karep nggugah lan ngobong semangaté masarakat Indonésia supaya aja nganti kendho anggoné nggayuh kamardikan.[6]

Cipta riptaBesut

Amarga kahanan, cipta riptané para pangarang ing jaman penjajahan Jepang iku ora akèh. Sastra Jawa kang kacithak awujud buku mung ana siji, ya iku novèl Trimurti anggitané Ki Lumbung (jeneng sesinglon). Novèl iki awujud besutan saka crita sinambung kang wis tau kapacak ing kalawarti Moestika, dudu crita gawean anyar. Déné asil karangan liyané awujud carita cekak, geguritan, lan tembang macapat kang kapacak ing Pandji Poestaka.[7]

Pangarang kang seneng nganggit tembang macapat ora akèh. Ing kéné bisa diarani kaya ta K. Goenadi nganggit tembang macapat kanthi irah-irahan Katur para Dermawan (1944) lan Bas Hadimidjojo nganggit tembang macapat kanthi sesirah Welingipun Bapa Guru (1944). Wondéné pangarang kang sregep nganggit geguritan ing jaman Jepang, ya iku Subagio Ilham Notodijoyo. Asmané panggurit iku sok mung ditulis Subagio I.N. lan dhèwèké uga asring nganggo jeneng sesinglon Satrio Wibowo, Angga Jali, Damayanti, utawa Endang Murdiningsih. Geguritan cipta riptané pangarang iki akèh kang kapacak ing Pandji Poestaka, kaya ta Kekasihku, Kasampurnaning Dhiri, Biyungku, Ilat, Ginawé Pribadi, Tepa Palupi, lan Rerengganing Ngaurip. Geguritan Kekasihku minangka wohing cipta ripta "monumèntal". Ing geguritan iki pangarang tansah ngantu-antu tekané kamardikan tumrap bangsa Indonésia. Kamardikan mau dipindhakaké kekasih kang dikangeni banget.[7]

Kekasihku....
Layu lesu atmaku pindha taru
Ngantu-antu nunggu tekamu
Alum tumiyung malengkung
Kucem surem tanpa sunar manguwung
........................
Lan....
Sajroning aku cengklungen nganti-anti
Nora lali daksisihi santi pepuji
Ndedel mandhuwur marak Hyang Manon
Nyuwun supaya kita bisa sapatemon
........................
Ing telengé pangangen-angen
Banget nggonku kapang kangen
Kepéngin wruh wujudmu kang sanyata
Dhuh kekasihku
Kamardikan Bumi Nuswantara[8]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  1. a b c Widati, Sri, dkk (2018). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. p. 111. ISBN 978-979-1854-05-4.
  2. Matanasi, Petrik (2020-04-21). "Kelaparan dan Pemberontakan Saat Militer Jepang Menguasai Beras". Tirto.id. Dibukak ing 2020-05-22.
  3. Nailufar, Nibras Nada (2020-01-15). "Ekonomi Perang di Masa Pendudukan Jepang". Kompas. Dibukak ing 2020-05-22.
  4. Aziz, Abdul (2017-09-10). "Mengenal Pers Masa Kolonial dan Orde Lama". Kumparan. Dibukak ing 2020-05-22.
  5. Widati, Sri, dkk (2018). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 110–111. ISBN 978-979-1854-05-4.
  6. Widati, Sri, dkk (2018). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 111–112. ISBN 978-979-1854-05-4.
  7. a b Widati, Sri, dkk (2018). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. p. 112. ISBN 978-979-1854-05-4.
  8. Widati, Sri, dkk (2018). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. pp. 112–113. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut