Tablet resula marang Ea-nāṣir

tablet lempung jaman Babilonia kuna kang lan dianggep minangka resula katulis paling lawas

Tablet resula marang Ea-nāṣir (UET V 81)[1][2] yaiku tablet lempung kang tinulis rikala taun 1750 SM lan kinirim marang wong Ur kuna. Tablet iki ngamot resulaning kang langganan aran Nanni marang sudagar aran Ea-nasir. Tableté tinulis mawa aksara paku Akkadia lan dianggep minangka resula katulis paling lawas. Sapréné tablet iki sinimpen ing British Museum.[3]

Tablet pesagi dawa saka lempung werna soga kang sawutuhé tinulis mawa aksara paku.
Tablet resula kang kapacak ing British Museum.

Ea-nasir lelana menyang Dilmun saperlu tuku tembaga, banjur tembagané mau didol ing Mésopotamia. Ing wusana tinamtu, dhèwèké ngedol ingot tembaga menyang Nanni. Nanni ngirim abdiné kang nggawa dhuwit kanggo nglunasi pambayarané.[4] Nani nganggep tembaga kang dituku mau kuwalitasé ala (ing isoré standar)[5] lan wegah nampa barangé.

Tanggepané Nanni yaiku nggawé layang resula mawa aksara paku marang Ea-nasir. Ing tablet katulis resulaning Nanni marang Ea-nasir babagan pangiriman tembaga mawa kuwalitas kang salah lan prakara-prakara liya nalika pangiriman.[6] Nanni uga ngresula ngenani solah ala Ea-nasir tumrap abdiné (kang dikongkon mbayar). Nalika nulis layang, Nanni kandha yèn dhèwèké wegah nampa tembagané, ananging kudu mbayar barangé.

Andharan besut

Tablet iki ndarbèni dhuwur 116 milimèter, amba 50 mm, kandel 26 mm, lan tableté rada rusak.[6]

Patemon besut

 
Ilustrasi jero omah Babilonia kuna ing mbruk-mbrukan Ur, kang kamungkinan papan padunungané Ea-nasir.

Tablet iki tinemu lan didarbèni Sir Leonard Woolley kang mangarsani èkspedisi gabungan Universitas Pennsylvania lan British Museum rikala 1922 teka 1934 ing kutha Sumeria Ur.[6][7]

Tablet liya besut

Tablet liya uga tinemu ing mbruk-mbrukan kang pinercaya dadi papan padunungané Ea-nasir. Ing kana ana layang saka wong aran Arbituram kang ngresula yèn dhèwèké durung nampa tembagané, déné sing liya kandha yèn dhèwèké walèh nampa tembaga ala.[8][9]

Rujukan besut

  1. Figulla, H.H.; Martin, W.J., èd. (1953). Letters and Business Documents of the Old Babylonian Period. Ur Excavations: Texts. Vol. V. London, Inggris: British Museum Press. kc. 5, Pl. XIV.
  2. E Frahm. "Commentary on Uncertain (CCP 7.2.u18)". hdl:10079/7wm382r.
  3. Hyken, Shep (23 April 2015). "Oldest customer service complaint discovered: A lesson from ancient Babylon". Forbes. Dibukak ing 7 Fèbruari 2017.
  4. Crawford, Harriet (Juli 2015). "Sir Leonard Woolley and Ur of the Chaldees". The Bible and Interpretation. University of Arizona.
  5. Oppenheim (1967), kc. 82–83.
  6. a b c "tablet". British Museum. object W 1953-0411-71.
  7. "Sir Leonard Woolley". Biography. British Museum. Collections online.
  8. Killgrove, Kristina (11 Mèi 2018). "Meet the worst businessman of the 18th century BCE". Forbes. Dibukak ing 22 Juli 2020.
  9. Leemans (1960), kc. 48–54.

Wacan bacutan besut

Pranala njaba besut