Saton asalé sing tembung satu, ya iku aran jinis panganan. Diarani saton, amarga rupa paésan/rerenggan umah iki pada kaya rupa panganan satu kang dhapuré bujur sangkar karo paésan godong-godongan atawa kembang-kembangan ning jeroé[1][2]. Paésan umah Jawa iki rupaé iku pahatan lan garis kotak-kotak. Toli ning saban kotaké isi paésan godong atawa kembang lan rupaé pada kabéh[1]. Ana kang rangkep, ana kang siji. Garis kotak-kotaké nyudut, dadi rupa kotaké miring. Ning umah tradhisional, prigelé beli dipai warna, polos kaya warna kayué kang dipahat/ukir. Nanging baka ana warnaé kaya ana ning kraton, paésan saton iki warna dasaré ijo tuwa atawa abang tuwa. Lan warna satoné dipai warna kuning emas[1].

Cara gawéé ya iku dipahatnang ning balok kayu rangka wangunan. Biasaé paésan iki ditaro ning pérangan dhuwur lan ngisor, ning balok-balok blandar, sunduk, pengeret, tumpeng, ander. Minangka pengisi misalé ning tebeng lawing biyasa diukir ning ujung lan pangkal. Maksud paésan saton iki ya iku kanggo ngupai rasa indah lan bagus, uga mepeki paésan umah séjéné kaya tlacapan[1].

Rujukan

besut
  1. a b c d Dakung, Sugiyarto (1982). Arsitektur Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Depdikbud. kc. 128–130.
  2. Iswanto, Danoe (Juni 2008). "APLIKASI RAGAM HIAS JAWA TRADISONAL PADA RUMAH TINGGAL BARU". ENCLOSURE: Jurnal Ilmiah Perancangan Kota dan Permukiman. 7 No. 2: 91.