Serat Séwaka

(Kaelih saka Serat Sewaka)

Serat Séwaka punika isi piwulang dhumateng tiyang ingkang ngèngèr. Yen kapethik wiwitanipun kemawon sampun saged cetha dhateng kanjengipun piwulang wau. Wiwitanipun makaten :

Layang séwaka manira ngawi, jalma-paksa-kawayangbuwana, sakala duk pangapuse, tépa palupinipun, rehning sumawita bupati, ajwa manah halimpangén, ing warah lan wuruk, ing purwa madya wusana, ajwa lali ing tata kalawan titi, takona titirona.

Satyane kang antuk sihing gusti, angawula sédyakéna tapa, gusti petén barèkate … makaten salajengipun.

Serat punika mawi angka taun warni sengkalan: Jalma – paksaka – wayang – buwana = 1621 utawi 1699 taun Masèhi; inggih punika jamanipun Sinuwun Mangkurat, ingkang raka Sinuwun Pakubuwana I (Pangeran Pugér). Basanipun serat punika sampun mawi basa Jawi jaman samangké, kajawi tembung satunggal kalih, ingkang ing samangké sampun boten kanggé ing teges punika. Kados ta satya ing ngriki tegesipun: sumpah; luwang = kang wisklakon = adat. Creban, basanipun serat Séwaka punika sae, dlodor-dlodor, cetha, boten kathah cengkok. Punika pethikanipun sawatawis.[1]


Rujukan

besut
  1. Poerbatjaraka, - (1954). Kapustakan Djawi. Jakarta: Djambatan. kc. 107. ISBN -. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)CS1 maint: numeric names: authors list (link)