Sendhang Senjaya

Sendhang Senjaya inggih menika salah satunggaling papan pariwisata ingkang mapan wonten ing Margi Senjaya IV, Bata, Tegalwaton, Kecamatan Tengaran, Kabupatèn Semarang, Jawa Tengah. Kanggé panindakanipun, Sendhang Senjaya dipuntindakaken déning Pamaréntah Dhusun. Sendhang Senjaya dados salah satunggaling sumber toya langkung ageng ingkang sampun dipun-ginakaken kangge papan pasiraman saha sumber toya utama wonten ing Kutha Salatiga.[1][2]

Sendhang Senjaya kaapit déning ngrompyohing uwit sepuh ingkang ageng. Wonten patilasan ingkang asring karawuhan tiyang kathah nalika kala-kala dinten wonten ing tengahing sendhang menika. Swasana alam saged karasuk nalika miyarsa swantening garèng-pung saking rompyohing wit-witan menika. Boten namung umbul ingkang jernih saha asrep, wonten ing Sendhang Senjaya ugi wonten blumbang ingkang kawrat atusan ulam manéka warni. Ulam menika dipunjarag déning panindaking papan pariwisata kanggé mewahi daya tarik wisatawan.[2]

Kahanan

besut

Wonten tiga blumbang ageng ingkang kasadhiya ing Sendhang Senjaya. Ingkang kaping setunggal inggih menika blumbang awiyar 5 mèter x 10 mèter kanthi lebetipun 1,5 mèter. Lajeng wonten blumbang awiyar kirang langkung 30 mèter pasagi kanthi lebetipun 1 mèter ingkang kebak kaliyan ulam. Wisatawan saged kungkum kaliyan ulam wonten ing blumbang menika. Salajengipun wonten blumbang awiyar 50 mèter pasagi ingkang saged dipun-ginakaken kanggé ameng-amengan baita kano saha baita kambangan.[2]

Aréa Sendhang Senjaya wonten pitu sumber toya, inggih menika Sendhang Senjaya, Sendhang Slamet, Bandung, Teguh, Lanang, Putri, saha Tuk Sèwu. Padununganipun mapan wonten ing 450 nganton 800 mèter saking inggiling toya segara, kanthi géografis andadosaken kathahing toya wonten ing ngriku amargi kaapit déning kathah gumuk saha pasitèn inggil minangka papan paklempakaning toya.[3]

Topografi dhaérah lèrèng Redi Merbabu, Telamaya, Gajah Mungkur, saha gegumukan ingkang museri sendhang tansah paring toya wonten ing sendhang menika kanthi alami. Aréal Sendhang Senjaya awiyar 2.335 héktar, wiyar 30 mèter, inggil 2,5 mèter, dèbit irigasi maksimal gunggungipun 3,28 m³/sekon, minimal gunggungipun 0,875 m³/sekon (Balé PSDA Jateng) dipundadosaken kaliyan tiyang tani kanggé kapreluan irigasi wonten ing wilayah Kabupatèn Semarang, Kutha Salatiga saha sakubengipun.

Dèbit toya ingkang kajlèntrèhaken wonten ing inggil sampun kaandhap samenika. Kairing kaliyan démografi ingkang inggil saha kawewahan kabetahaning toya ingkang boten namung kanggé unjukan ananging ugi dipunbetahaken kanggé kabetahan non-pangan. Sendhang Senjaya dipun-ginakaken kangge sumber toya warga ingkang katindakaken déning PDAM Kutha Salatiga saha PDAM Kabupatèn Semarang, ugi dipun-ginakaken kaliyan sawatawis perusahaan kanggé kapreluan industri.[3]

Sendhang Senjaya ugi asring dipun-ginakaken kanggé kungkum wonten ing kala-kala dinten pasaran, limrahipun daluning Anggara Kasih utawi daluning Sukra Kasih. Kungkum wonten ing dalu menika dipundadosaken kanggé tirakat utawi ngalap berkah. Bab kasebut amargi sumber menika pamedal saking tapaning Jaka Tingkir. Kapitaya menawi toyanipun sendhang mili dhateng segara kidul. Miturut mitos ingkang kasebar, Jaka Tingkir kober nyuwun dhumateng para warga supados ngethok rikmanipun kanggé nyumpet sumber toya kasebut.[4][5]

