Suréalisme ya iku obahan kabudayan kang muncul ing awal taun 1920an, lan kondhang amarga karya visualé lan tulisané. Panujuné ya iku "misahaké kaanan berlawanan ing pangimpèn lan kakékat". Seniman-seniman nglukis gambar-gambar éndah kang ora logis nanging kerjik, nggawé makluk-makluk kang aéng saka objek-objek padinan lan ngembangaké teknik nglukis kang ngejaraké kantaka bèn mahyakaké awaké dhéwé.[1]

Karya-karya Suréalis nduwé èlemèn kang nggumunaké, penjajaran kang ora kanyana-nyana lan non sequitur; nanging, akèh seniman-seniman lan penulis-penulis Suréalis kang nganggep karyané wirasa saka obahan filosofis kang paling utama, karo karya-karyané didadikaké artefak. Pemimpin kajeneng André Breton ngrèntèsaké yèn Suréalisme iku obahan kang révolusionèr.

Suréalisme akèh-akéhé thukul saka kagiyatané Dada salawasé Perang Donya I lan panggon kang paling gati saka obahan kuwi ya iku Paris. Awit 1920an, obahan iku nyebar kanthi global, suwé-suwé numusi seni rupa, sastra, filem, lan musik saka nagara-nagara lan basa-basa liya, uga pianggep lan praktèk pulitik, filsafat, lan téyori sosial.

RujukanBesut

  1. ..., contributors Rachel Barnes (2001). The 20th-Century art book. (ed. Reprinted.). London: Phaidon Press. ISBN 0714835420.