Schlumbergera minangka gènus kaktus cilik kang duweni enem nganthi sangang spèsiès kang ditemokaké ing gunung pesisir sisih kidul-wétan (tenggara) Brasil. Tandurané thukul ana ing wit utawa watu. Ing alam bébas, spèsiès Schlumbergera tuwuh ing wit-witan (epiphytik) utawa ing watu (epilitik) lan bisa uga ing semak-semak kang duwèni kayu lan dhuwur nganti 1,2 m (4 ft). Wis ditemokaké spèsiès siji arané (S. opuntioides).[1] Dhèwéké ora duwé godhong, mung duwè wit ijo kang dadi organ kanggo fotosintesis. wit kasebut dumadi saka pirang-pirang bagean.Akèh spèsiès kang duwèni bagèan sègmen kasebut ana kang dadi punjer (cladodes), iki kalebu saka inti tengah liyane dadi swiwiwi utawa "wing". Struktur khusus saka kaktus, diarani "areoles". Ing rong spèsiès wit, bagèan iku bentuké ora rata. Bentuké silinder, lan wit kang isih enem duwé pola spiral lan thukul kembang nailka ngancik wayah kembang.

Flower cut in half vertically with the base to the left; the bases of the tepals form a kind of tube, the upper parts bending away from the tube; the stamens run the full length of the flower from left to right and emerge from the end; some start at the very base of the flower, others start from further along to the right, being joined to a tepal.
Kembang Schlumbergera saka Zygomorphic,, kang duwèni variètas saka S. Truncata Grup

Kembang kasebut bentuké nggantung lan rata. Bentuk ngèné iki diarani radial simètris utawa actinomorphic. Ana uga spèsiès duwèni bentuk kembang rada horisontal. Saben kembang udakara ana 20-30 tepal. Tepal njaba - kang luwih cedhak karo dhasar kembang kasebut - duwéni bentuk mlengkung menjero. Yèn, tepal utama - kang mapan tekané pucuking kembang - luwih dawa lan umumé spesies dadi luwih maju. bebarengan ing pangkalan kanggo nggawé tabung kembang. Ing sawetara spèsiès prabédan ing antarané tepal njaba lan njero nggawé tampilan "kembang ing jero kembang". Kembang kasebut ngasilaké nektar ing dasar tabung kembang.[1]

Èkologi besut

 
Wilayah kang diabangi dadi sebaraning Schlumbergera .[2]

Kembang Schlumbergera duwé adhaptasi ing polusi kang dièwangi manuk kolibri kanggo mrodhuksi nektàr akèh lan supaya duwèni werna abang. Umumé mbutuhaké panyebaran silang kanggo olih wiji. Kajaba spèsies S. kautskyi lan S. microsphaerica. Woh Schlumbergera ora mbukak dhèwé nalika mateng,nanging diewangi manuk kang mangan wiji lan ampas ing woh kasebut. Manuk nèmplèk ing wit-witan kang ditanduri banjur mabur lan nèmplok ing wit-wit liyané, nganti nyebar tekan oyod, mulai iki diarani penyebaran vegetatif.[1]

Schlumbergera mung ana ing gunung pesisir ing sisih kidul-wétan (Tenggara) Brasil, ing negara-negara São Paulo, Rio de Janeiro, Minas Gerais lan Espírito Santo. Situs kang ditemokaké ing sisih lor lan sisih kidul wilayah tropis. Tanduran thukul ing saka dhuwur 700 meter (2,300 ft) ing spèsiès S. truncata nganti 2,780 meter (9.120 kaki). S. microsphaerica, bisa thukul ing alas lembab pesisir utawa ing wilayah pagunungan.[3] Distribusi asli spèsies Schlumbergera wis ora jelas amarga budidaya Eropa kanthi sengaja dikenalaké menyang wilayah liyané, kalebu uga Taman Nasional Serra dos Órgãos, dèning Departemen Pertanian Brasil kanggo ngurangi suket.[1]

Amarga dhuwur lan jarak cedhak saka Samodra Atlantik, gunung pesisir ngasilaké alas lembab kang dhuwur. Spèsiès Schlumbergera thukul ing habitat kang umumé èndhék, teduh lan asor. David Hunt nggambaraké kumpulan spèsimen ing kahanan awan, drizzle ing papan iku duweni hawa −4 °C (25 °F). Tanduran iku epiphytic utawa lithophytic, tuwuh ing cabang wit kang ditutupi lumut, asring ing kanthong substrat cilik dibentuk saka godhong kang rusak. S. microsphaerica ditemokaké ing papan kang luwih dhuwur,udakara 2,200 meter (7,200 kaki), ing habitat watu-watu lang duwèni tingkat cahya kang dhuwur.[4]

Spèsiès besut

Spèsiès kang diakoni ana udara enem nganti sangang spèsès.[5][6] ing spèsiès Schlumbergera sensu stricto, enem spèsiès ditampa. Mung sinonim kang wis digunakaké akeh, kaya ta ing dhaptar ngisor iki.