Wonten kapitayan saking masarakat Kejawen menawi Sendhang Senjaya menika anggadhahi kasiyat mistis. Kapitayan menika dipunwiwiti nalika wonten pinten-pinten tiyang ingkang laku tapa wonten ing sendhang menika. Miturut pangaturaning para warga, laku tapa menika kalampahan sedalu natas kanthi sedya ingkang dipun-gadhahi piyambak-piyambak. Limrahipun tetiyang menika ngalap berkah saking pangreksaning pasiraman menika.[6]

Kajawi dipun-ginakaken laku tapa kanggé ngalap berkah, Sendhang Senjaya ugi dipundadosaken minangka papan padusan nalika mlebet dhateng Sasi Pasa (bulan Ramadan). Papan menika kapilih dados papan padusan amargi toyanipun ingkang jernih saha seger. Miturut informasi saking kuncèning sendhang, amargi gadhah swasana ingkang sakral andadosaken sinten kémawon ingkang nglampahaken ritual padusan sadèrèngipun Sasi Pasa badhe kasucèkaken jiwa saha raganipun, ugi saged kadadosaken panulak bala. Kajawi tradhisi padusan, Umbul Senjaya ugi asring dipun-ginakaken kanggé nglampahaken upacara Mapag Tanggal saben dalu setunggal Sura.[7]

Sujarah

besut

Wewatoning nama Senjaya menika saking tembung “Sanjaya”. Sanjaya inggih menika namaning ratu Keprabon Medang/Mataram Lami ingkang kalajengaken dados Keprabon Kalingga. Sanjaya andum kuwasanipun kaliyan kulawarganipun ingkang wonten ing Pasisir Utara Jawa, saking Pekalongan ngantos Jepara, ugi saking kidulipun Kedu-Prambanan, ingkang pusering kutha wonten ing Mataram. Sanjaya kaliyan Dinasti Syailéndra sami mangun Jawa wonten ing babagan politik ingkang pedhot-sambet.[3]

Wilayah kabudayan Semarangan ngewrat Kabupatèn Batang, Kutha Semarang, Kutha Salatiga, saha Kabupatèn Semarang. Pramila, Semarangan inggih menika dhaérah gegandhèngipun Mataram Lami saking wates lor saha kidul. Ébahing keprabon saha aktivitas ing dalemipun nglangkungi dhaérah menika, ngantos sasampunipun kakuwasaning Sanjaya purna, ibu kutha Medang ing Mataram kaprenah pindhah wonten ing Mrawantipura (Salatiga sakubengipun).[3]

Prasasti Mantyasih, angripta déning Maharaja Dyah Balitung taun 907 M. Urutan kaping setunggal wonten ing daftar para ratu Keprabon Medang inggih menika Rakai Mataram Sang Ratu Sanjaya, maréntah saking taun 717 ngantos 746 M. Cihna ébahing Sanjaya wonten ing dhaérah menika ugi saged katingal saking Prasasti Canggal ingkang angripta wonten ing tanggal 6 Oktober 732 M, ngewrat babagan pangadeganing lingga saha candhi kanggé amuja Siwa wonten ing Redi Wukir, celak jkaliyan tlatah Kedu, Jawa Tengah. Kedu dunung wonten tengahing mawi antawis Salatiga saha Prambanan.[3]

Wonten ing Sendhang Senjaya jumeneng patilasan ingkang kadugi struktur wewangunan candhi. Sampun dados limrahing para pangageng keprabon menawi sumber toya dipundadosaken papan sakral arupa patirtan minangka simbul larasing alam saha jalma. Kajawi fungsi alami bilih toya menika sumbering pagesangan, mangka èntitas masarakat wonten ing dalemipun ngatingal boten tebih saking sumbering toya.[3]

