Srimpi Téja menika salah satunggaling jejogedan kang ngrembaka ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Joged menika yasan dalem Sultan Hamengku Buwana VIII (1921-1939) nalika jumeneng nata. Joged menika salah satunggaling joged kang sakral ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Sajarah

besut

Srimpi Téja menika wonten nalika Sultan Hamengku Buwono VIII jumeneng nata, nanging srimpi menika saget dados rembakanipun sakin Srimpi Putri Cina kang diripta nalika Sultan Hamengku Buwono VI jumeneng nata.[1] Srimpi Teja menika wonten enggalan ing seni lan budhaya, kususipun ing karawitan lan jogedan. Mula mboten gumun menawi Srimpi Téja menika dumugi sakmenika taksih saé. Srimpi Téja menika digelar dening 4 setri kang dados Dewi Renggawati lan Dewi Widaninggar uga 4 setri kang dados dhuduk.

Tembung srimpi menika asring klentu dimangerteni dados joged kang digelar dening sekawan setri. Nanging sajatosipun srimpi menika gadhah arti "sekawan" kados dene pandhawa kang gadhahi arti gangsal. Srimpi menika joged wanita Kraton kang lumrahipun digelar dening sekawan setri.[2] Joged menika biasanipun dados gambaran perang antaranipun prajurit setri. Sekawan setri menika sajatosipun dados pasangan, artosipun 2 setri dados lakon kaping pisanan, lan 2 setri liyanipun dados lakon kaping pindho. Ceritanipun joged menika kathah dados gambarang perang (menak) lan Mahabarata.[3] Nanging mboten mesthi srimpi menika digelar migunakaken sekawan setri. Nalika Sultan Hamengku Buwana V jumeneng nata, srimpi dibetakaken dening 5 setri. Cariyos ing Srimpi menika ugi mboten bab perang. Srimpi menika inggih menika Srimpi Renggawati. Srimpi menika nyariyosaken bab Raja Anglingdarma kang malih dados peksi kunthul madosi Dewi Setyawati kang sampun dados Dewi Renggawati.

Tembung Téja menika artosipun wahyu utawi pitedah. Tembung menika dados sumber pikiran dening Hamengku Buwana VIII kang dados Ratu supados niti laku madosi "wahyu" kagem masyarakat inggih menika kewarasan, kesarasan, keslametan, lan makmur. Téja menika artosipun pitedah kang dados pratanda menawi ajeng kalakon prastawa. Prastawa menika inggih menika perang Puteri Jawa lan Puteri Cina.[4]

Srimpi Téja menika nyariyosaken bab perang tandhing antawisipun Putri Jawi lan Putri Cina. Salah satunggalipun dados Putri Jawi (Dewi Renggawati) lan Putri Cina ( Dewi Widaninggar). Dewi Rengganis saking Argapura perang lawan Dewi Widaninggar saking Nagari Tartaripura. Dewi Widaninggar mbales pejah sedherekipun inggih menika Dewi Adaninggar. Obahing jogedan uga benten antawisipun Putri Jawi lan Putri Cina, salah satunggalipun menawi grudha nanging obahipun asta tengen tawing.[5]

Cathetan Srimpi Téja ménika dimomot wonten ing Pratelan Beksa Srimpi Rengganis mengsah Dewi Widaninggar, Serat Kagungan Dalem Bedhaya Srimpi kang kodenipun BS 10 lan Serat Pasindhenan Bedhaya utawi Srimpi kodenipun BS 14. Cathetan-cathetan kasebat momot sindhenan lan kandha utawi carita. Sakmenika cathetan kasebat wonten ing Kapustakan KHP Kridhawardana Kraton Ngayogyakarta.[6]

Srimpi Téja dipagelaraken nalika Sultan Hamengku Buwono VIII Tedhak Loji ing Griya Gubernur Ngayogyakarta utawi Gedhung Agung. Srimpi Téja uga dipagelaraken ing taun 1954 lan didandhosi taun 1985 sarta taun 2011 didamel cekak. Ing 15 Agustus 2019, Srimpi Téja kacathet ing pusaka budaya dudu barang kaliyan Nayaka Pawiyatan lan Kabudayan Republik Indonésia.[7]

Srimpi Téja gadhah ajaran luhur menawi budaya kang béntén menika dipun kurmati. Mboten wonten kang menang utawi kalah, kekalihipun namung milih guyub rukun. Saking joged menika Kraton Ngayogyakarta nyuwun dhumateng masyarakat supados saget wicaksana.

