Sendhang Sinangka
Sendhang Sinangka inggih menika salah satunggaling sumber toya ingkang mapan wonten ing Dhekah Tegal Duwur, Dhusun Pokak, Kecamatan Cèpèr, Kabupatèn Klathèn, Jawa Tengah, ingkang tebihipun kirang langkung 2,89 kilomèter saking Kantor Bupati Klathèn. Sendhang menika dados sendhang alami ingkang sampun wonten sadèrèngipun dedunung padhusunan ing ngriku. Kawontenanipun sendhang dipunwanuh déning tiyang sakubengipun Klathèn saha jawi dhaérah amargi tradhisi bersih sendhang saha bersih désa ingkang asring angliput déning mèdhia cithak saha èlèktronik.[1][2]
Papanipun ingkang rimbun saha asri andadosaken sendhang menika dipun-ginakaken kanggé kèndel sinambi ngraosaken jernihipun toya. Sendhang Sinangka gadhah sujarah ingkang paos. Masarakat sakubengipun sendhang pitados menawi Sendhang Sinangka menika salah satunggal sumber toya ingkang asring dipunrawuhi déning para ratu ing jaman rumiyin. Sendhang Sinangka ugi dipunpitados ngawrat kakuwatan spiritual ingkang ageng.[3]
Mitos saha sujarah
besutWonten mitos utawi légénda ingkang angliput Sendhang Sinangka. Kacariyosaken menawi dhaérah menika sadèrèngipun inggih menika kadipatèn. Redi Merapi dados wates wonten sisih kilèn saha Redi Lawu menika dados wates wonten sisih wétan. Satunggaling dinten keprabon gadhahipun Nyai Rara Kidul nyuwun upeti arupa sato saha jalma saben taunipun. Ananging panyuwun menika boten kalampahan ngantos kadados yuda ingkang ageng. Nyai Rara Kidul ingkang wijaya yuda menika, sawatara Adipati Ki Singadrana saha Ki Irapaka seda kanthi cara muksa. Tilasing papan muksa menika marupa dados Sendhang Sinangka saha Sendhang Wétan wonten ing dhaérah Pokak.[4][5]
Nama “Sinangka” sujarahipun dipunpitados kaparingan saking Susuhunan Pakubuwana VII inggih menika Prabu Kasunanan Surakarta ingkang angratoni saking taun 1830 ngantos 1858 masèhi. Panjalaring paring nama menika kacariyosaken nalika sang prabu tindak dhateng Ngayogyakarta badhé plesir wisata utawi wonten pranatan sanès ing Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Wonten ing tengahing patindakan, sang prabu kèndel wonten ing dhaérah Cèpèr, Klathèn, inggih menika wonten satunggal sendhang ingkang toyanipun jernih kanthi rimbun-ipun wit-witan wonten ing sakubengipun sendhang.[6]
Wonten ing sendhang menika wonten kathah wit nangka. Sang Prabu lajeng dhahar wohing nangka ingkang sampun mateng. Lajeng sang prabu mbucal wosing nangka wonten ing sendhang sinambi muwus, “Mangké saupami wosipun nangka menika tuwuh lan saged gesang, tuwin sendhang menika dados reja supados dipunparingi asma Sendhang Sinangka,” lajeng sendhang menika dipunwastani Sendhang Sinangka déning para masarakat ingkang sumerep kadadosan menika.[5][6]
Tradhisi
besutTradhisi bersih sendhang ingkang kalampahan wonten ing Sendhang Sinangka kawiwitan nalika wonten tiyang tani ingkang sayah lajeng saré wonten ing sakubengipun sendhang. Tiyang tani menika supena kapanggihan déning satunggal tiyang. Tiyang ingkang wonten ing supena menika nyuwun dipundamelaken sekul tumpeng, daging ménda ingkang dipundadosaken gulé saha dhawet wonten ing dinten Sukra Cemengan. Sawungunipun tiyang tani menika kagèt. Tiyang tani menika nglampahaken menapa ingkang dipunaturaken déning tiyang ingkang wonten ing supena menika. Piyambakipun lajeng nyembelèh ménda ingkang salajengipun dipundadosaken gulé saha damel dhawet. Dhaharan menika lajeng dipundhahar sesarengan wonten ing celaking sendhang. Sasampunipun menika, panènipun dados langkung kathah. Cariyos kasebut lajeng kapiyarsa déning sedaya masarakat saha dipunlampahaken ngantos samenika.[7]
