Semar

tokoh panakawan pewayangan Jawa

Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling Punakawan Pandhawa sakturune wiwit saka leluhure Resi Palasara (ing Mahabarata) lan Prabu Ramawijaya sawadyabala wanara (ing Ramayana) ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan.[1] Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antaga (Togog).[2]

Tokoh pawayangan Jawa
Semar Badranaya
Paraga:Punakawan
Ciri-ciri:Awak lemu, Nduweni Kuncung, Mata Mbrebes, Lambe Mesem

Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang gadhah pakarti luhur.[2] Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.[2]

Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan.[2] Wonten ing satunggaling kadadosan adu kasektén, Semar ngeleg gunung saéngga wujudipun dados boten kantenan.[2] Sasampunipun punika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sadaya panyaru lan krodhaning angkara murka.[2] kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya bawana.[2]

Paraga Semar ing Wayang golèk

Asal-usulipun Semar

besut

Miturut Hazeu, Semar punika satunggaling paraga ingkang asalipun asli saking Indonesia sanès saking India malah dados “nenek moyang” Jawa Asli.[2] Miturut Dr. F. Magnis Suseno, Semar gadhah pangaribawa minangka “nenek moyang” raja-raja Jawa, lan dados pamong lan danyang Pulo Jawa.[1]

Wonten manéka warni pamanggih (versi) malih babagan asal-usulipun Semar. Nanging sadaya nyebataken bilih Semar punika panjilmaan déwa.

Naskah Serat Kanda nyariyosaken, panguwaos kahyangan ingkang asma Sanghyang Nurrasa gadhah kalih putra ingkang namanipun Sang Hyang Tunggal lan Sang Hyang Wenang.[3] Saking Sang Hyang Wenang salajengipun dipunwarisaken dhateng putranipun ingkang asma Bathara Guru.[3] Sang Hyang Tunggal lajeng ngrumat para ksatria trahipun Bathara Guru, kanthi asma Semar (Sang Hyang Tunggal gantos asma dados Semar).[3]

Semar kapindhah dipunsebat wonten ing Kidung Sudamala minangka punakawanipun Sahadéwa.[4]

Pagesanganipun Semar

besut

Sanajan Semar dados “pamong” (pamomong ingkang wicaksana), dèrèng kathah ingkang mangertos bilih Semar punika taksih sadhèrèk kandhung Bathara Guru (rajanipun para déwa).[2]

Semar gadhah garwa ingkang namanipun Déwi Kanistri.[2] Garwanipun dipuntilar amargi Semar ngabdi dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan.[2] Garwanipun punika wicaksana sipatipun pramila paring idin dhumateng Semar.[2] Pagesanganipun Semar punika prasaja sanget.[2] Panjenenganipun boten mentingaken lahiriyah, nanging ingkang dipunwigatosaken punika pengalaman batin lan kawasisanipun.[2] Babagan punika ingkang dadosaken Semar tansah gadhah pikiran saé (“positive thinking”), tansah mendhet pamundhutan kanthi tetimbangan ingkang mateng.[2]

Ing pewayangan gagrag Jawa Tengah lan sawatara Jawa Wétan, Semar punika patutan:

  1. Garéng
  2. Petruk
  3. Bagong

Ing Cirebon lan Kuningan, Jawa Kulon, Semar patutan:

  1. Udawala
  2. Garéng
  3. Bawor
  4. Bitarota
  5. Ceblok
  6. Cungkring
  7. Bagalbuntung
  8. Curis

Ing sapérangan Jawa Wétan, putranipun Semar punika Besut.

Ing gagrag Banyumasan, putranipun Semar inggih punika:

  1. Bawor
  2. Garéng
  3. Petruk

Semar punika titisanipun Sang Hyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utawi Smara punika keturunan Sang Hyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira.

Pranala njawi

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b Franz Magnis Suseno. 1991. Wayang dan Panggilan Manusia. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama (kaca 37)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o Wayang, Asal-usul dan Bentuknya. Semarang: Dahara Prize; (kaca: 31-32)
  3. a b c Sejarah Semar Archived 2012-06-14 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 14 April 2012)
  4. P.J. Zoetmulder (1983:540-542) Kalangwan. Sastra Jawa Kuno selayang pandang. Jakarta: Djambatan.