Kanthi winates kang amba, Schlumbergera sensu lato duwèni telung spèsiès kang mauné mapan ing Hatiora dipindahké ing apèsiès Schlumbergera.[7] Dhaptaré ing ngisor iki:

Papat hibrida saka Schlumbergera s.s. wis dijenengi, kabèh digawé ing budidaya (saliyané kang pisanan ditemokaké ing alam bèbas.[8]

  • Schlumbergera × eprica Süpplie = S. orssichiana × S. russelliana
  • Schlumbergera = S. russelliana × S. truncata; S. Buckleyi Group syn. Epiphyllum buckleyi , E. rollissonii, S. bridgesii.
  • Schlumbergera × exotica Barthlott & Rauh = S. truncata × S. opuntioides; S. Exotica Group
  • Schlumbergera × reginae McMillan = S. truncata × S. orssichiana; S. Reginae Group

Sato liyané saka Schlumbergera s.l. kang dikembangaké.

Variètas modhèrn besut

Variètas iki digawé kelompok-kelompok dèning Mc Millan lan Horobin, kaya ta ing ngisor iki:[9]

  • Grup Reginae ngemot kultivar sing asale saka hibrida karo S. orssichiana.
  • Klompok Exotica digunakake kanggo jumlah hibrida cilik sing nglibatake S. opuntioides.
  • Klompok Buckleyi ngemot kabèh variètas paling ora sawetara fitur kanthi jelas nuduhaké pusaka saka S. russelliana kang duwèni kanthi wit-wit kaya untu kang bentukè bunder, bunder (crenate). Kembang iki biasané nggantung. Ana macem-macem variasi ing Grup iki; McMillan lan Horobin ngenalaké subkategori: "TB" kanggo liyané kaya S. truncata lan "BT" kanggo liyané kaya klasik S. × buckleyi, kanthi "B" kang diwènèhaké kanggo generasi pisanan (F1) S. × hibrida buckleyi.
  • Klompok Truncata ngemot kabèh kultivar kanthi fitur S. truncata. Sègmen batang kanthi bentuké kaya untu lancip. Kembang zygomorphic luwih akèh kang nglengkung. Kembang iki uga duwèni serbuk sari werna kuning.

Obat lan lelara besut

Nalika mbudidaya tanduran iki dijelasaké yèn pancèn dadi tanduran kang kalebu bebas saka lelara lan ama. Mung ana loro ama ya iku tuma godhong ing pucuking kembang kang enom lan kembang. Ana manèh saka oyod lan wit kang bisa bosok marga jamur. Kaya ta jamur FUsarium, Phytophthora lan Pythium, kaloroné iki kalebu jamur kang uripé ing banyu. Nanging, bisa dibasmi nganggo zat-zat kimia.[1]

Rujukan besut

  1. a b c d e McMillan, A. J. S.; Hunt, David R., 1938-; Taylor, Nigel P. (1995). Christmas cacti : the genus Schlumbergera and its hybrids. Sherborne: D. Hunt. ISBN 0-9517234-7-2. OCLC 34559034.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  2. McMillan & Horobin 1995, kc. 11
  3. Anderson, Edward F., 1932-2001. (2001). The cactus family. Portland, Or.: Timber Press. ISBN 0-88192-498-9. OCLC 44650974.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  4. Hunt, David, "Appendix III Excerpts from a Brazilian diary", in McMillan & Horobin 1995, pp. 82–88
  5. "Schlumbergera Lem. | Plants of the World Online | Kew Science". Plants of the World Online. Dibukak ing 2020-05-02.
  6. Hunt, David R.; Taylor, Nigel; Charles, Graham (2006). The New Cactus Lexicon. International Cactaceae Systematics Group. ISBN 0953813444.
  7. Calvente, Alice; Zappi, Daniela C.; Forest, Félix; Lohmann, Lúcia G. (2011-03-01). "Molecular phylogeny of tribe Rhipsalideae (Cactaceae) and taxonomic implications for Schlumbergera and Hatiora". Molecular Phylogenetics and Evolution (ing basa Inggris). 58 (3): 456–468. doi:10.1016/j.ympev.2011.01.001. ISSN 1055-7903.
  8. "International Plant Names Index". www.ipni.org. Dibukak ing 2020-05-02.
  9. McMillan, A.J.S.; Horobin, J.F.; Hunt, David, "Appendix IV Checklists of historic varieties and modern cultivars", in McMillan & Horobin 1995, pp. 89–145