Seni Tradhisi Bantengan
Sêni Tradhisi Banténgan
Sêni budaya tradhisi kang ngabungakên unsur sêndra tari, olah kanuragan, musik, lan syair utawa mantra kang kêntal sangêt kaliyan nuansa magis. Sêni Banténgan kui dolanané narik yén uwis mlêbu “trans” yaiku sing maén gêjêngi sirah Banténgan dadi kêsurupan arwah lêluhur Banténg (Dhanyangan).
Sajarah Banténgan
besutSêni Banténgan sing uwis lair pas jaman kêrajaan Singasari utawa situs candi Jago-Tumpang) sanget êrat gayut kaliyan Pêncak Silat. Masa kêrajaan Kên Arok kui wujud kêsênian banténgan durung kaya saiki, yaiku wujudé topéng sirah banténgan kang nari. Amêrga gêrakan tari kang dipunmaénke kui ngadopsi saka gêrakan Kêmbangan Pêncak Silat. Awalipun sêni banténgan iku unsur hiburan kanggo pêmaén pêncak silat sabên dina sawisé nglakokakên latian. Grup banténgan iku minimal duwéni 2 banténgan kaya pasangan yaiku banténgan jantan karo bêtina. Sêni banténgan iku uwis ngadêg dhéwé minangka pérangan sêni tradhisi, dadi ora kabèh kêsênian pêncak silat ing Indonésia duwéni grup banténgan.
Parkambangan kêsênian banténgan
besutPêrkêmbangan kêsênian banténgan iku mayoritas ana ing dêsa utawa wilayah pinggiran kutha ing daérah léréng pêgunungan Bromo-Ténggér-Sêméru, Arjuni-Wêlirang, Anjasmoro, Kawi lan Raung-Argopuro. Dolanan sêni banténgan iku dimaénké 2 uwong kang dadi sikil ngarêp karo gêjêngi sirah banténgan karo ngontol tari banténgan lan sikil mburi iku ugi dadi ékor banténgan. Kostum banténgan biasané saka kain itêm lan topéng kang wujudé sirah banténg kang saka kayu lan tanduk asli banténg. Banténgan iki diiringi karo sakêlompok wong kang maénké musik khas banténgan karo piranti musik kaya gong, kêndang, lsp. Kêsênian iku dimaénké 2 uwong lanang, sêtunggal ing ngarêp dadi sirahé, lan sêtunggal ing mburi dadi ékoré. Biasané, lanang sing ngarêp kêsurupan, lan wong sing mburiné mèlu sabên gêrakan. Wong sing mburi mèlu kêsurupan, nanging kadang wong sing mburi kêsurupan, ananging sing ngarêp ora. Banténgan dibiyantu supaya kêsurupan wong lanang kang nganggo klambi sêrba abang lan kaos itêm biasané disêbat irêngan. Banténgan ugi diiringi karo macanan. Kostum macanan iki saka kain kang diwénéhi pêwarna utawa biasané kuning bêlang orén, sing dinggo karo wong lanang. Macanan iki biasané mbiyantu banténgan kêsurupan lan nahan yén kêsurupané ganas. Ornamén kang ana ing banténgan yaiku: 1. Tanduk (banténg, sapi, kêbo). 2. Sirah banténg kang asale saka kayu (waru, dadap, miri, nangka, kembang, loh). 3. Mahkutha banténgan, kaya sulur wayangan saka bahan kulit utawa kertas. 4. Klontong (piranti bunyi ing leher). 5. Kranjang pênjalin, dadi awak (ing daérah tartamtu migunaake kain itêm kanggo nyambung sirah lan siki mburi). 6. Gongséng sikil. 7. Kéluhan (tali kêndali) Ing saben pêrtunjukan utawa dipunsêbat “gêbyak”, banténgan iku didukung pêrangkat yaiku: 1. 2 wong pêndhékar ngêndhali sirah banténgan ngginakaké tali tampar. 2. Pamaén Jidor, gamêlan, pangrawit, lan sindén. Minimal 1 wong padha sabên posisi. 3. Sêsêpuh, wong sing sêpuh. Duwéni kaluwihan kanggo jêluk lêluhur banténg. 4. (Dhayangan) lan balékaké ing papan asalé. 5. Pamong lan pêndékar kang gêjêngi kêndali kêlompok karo nggawa kêndali yaiku pêcut utawa cambuk. 6. Minimal ana 2 macanan lan 1 monyetan dadi pêran pêngganggu banténgan.