Serat Ambiya iku sawijining serat basa Jawa kang digawé ing jaman Surakarta Kawitan kang ngemu crita-crita lelakoning para nabi Islam. Sanajan kasengguh karipta ing jaman Surakarta Kawitan, crita ing jeroning serat iki dinuga lumebu ing Tanah Jawa luwih dhisik, sadurungé jaman Kartasura. Crita ing serat iki dinuga lumebu ing Tanah Jawa bareng karo crita-crita Arab liyané.

Serat Ambiya mbuka kanthi nyritakaké Gusti Allah nitahaké donya. Kang dadi dhisikan iku cahya banjur kenthel dadi sesotya banjur dadi banyu banjur dadi umpluk. Umpluk mau kang dadi langit cacah pitu lan bumi cacah pitu.

Crita sabanjuré iku bab panitahing Nabi Adam lan Ibu Kawa. Leloroné digodha iblis kang njalari leloroné mudhun ing donya. Leloroné banjur anak-anak kang saben saweton dhampit. Nalika anak-anaké wis padha diwasa, Nabi Adam duwé kekarepan yèn kang ala éntuk kang becik, nanging Ibu Kawa duwé kekarepan yèn kang ala éntuk kang ala lan kang becik éntuk kang becik. Bab iku njalari Nabi Adam lan Ibu Kawa dredah kang njalari Nabi Sis lair tanpa ibu. Anaking Nabi Adam kang becik temen éntuk kang ala, nanging ana kang becik éntuk padha becik minggat menyang nagara Cina banjur nyembah brahala.

Banjuré crita bab lelakoning Habil lan Kabil rebutan bojo ayu, nganti kadadèn Habil dipatèni Kabil. Kabil banjur kena durakaning Pangéran, kajepit ing lemah terus ambles lumebu naraka.

Banjuré crita bab Nabi Adam diréwangi Malaékat Jabarail sinau nyambut gawé nggawé prabot, diwènèhi sawarnaning wiji panganan. Nabi Sis kang ora duwé gandhèngan diwènèhi jodho widadari aran Dèwi Mulat. Sasurudé Nabi Adam, Nabi Sis kang nggantèni minangka kalipatullah.