Situs Majau
Petilasan Majau kacathet mawa Nomer Inventaris BPCB Banten: 005.01.02.01.94. Petilasan iki mapan ing Desa Majau, Kecamatan Saketi, Kabupaten Pandeglang, Provinsi Banten, penere ing koordhinat 06o25’31,4” Lintang Kidul lan 105o58’19,0” Bujur Wetan. Petilasan iki mapan ing pasarean kang kanggo wong saka samubarang latar wuri, kakupeng pekarangan ing iring kidul, kulon lan wetan, déné ing iring lo rana Kali Cimajau. Masyarakat sakiwa tengen nyebut papan iki mawa sebutan Pasarean Wingit Ki Buyut Dalem. Warga masyarakat ngandel menawa Ki Buyut Dalem iku kang nyebar agama Islam ing tlatah Pandeglang lan sakiwa tengene. Ing petilasan iki ana menhir kang kakupeng watu ‘temu gelang’ lan pasarean cacah papat. Pasarean kuna sing telu mapan ing sacedhake menhir kakupeng oyod wit cepaka kang tuwuh dhuwur nyundhul langit ing kono. Durung ana sing bisa mesthekake sapa pawongan kang disarekake kanthi pratandha maejan-maejan iku.
Pasarean loro sing mapan ing kulone menhir dumadi saka kijing arupa tumpukan bolder pasagi. Maejan mapan ing iring utara ing sandhuwure kijing, wujud pasagi dumadi saka watu wedhi. Kelir sunggingan ing maejan loro iku memper siji lan sjine. Wiwit saka iring ngisor maejan kang rupa pasagi nglegena tanpa sunggingan, banjur ing ndhuwure ana tatahan kang misahke segi ngisor lan segi ndhuwur. Segi ndhuwur kawiwitan saka ngisor mawa ukiran garis-garis, banjur ing ndhuwure ana kelir tumpal maju telu kang kaapit slaga. Ing perangan njero tumpal ana kelir garis corak geometris lan bunderan kang ora cetha maneh merga wis luntur lan saperangan katutup lumut. Sakeh sunggingan iki ana ing segi lor lan segi kidul. Dene ing segi kulon lan segi wetan wiwit saka ngisor ana ukiran garis-garis geometris lan ing ndhuwure ana slaga uga sulur. Pucuk ndhuwur maejan kaukir mawa kelir ombak banyu. Dene siji maejan kuna sing mapan ing cedhak menhir ora kinanthi kelir sunggingan ing praene.
Pasareane Ki Buyut Dalem mapan ing sawetane menhir, rada adoh saka kijing telu liyane. Pasarean iki dumadi saka kijing arupa punthukan lemah kang tinutup dening tatanan watu lan maejan. Pasarean Ki Buyut Dalem ambane 200 sentimeter ping 90 sentimeter. Maejan awujud pasagi, dhuwure 40 sentimeter, ambane iring ndhuwur 28 sentimeter, ambane iring ngisor 17 sentimeter, tanpa kelir sunggingan ing rai maejan. Pasarean kakupeng pager lan dikanthi cungkup ing siring wetan pasarean.
Menhir ing petilasan Majau ambane 60 sentimeter mawa dhuwur 90 sentimeter, dikupengi bolder watu kang ing tetembungan prasejarah kasebut mawa tembung ‘watu temu gelang’. Masyarakat sakiwa tengen kono nyebut menhir iki minangka Ki Buyut Sepotong.
Tinilik saka anane menhir kang kakupeng watu temu gelang, kabukti menawa ing jaman prasejarah laladan iki dadi papan wingit kanggo para pandhereke Ki Buyut Dalem. Ora eram yen ing tembe mburi papan iki dadi papan pasareane priyayi-priyayi kang pinunjul lan luhur. Menhir dadi tinggalan tradhisi megalitik kang akeh tinemu ing laladan Nusantara. Menhir utawa watu jejeg, miturut arkeolog (ahli sujarah) Haris Sukendar, racake nduweni piguna telu yaiku watu jejeg kang piguna ing upacara nyarekke sing mati, upacara pepudyan sembahyangan, lan watu jejeg kan ora nganthi piguna karohanen. Pigunane menhir, minangka pratandha anane upacara nyarekke sing nilar bisa tinemu ing pirang-pirang laladan. Haris Sukendar ujar racake menhir dienggo ing wektu kang suwe, dadi ora nggumunake yen ana owah-owahan ana ing wujud menhir lan pigunane. Menhir dadi tinggalan tradhisi megalitik kang akeh tinemu ing sakeh petilasan lan sakeh jaman sawise jaman Neolitik. Tradhisi iki isih ngrembaka nganti jaman Hindhu, Islam, malah nganti jaman saiki. Kahanan iki kerep sinebut mawa tembung sinambunge kabudayan.
Para leluhure awake dhewe nyawang pasarean ora mligi punthukan lemah lan papan ngubur priyayi kang wis nilar donya. Masyarakat kerep nyebut pesarean kuna Islam minangka pasarean wingit. Bab iki amarga lumrahe sing disarekke ing kono priyayi-priyayi agung, klebu para panyebar agama Islam (lumrahe sinebut wali), utawa panguwasa lan pengarepe agama Islam ing salah sijine jaman (sultan, raja, imam, lan pengarep liyane) kang dianggep suci lan kinurmatan.[1]
Rujukan
besut- ↑ Database Cagar Budaya Di Banten. Banten: BPCB Banten. 2019. kc. 14–18.