Dipundugi wonten patirtan utawi wewangunan candhi tuhu padhusunan lami wonten ing sakubenging sendhang. Saking analisis kasebut, Sendhang Sanjaya sampun kaginakaken utawi kawangun wonten ing pamaréntahaning Ratu Sanjaya, ananging nama Senjaya saking tembung Sanjaya menika boten gadhah teges ingkang migunakaken saha mangun sendhang menika Sanjaya piyambak. Sendhang menika dipun-ginakaken minangka patirtan saha wonten padhusunan sasampunipun pamaréntahaning Sanjaya, utaminipun nalika ibu kutha wonten ing Mrawantipura. Sendhang Senjaya dipunwangun minangka wujud dharma utawi pakurmatan dhumateng Ratu Sanjaya. Kadugi sendhang menika kawangun milai Rakai Panunggalan, Warak, saha Rakai Garung.[3]

Tikèt saha fasilitas

besut

Sendhang Senjaya dipunbikan saben dinten saking jam 8 énjing ngantos jam 5 sonten. Boten wonten tikèt ingkang kedah dipunbayar menawi badhé mlebet dhateng sendhang, ananging wisatawan kedah mbayar béaya parkir gunggungipun 10.000 rupiyah kanggé kréta utawi 5.000 rupiyah kanggé pit motor.[8] Fasilitas ingkang sampun cumawis wonten ing Sendhang Senjaya inggih menika:[9]

  • Papan parkir
  • Pakiwan
  • Blumbang pasiraman
  • Toya ingkang jernih
  • Papan kanggé lèyèhan
  • Papan ameng-amengan
  • Baita wisata
  • Wandé wisata
  • Papan kanggé foto

Jujugan

besut

Sendhang Senjaya mapan wonten ing sisih lor Kutha Salatiga, ingkang langkung terang para wisatawan saged pados papanipun wonten ing aplikasi kados Google Maps. Jujugan dhateng Umbul Senjaya saking Ungaran Semarang langkung Bergas, Kecamatan Tuntang saha JLS Salatiga. Menawi wisatawan badhé nitih titian umum kados bis, mangka saged nitih bis jurusan Semarang-Solo utawi Yogya-Semarang. Lajeng saged mandhap wonten Terminal Bis Tingkir Salatiga. Sasampunipun dugi wonten terminal, wisatawan saged pados ojèk ingkang saged ngateraken dhateng Sendhang Senjaya. Kadosipun béaya ojèk saged mawa antara 20.000 rupiyah ngantos 40.000 rupiyah miturut sarujukipun.[10]

Rujukan

besut
  1. "WISATA MATA AIR SENJOYO – PEMERINTAH DESA TEGALWATON" (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2022-01-21. Dibukak ing 2023-10-10.
  2. a b c Putri, Ria Aldila. "Menikmati Segarnya Ciblon di 9 Mata Air Alami Sendang Senjoyo Semarang". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.
  3. a b c d e f g "Sendang Senjoyo, dari Fakta Kerajaan, Folklor hingga Sumber Kehidupan - Nusantarapedia.net". nusantarapedia.net (ing basa Indonesia). 2021-11-14. Dibukak ing 2023-10-10.
  4. "Sendang Umbul Senjoyo, Diyakini sebagai Tempat Bertapa Jaka Tingkir di Salatiga" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.
  5. Aula, Latif Ghufron (2022-01-23). "Misteri Umbul Senjoyo, Petilasan Jaka Tingkir di Salatiga". Solopos.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.[pranala mati permanèn]
  6. Administrator (2018-10-16). "Harga Tiket Masuk Dan Rute, Alamat Umbul Senjoyo Salatiga Jateng". Data Wisata (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-12-02. Dibukak ing 2023-10-10.
  7. Wisnu, Yesaya (2022-03-31). "Umbul Senjoyo Salatiga, Tempat Padusan Favorit di Jawa Tengah". Solopos.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.[pranala mati permanèn]
  8. Media, Kompas Cyber (2023-02-20). "Harga Tiket dan Jam Buka Mata Air Senjoyo, Wisata Dekat Kota Salatiga". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.
  9. Derma (2023-05-11). "Senjoyo Salatiga - Harga Tiket, Rute Lokasi & Spot Terbaru 2023". Mytrip123 (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-12-06. Dibukak ing 2023-10-10.
  10. Setiawan, Deddy (2023-03-07). "Wisata Umbul Senjoyo Salatiga: Lokasi, Rute Hingga Tiket Masuk". www.viva.co.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.