Srah-srahan yaiku salah siji adicara utawa adat ing adicara manténan[1]. Adicara srah-srahan yaiku tatacara kanggo masrahaké ubarampéné wong kang lagi mantu. Ubarampéné utamané wujud béya lan bandha. Ananging srah-srahan iki uga ana sing wis digawa nalika asok tukon, mula cak-cakané uga wis luwes.

Saliyané iku uga ana sing ngarani yèn srah-srahan iku adicara kanggo masrahaké barang-barang saka kulawarga calon temantèn kakung marang calon temantèn putri lan kulawargané minangka hadhiah utawa bebana sadurungé upacara panggih. Adat iki sejatiné ora kudu ana ing adicara manténan, ananging minangka nepa palupi utawa ngestantunaké adat budaya kang wis lumaku suwi lan dianggep apik déning masarakat. Adicara iki minangka acara tambahan sajroning adicara mantu, uga asring digandhèngaké karo barang-barang sing ana gandhèng-cènèngé karo mantènan kaya ta paningset lan asok tukon. Sanajan ora kudu ana, ananging srah-srahan iki dadi adicara kang kawentar lan umum sajroning adicara mantènan[2].

Srah-srahan iku uga duwé ancas kanggo ngènthèng-ngènthèngi sanggané kulawarga mantèn putri supaya ora kabotan anggoné nyiyagakaké apa kang dibutuhaké nalika mantu[3].  Mula saka iku uga ana sing ngarani yèn srah-srahan iku diarani sanggan kang asale saka tembung sangga . Barang sing digawa nalika srah-srahan iki wujudé ora mung barang-barang mentah, ananging uga dikanthèni panganan kang wis mateng. Adaté ing wilayah Ngayogyakarta, bareng karo srah-srahan iki calon mantèn kakung uga kudu langsung diteraké pisan. Mula saka kuwi, saliyané pasrah barang-barang uga masrahaké calon mantèn kakung saperlu nyantri lan didhaupaké ing wektu mirunggan.

Ubarampé

besut

Ubarampé sing kudu disiyagakaké dèning kulawarga calon mantèn kakung yaiku:

·        Dhuwit

·        Pisang ayu setangkep (gedhang raja)

·        Suruh ayu (diwadhawi bokor, banjur dilurubi sindur)

·        Beras sakadaré

·        Klapa sejodho

·        Gula Jawa setangkep

·        Bumbon

·        Lan liya-liyané

Barang-barang iku mau diwadhahi jodhang lan dipikul wong loro. Déné panganan mateng sing kanggo nganthi, digéndhong salah sijiné pengombyong srah-srahan. Kala-kala uga ana sing dikanthéni:

·        Kebo sarakit (dikalungi sléndhang, ananging saiki wis arang banget tibané)

·        Banyak

·        Pitik sajodho (kala-kala isih klakon)

·        Piranti kanggo wong masak utawa omah-omah (kaya ta dandang, cèrèt, kendhil, munthu, jobak, lan liya-liyané)

Bab piranti iki asring dipasrahaké besuk yen wis arep omah-omah dhéwé utawa boyongan. Semono uga babagan bibit-bibit, kaya ta térong, pari jatha, wit lombok, kabèh sarakit uga yèn temantèn kakung lan putri wis boyongan.

Saliyané ubarampé kaya kang kasebut ing dhuwur, ana uga sing ngarani yen barang-barang kanggo srah-srahan kadhapuk saka:

  • Pisang ayu (gedhang raja) lan suruh ayu (godhong sirih) minangka lambang pangarep-ngarep sedya rahayu
  • Jeruk gulung lambang kekarepan kang temen,
  • Cengkir gadhing lambang kencenging pikir
  • Tebu wulung lambang anteping kalbu
  • Kain bathik sing nggambaraké gegayuhan kang luhur kaya ta sida mukti (urip kang mulya), sida mulya (tansah kinurmatan), lan kain truntum
  • Setagèn minangka lambang sandhang
  • Pari saiket minangka lambang pangan.

Kabèh iku minangka parlambang lan pangajab supaya apa kang dadi gegayuhan marang Gusti Kang Maha Kuwaos tansah kagayuh[4]

Cak-cakané Srah-srahan

besut

           Adicara iki diwiwiti saka wong tuwané utawa kulawargané calon mantèn kakung ngutus rombongan menyang kulawargané bésan utawa calon mantèn putri. Sawisé para rombongan rawuh banjur diwiwiti déning pranatacara. Urutané adicara srah-srahan yaiku:

1)      Pambuka

2)      Atur pasrah saking mantèn kakung

3)      Atur panampi saking wakil putri, ngiras pambagya

4)      Pasugatan

5)      Pamitan

6)      Panutup.

Sawisé adicara rampung, biyasané ana pangombyong sing kèri ing kono saperlu kanggo ngancani calon mantèn kakung anggoné nyantri lan uga ngayahi tatacara adat liyané. Béda manèh yèn omahé adoh, bisa waé kabèh para pangombyong kuwi mondhok ing kono sawatara wektu. Sanajan bab kuwi gawé répote kulawarga putri, gandhèng amarga kahanan kabèh kuwi mau ngono wis dianggep maklum lan bisa ditampa déning kulawarga putri.

Rujukan

besut
  1. Endraswara, Suwardi (2009). Mutiara Wicara Jawa: Pandom Pranatacara lan Pamedharsabda. Yogyakarta: UGM Press. kc. 23–24. ISBN 979-420-455-2.
  2. Pringgawidagda, Suwarna (2006). Tata Upacara dan Wicara : Pengantin Gaya Yogyakarta. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. kc. 47. ISBN 979-21-1060-7.
  3. Sulaksono, Djoko (2016). Seputar Budaya Jawa. Solo: CakraBooks Solo. kc. 110. ISBN 978-979-3456-53-9.
  4. Aziz, Safrudin (2017-05-02). "Tradisi Adat Keraton Membentuk Keluarga Sakinah". Ibda' Jurnal Kebudayaan Islam. Vol 15 (1): 22–41. Diarsip saka sing asli ing 2019-05-14. Dibukak ing 2019-05-14. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)