Studi Banding, miturut Riski Lilah[1] punika sejatosipun salah stunggaling adicara ingkang dipun lampahaken kanthi ancas nambah wawaasan saha pangertosan ingkang badhé dipuncakaken supados sakngajengipun saged saé. Menawi kalampahaken saéstu, adicara kados punika temtunipun saé sanget kagem ngrembakanipun kebetahan ingkang dipunkajengaken. STUBA punika inggih salah satunggaling konsèp gladhèn ingkang dipunlampahaken wonten ing papan lan panggenan ingkang beda ingkang limrah dipunlampahaken, kagem ningkataken mutu, ndandosi sistem, nemtokaken kebijakan énggal, ndandosi paugeran, lan sapanunggalanipun.

Idealipun, adicara STUBA dipun lampahaken dening lembaga kagem sowan lan kepanggih objek tartemtu ingkang sampun dipun samektaaken lan kalampahan wonten wekdal ngkang relatif cekak. Wosipun inggih kagem mbandingaken kahanan objek studi wonten ing papan sanès kaliyan kahanan wonten papanipun piyambak. Kasilipun awujud ngempalaken data lan informasi minangka bahan acuan wonten perumusan konsep inkang dipun kajengaken

Miturut observasi, gagasan Jurusan PBD 2016 punika ngawontenaken STUBA inggih amargi STUBA punika sampun saben tahun dipun adani. Mahasiswa angkatan 2016 lajeng damel pirembakan kagem stuba menapa mboteen. Amargi pirembakan punika stuck lan mboten wonten wonten ukara ”sarujuk”, lajeng para mahaiswa ngadani voting kanti sarana WhatsApp. asilipun inggih punika 70% mahasiswa mboten sarujuk. Nanging wonten proses negosiasi lan lobi ingkang njlimet lan meh ndamel para mahasiswa crah antawisipun mahasiswa. Ketok palune stuba punika kalaksanan.

Menawi dipun petani, saking proses meenika wontn saperangan ingkang ganjil. Mahasiswa kedah pirembakan rumiyin nemtokaken stuba. Idealipun kurikulum jurussan menka sampun dipun rancang, menapa ingkang kedah dipun tindakkaken mahasiswa gayut kalan matakuliah menka. Matakuliahipun ugi kedah jelas, pundi ingkang kuliah lapangan pundi ingkang mboten. wonten kasus stuba menka matakuliah ingkang gayut kaliyan STUBA inggih punika kuliah jurnalistik. Wonten praktekipun kedahipun matakulliah jurnalistik punika sampun ngancang meapa ingkang dipun betahaken (Kurikulum) kalebet badhe stuba menapa mboten. Ananging praktekipun, malah wonten keputusan STUBA rumiyin nembe matakuliah jurnalistik ingkang menyesuaikan. Tegesipun wonten nalar pikir ingkang kuwalik.

Miturut Zaenal Arifin[2] wonten buku Pengembangaan Kurikulum: Teori dan Praktik kurikulum inggih punika “Selaku lembaga pendidikan, setiap sekolah mempunyai sejumlah tujuan yang ingin dicapainya (tujuan lembaga pendidikan atau tujuan institusional). Komponen tujuan berhubungan dengan arah atau hasil yang diharapkan. Dalam skala makro rumusan tujuan kurikulum erat kaitannya dengan filsafat atau sistem nilai yang dianut suatu bangsa. Bahkan rumusan suatu tujuan menggambarkan suatu masyarakat yang dicita-citakan.” Dados pola piker ingkang kuwalik punika mbebayani kagem output saking matakuliah punika.

Saksanesipun punika, matakuliah jurnalistik punika luwes anggenipun praktek. saget dipun lampahaken wonten pundi kemawon, amargi saben papan anggadhai informasi. matakuliah jurnalistik ugi sanès kuliah lapangan. lan mboten wonten anggaran kagem STUBA. Satemah STUBA punika mboten gadhah leglitas ingkang kuat menawi dipun gayutaken kaliyan matakuliah Jurnalistik.

Konten acara ingkang dipun rancang wonten STUBA ugi langkung kathah ingkang plesiran katimbang studynipun. Saking tigang dinten wonten Bali. namung wonten IKIP PGRI BALI kemawon ingkang trep. Ssasansipun ingkang wonten Desa Panglipuran, Musium Perjuangan Rakyat Bali, Dream Land, Pasar Sukawati lan sanès sanesipun punika miturut kula namung plesiran.

Menawi dipun pirsani saking ancas ingkang dipun andharaken wonteng nginggil, sakderng STUBA kedah dipun samektakken tinjauan evaluasi internal, babakan menapa kemawon ingkang badhe dipun dipun rembak lan dipun dandosi. salajengipun dipun damel draft list acara ingkang trep kaliyan kabetahanipun. Lajeng ingkang langkung betah punika kadosipun sanès mahasiswa,

Menawi ingkang dipun bandingaken punika kebudayaan, kula mboten mangertos kedah menapa kula pnjenengan kedah tebih-tebih namung kagam bandingaken  budaya ingkang cetha mboten saget dipun lampahaken wonten lembaganipun kula panjenengn? Mboten wonten follow-up[3] menapa-menapa saking ingkang sanpun dipun bandingaken.

Rujukan

besut
  1. ST, WWW MCSCV COM | Wiwit Prasetyo. "Pengertian definisi studi banding". Dibukak ing 2019-01-14.
  2. BAHARUN, HASAN (2017). PENGEMBANGAN KURIKULUM TEORI DAN PRAKTIK. Jl. KH. Zaini Munim PP Nurul Jadid Karanganyar Paiton Probolinggo 67291: PUSTAKA NURJA. kc. 5. ISBN 978-602-61794-0-1.{{cite book}}: CS1 maint: location (link)
  3. "Berikut Adalah Arti Follow Up Dan Cara Melakukannya". Diarsip saka sing asli ing 2019-01-01.