Saben setaun wonten ing dinten Sukra Cemengan ing sasi Agustus utawi wiwitaning sasi Sèptèmber sasampunipun panèn, masarakat sakubengipun sendhang nglampahaken bersih sendhang saha bersih désa. Bersih désa ingkang katurur kaliya bersih sendhang menikakalampahan kanthi reresik lingkungan sendhang supados saged ngresiki jiwa.[5] Salajengipun kalampahan tradhisi wilujengan arupa kendurènan saha pésta rakyat. Kendurèn menika ugi kalampahan nyembelèh ménda, ayam ugi ndamel dhawet.[6] Tradhisi kenduri ingkang sampun kalampahan saking jaman rumiyin menika dipundadosaken wujud sokur warga saking kathahing panèn saha saking toyaning sendhang ingkang sampun dados irigasi sabin.[8][9]
Sendhang Sinangka gadhah kalih sumber ingkang utama inggih menika Sendhang Lanang wonten sisih kilèn saha Sendhang Wadon wonten ing sisih wétan. Rumiyin, Sendhang Lanang mancur saking inggil saéngga kasebut sendhang lanang, lajeng ingkang sendhang wadon menika toyanipun saking andhap. Samenika sampun boten mancur amargi sampun surud. Sendhang Sinangka mapan wonten sisih wétan Margi Yogya-Sala kirang langkung 500 mèter. Wonten ing sendhang ingkang wiyar menika swasananipun éyub amargi kaubeng dening kathah uwit ageng ingkang oyodipun tunggang. Wonten ing andhapipun wit-witan kawangun gazébo, papan palenggahan, iyunan, saha taman. Menawi badhe mlebet sendhang menika boten wonten tikètipun.[10]
Rujukan
besut- ↑ "Sendang Sinongko, Wisata Klaten, Jawa Tengah". Trepelin (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2023-12-08. Dibukak ing 2023-10-10.
- ↑ Codingest. "Wisata Sendang Sinongko Pokak". Kecamatan Ceper Kabupaten Klaten (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-10-10.
- ↑ Joatsy. "Punya Nilai Spiritual, Ada Kisah Dibalik Nama Sendang Sinongko Peninggalan Paku Buwono". sorotdotco (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-10-10.[pranala mati permanèn]
- ↑ "Sendang Sinongko Klaten - Inilah Kisah Nyi Roro Kidul hingga Ritual Masyarakat di Ceper". Tribun Travel (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.
- ↑ a b c Amalina, Ita Cika (2022-08-24). "Penamaan Sendang Sinongko Klaten, Bermula dari Raja PB VII Buang Isi Nangka". Solopos.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.[pranala mati permanèn]
- ↑ a b c "Sendang Sinongko, Pemberian Nama dari Sunan Pakubuwono VII - Nusantarapedia.net". nusantarapedia.net (ing basa Indonesia). 2022-04-07. Dibukak ing 2023-10-10.
- ↑ "Asal-Usul Sendang Tirto Sinongko Klaten » Budaya Indonesia". budaya-indonesia.org. Dibukak ing 2023-10-10.
- ↑ Syauqi, Achmad Hussein. "Bersih Sendang Sinongko Klaten, Warga Pesta Olahan Kambing-Ingkung Ayam". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.
- ↑ Media, Kompas Cyber (2017-07-28). "Berita Foto: Tradisi Kenduri Sendang Sinongko Klaten yang Unik". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.
- ↑ Syauqi, Achmad Hussein. "Asal Muasal Sendang Sinongko dan Kisah Biji Nangka Pakubuwono". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-10.