Sistem Distrik, ya iku minangka sistem pemilu kang tuwa dhéwé lan dhedhasar kesatuan géografis, kesatuan gegografis duwé siji wakil ing parlemen. Sistem dhistrik asring dianggo ing sajeroning nagara kang duwé sistem dwi parté, kaya Inggris sarta bekas jajahané (India lan Malaysia) lan Amérika. Nanging, sistem dhistrik uga bisa dilakokaké ing sawijiné satunggal nagara kang nganut sistem multiparté, kaya ing Malaysia. Sistem Distrik alamiah nyurung parté-parté kanggo koalisi.[1]

Untungé Sistem Distrik besut

  • Amarga ciliké dhistrik, mula wakil kang kapilih bisa dikenal déning warga, gayutané kanthi penduduk dhistrik luwih raket. Wakil mau luwih condhong kanggo merjuangaké kepentingan dhistrik. Wakil iku luwih independen tumrap parténé amarga rakyat luwih bisa milih wakil mau amarga faktor integritas pribadi wakilé. Nanging wakil mau tetep kaiket karo parténé, kaya kanggo kampanye lan liya - liyané.
  • Sistem iki luwih condhong ing arah koalisi parté - parté amarga kursi kang direbutké ing siji laladan. Mula ndorong parté ngutamakaké kerjasama tinimbang perbedaan, sak ora - orané arep pemilu, lumantar stembus record.
  • Fragmentasi parté utawa kecenderungan kanggo minangka parté anyar bisa kabendhung, malah bisa nglakoni penyederhanaan parté kanthi alamiah tanpa dipeksa. Ing Inggris lan Amérikah Sarékat sistem iki nunjang bertahané sistem dwiparté.
  • Luwih gampang kanggo parté kanggo mencapai kalungguhan mayoritas ing parlemen, ora perlu dianakaké koalisi parté liya, mula bisa njurung stabilitas nasional.
  • Sistem iki luwih sedherhana sarta gampang kanggo dilakoni.

Kelemahan Sistem Distrik besut

  • Kurang merhatékaké anané parté - parté cilik lan golongan minoritas, yèn golongan iku mlencar ing dhistrik liyané.
  • Kurang representatif, parté kang kalah ing sawijiné dhistrik kélangan suara kang njurung.
  • Ana kecendherungan wakilé luwih mentingaké laladan laladan pamilihané tinimbang kepentingan nasional.
  • Lumrahé kurang èfèktif kanggo masarakat heterogèn.

Cathetan sikil besut

  1. Budiyanto, Pendidikan Kewarganagaraan kanggo SMA Kelas XI, 2007, Erlangga, kaca 55. Pemilihan Umum sebagai Sarana Dhémokrasi