Tata cara

besut

Kados srimpi umumipun, Srimpi Téja menika nyuplik saking tembung gendhing pokokipun, Gendhing Téja Laras Slendro Pathet Manyura. Urut-urutan gedhing menika Lagon Slendra Pathet Manyura, Gendhing Lipursari Laras Slendro Pathet Manyura, Ayak-ayak Laras Slendro Pathet Mayura, Lagon Laras Slendro Pathet Manyura, Gendhing Gonjangseret Laras Slendro Pathet Manyura. Kang dados pambeda ing Srimpi Téja tinimbang srimpi liyanipun inggih menika ladrang kang dados iringan ing Srimpi Téja lan srimpi liyanipun migunakaken gendhing wetah. Srimpi Téja menika ugi migunakaken kempul kang mboten digunakaken ing srimpi liyanipun.[8]

Srimpi Téja digelar migunakaken urutan obah sembahan, pucang kanginan, nggrudha, ngenceng encot, ngendherek, ngusap suryan, kicat erek alihan nyangkol udhet, ngundhuh sekar, ulap-ulap nyathok udet, sojah, lampah sekar, lan kicat tawing. Joged menika miturut iringan gendhing. Srimpi Tèja ugi nggadhahi obah joged kang mboten wonten ing Srimpi liyanipun, inggih menika sojah putri Cina lan tamping njiwit sampur. Obah Sonjah menika namung obah kang dilakoni dening Dewi Widaninggar (Putri Cina) inggih menika ngangkat asta kados dene kang wonten ing sembahyang. Tawing Jimpit Sampur inggih menika obah kang diwiwiti ngangkat asta tawing tengen, banjur nalika obah kicat erek alihan nyangkol udhet , nyangkol udhetipun digantos tawing njimpit sampur.[9]

Busana lan Dandanan

besut

Wonten tiga jenis tata busana lan dandanan ing Srimpi Téja inggih menika Dewi Rengganis, Dewi Widaninggar (putri Cina), lan dhudhuk kados ing ngandhap.

  1. Dewi Rengganis migunakaken kain corak parang gurdha lan rompi beludru kanthi sulam bordir emas. Ing sirah migunakaken jamang saking wulu peksi kasuari, sumpin ron, subang, cundhuk mentul, jungkat, lan saggul gelung sinyong kang diwenehi ceplok jebehan lan pelik. Igu migunakaken sampur cindhe, slepe, kalung sungsun, kelat pundhak, lan keris. Dandanan Dewi Rengganis inggih menika riasan tempel godheg.
  2. Dewi Widaninggar (Putri Cina) migunakaken busana kain corak cindhé, klambi lengen dawa krah jejeg, sampur cindhé, makutha pupul arupa kain kang disulam lan diwenehi manik-manik, cundhuk mentul, lan sanggul. Uga migunakaken slempang, rimong, gelang, subang, gelang suku, cincin, cundrik, slepe, lan klat pundhak. Dandanan pasuryan didamel ayu kanthi kandhel ing mata supados sipit.
  3. Dhuduk migunakaken kain corak parang, busana bludiran tanpa lengen, sampur gendala giri, slepe, gelang, kalung sungsun, cincin, lan kelat pundhak. Ing sirah migunakake sanggul gelung rejo kanthi tambahan godhong pandan, cundhuk mentul, jungkat, ceplok, subang, lan sumping ron. Dandanan pasuryan menika didamel kandos manten.[10]

Rujukan

besut
  1. ditwdb (2019-10-30). "Srimpi Teja, Lahir pada jaman Sri Sultan Hamengku Buwana VIII". Indonesiana Platform Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-21. Dibukak ing 2023-02-21.
  2. Welianto, Ari (2021-02-11). "Tari Serimpi, Tarian Klasik Yogyakarta". Kompas.com. Dibukak ing 2023-02-21.
  3. Welianto, Ari (2021-02-11). "Tari Serimpi, Tarian Klasik Yogyakarta". Kompas.com. Dibukak ing 2023-02-21.
  4. ditwdb (2019-10-30). "Srimpi Teja, Lahir pada jaman Sri Sultan Hamengku Buwana VIII". Indonesiana Platform Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-21. Dibukak ing 2023-02-21.
  5. ditwdb (2019-10-30). "Srimpi Teja, Lahir pada jaman Sri Sultan Hamengku Buwana VIII". Indonesiana Platform Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-21. Dibukak ing 2023-02-21.
  6. "Srimpi Teja". Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. 2020-01-10. Dibukak ing 2023-02-21.
  7. "Srimpi Teja". Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. 2020-01-10. Dibukak ing 2023-02-21.
  8. "Srimpi Teja". Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. 2020-01-10. Dibukak ing 2023-02-21.
  9. ditwdb (2019-10-30). "Srimpi Teja, Lahir pada jaman Sri Sultan Hamengku Buwana VIII". Indonesiana Platform Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-21. Dibukak ing 2023-02-21.
  10. "Srimpi Teja". Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. 2020-01-10. Dibukak ing 2023-02-21.