Syekh Siti Jénar

Syekh Siti Jénar iku ulama kang nyebarake agama Islam ing tanah jawa. Arti Siti Jénar ya iku lemah kuning utawa kekuwatan api. Nanginng jeneng laire Siti Jénar ya iku Abdul Jalil. sepucuk carita Siti Jénar kan wus kabubuh ing Serat Centhini Tembang 18 kang ditrejemahke saka basa Prancis déning Elizabeth D. Inandiak kanthi bukune sek judhul Centhini Kekasih Yang Tersembunyi. Bilih Dicaritake Siti Jénar nglakoni kesalahan, banjur bapake Murko, trus nguthuk dadi cacing ing gumpalan lemah lan diguak ing dhanau. Nalika Siti Jénar urip dadi cacing ing dhanau, ana sunan Bonang kang ngewenehi cramah agama marang sunan Kalijaga. Ana ing tengah dhanau, prahu Sunan Bonang bocor, banjur nepi ing pinggir dhanau janggo njupuk segumpal lemah, saéngga lemah iku digawé nembel kapal sek bocor. Ana ing kapal iku Sunan Bonang ngawérui marang Sunan Kalijaga babagan agama. Sunan Bonang ngerasa ana makluk liya, banjur gumpalan lemah kui disigar, jebule ana cacinge. Seko carita Siti Jénar kang rupa cacing ubah ujud dadi manungsa lan murid Sunan Bonang. Nanging Siti Jénar ora sautuhe diakoni dadi muride Sunan Bonang, amarga sunan Bonang kelingan karo asalé Siti Jénar kang wujud cacing, ya iku kéwan kang dadi pemangsa daging manungsa nalika manungsa wus mati ana ing lemah kuburan. ana ing Carita yèn Cacing iku bersuluk dunya iku hajatan, para tamu tak pangan, samodra ana batese, ngelihku ora ana tepine, lan jurang jéro, iku aku (cacing)

Ref// :Elizabeth, D. Inandiak. 2004. Centhini Kekasih Ynag Tersembunyi. Yogyakarta: Babad Alas.